Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang
Keturutan sing di gadang
Biyen nate janji
Ning saiki apa lali…
Ah, tembang kuwi salah, sing bener mana “njur kelingan anak wadon”, kaya dene aku saiki, bantahku ing njero ati. Ewadene uyon-uyon Caping Gunung kuwi mlaku sakdawane tembang, ora mikir atiku kang kroncalan nyoba malik tetembang kuwi.
“Pak, dahar disik tho!” pambengokke bojoku saka pawon.
Kisruhing atiku sanalika mandeg, kelingan yen menawa wektu wis mbrangkang tumuju ing ratri. Ratri kang sejatine dadi tenger tekaning mangsa kabagyan kang wus cumawis, mung gari ngedepi wae. Ratri kang sejatine dadi pratandha tumanceping paku kabudayan luwih jero maneh ing telenging atiku…
Ewadene aku, atiku, ora bisa nyelaki. Kisruh luwih kisruh maneh tinimbang perang kondang kang sesuluk Bharatayudha.
“Paaak…dhahar disik tho!” pambengoke bojoku kaping pindone.
Dosa bakale aku yen tho ora nekani, pikirku. Kanthi ulat sulak peteng aku tumuju pawon. Narik kursi sebanjure mapakke bokong lan nata atiku. Tak coba nguncalke kabeh wewayangan lan pengangen kang kasil ngontran-ontran atiku, nanging wewayangan lan pengangen kuwi mau malah tiba njleber ana ngarep netraku. Saya cetha, ora kasil tak selaki.
“Pak, ana apa tho? Kaya lagi sepisan manggung wae tho pak, kok bingung banget sajakke,” pitakone Sumiati, bojoku, alus.
Iya pancen iki dudu kaping pisane aku manggung karo sewelas yoga liyane, ewadene nembe pisan iki aku ngrasakna ana greget sing seje.
Sabanjure manganku kuwi mung dadi sarana kanggo ngurmati bojoku wae. Ora amerga ora ana rasa, nanging amerga ora isa ngrasakna. Dadi mung saderma mindahke panganan saka piring tumuju ing padaran. Lan Sum sajak ora rena.
“Nek wis rampung dhahare gek ndang ganti klambi Pak, wis jam 7 iki,” kandhane bojoku.
“He eh. Lha jarik e apa wis rampung tho,” pitakonku ganti.
“Lho piye tho? Lha genah wis cumawis ning dhuwur amben kit mau awan ngono kok. Lha pas mlebu kamar mau apa ora priksa tho Pak? Biyuh biyuhh,”
Wanita kang wasis ing sasmita, ya kuwi bojoku, tak sawang kembenan kuciwa. Kawit isuk tumeka ing ratri iki ora ana sawijining tindak-tandukku kang bisa nyranani atine.
"Pak..., aku semono uga. Aku ya kapang karo gendhuk," kandhane karo ndingkluk.
Sajak ora kuwowo, trus dewek e ngedepke gegere marang aku lan mlaku ngadoh. Aku ngerti ana banyu kang tumetes saka netrane. Ah, bejane wong wadon duweni luh, luh kang tumetes isa gawe ati rada lega. Dene wong lanang mung bisa ngendhem ning ati, ewadene yen ora wasis anggone mrenahake isa-isa malah gawe udun semat ing jero dada. Rasane nyogrok senut-senut. Luwih lara maneh ketimbang lara waja.
........
Candrawa sak tampah gedhene cumlorot nyoba madangi wengi. Cahyane ora kasil nandingi srengenge. Nanging cukup kanggo bisa ndeleng semut-semut ireng kang sesingidan ing sela selaning kulit kayu.
Lan uga madangi sak dalan-dalan kang tumuju daleme pak Sukro. Pak Sukro kuwi kalebu punggawa desa, uga sesepuhing desa. Dina iki duwe gawe mantu. Omahe pak Sukro kang biasane rame kuwi saiki samsaya rame. Omah joglo kuwi ora nyukupi nampung mbludake para tamu kang melu mangayubagya. Ana tenda putih loro cacahe kang ngadheg ing ngarep omah, uga janur-janur kuning kang mlengkung njangkepi swasana.
Ewadene ing sisih kiwane omah, ana tenda werna biru kang ngayomi panggung lan gamelan. Netraku nyawang gamelan kuwi tanpa kedhep. Kabeh katon cumlorot amarga anyar. "Kuwi kringete anakmu, tresnane anakmu" kandhaku marang awakku dhewe.
Sanalika aku kaya di uncalake ana sawijining wektu 3 tahun setengah kepungkur, nalikaning Gendhuk pamitan arep budhal menyang PJTKI, penampungan kang bisa nglantarake dheweke tumuju ing negara Cina kang sugih yaiku Hongkong. Ora ana luh kang tumetes saka netrane, uga ora katon gumantung ing pojok netrane. Bedha karo Su, simboke, kang nangis sesenggukan ora karuan suwene. Gendhuk kuwi wanita cilik kang tatag, teteg lan gedhe atine, Srikandhiku. Mangkene kandhane marang aku lan simboke nalika semana: "Pak, Mbok, Gendhuk namung kepingin pados modal, Gendhuk kepingin gesang mandiri mboten gumantung dateng bapak simbok. Menawi tho sampun cekap modal kula, kula mesti wangsul lan ngabekti dhumateng panjenengan kekalih. Lan ugi pak, kula kepingin keturutan ingkang bapak gadhang-gadhang. Mangke tumbas gamelan nggih, kersanipun bapak mboten susah-susah wonten bale dusun ngangge gamelanipun pak lurah. Mangke ngrawit sesarengan kalih kula nggih pak, nggih."
Ah, saiki pancen wes keturutan sing tak gadhang. Nanging rasane durung jangkep manawa tho anak wadon kang tak tresnani ora ana ing kene, ing sakjroning kabagyan iki.
Aku rumangsa keder kang seru, ora mung saka jero atiku nanging uga saka barang cilik ana pangkonku. Handphone kirimane anak wadonku keder makaping-kaping. Ana tulisan "nomer tidak dikenal" ing layar cilik handphone kuwi. Ah, sapa maneh yen dudu saka anak wadonku, pikirku. Tak pencet gambar gagang telpun werna ijo, minangka tandha yen aku sumadiya nrima telpun mau. Aku dadi sumringah, esemku katon, gregeting atiku makantar-kantar. "Anak wadonku telpun," suraking atiku.
“Nduk, wis wayah bengi ngene kok telpun tho, mengko nek konangan ndara-mu piye?” pitakonku rada miris. Wedhi sajroning atiku, yen tho anak wadonku ujug-ujug kepergok dening bendarane.
“Ah mboten kok pak, bos sampun sare sedaya kok.
Pripun pak? Sedaya rak nggih lancar tho?” pitakone Gendhuk sajak kesusu ing wangsulan.
“Iya nduk, alhamdulillah kabeh lancer. Iki lagi arepe di kawiti.”
“Waranggananipun sinten pak?”
“Nyi Suparti saka desa Klapa Duwur.”
“Kok tebih sanget?”
“Lha kan isih kepernah kanca akrabe bapak tho Nduk.”
“Pak…”
“Hemm…”
“Kula bingah sanget. HPnipun bapak pun unekaken ngantos kula tilem nggih pak. Kersanipun kula saget miring suwantenipun gamelan.”
“Mbok aja boros-boros tho Nduk,”
“Alah naming sepindah menika kok Pak.”
“Ya wis, sak karepmu. Lha tapi iki bapak wis arep mulai manjak lho nduk, gak isa ngobrol karo kowe maneh iki.”
“Mboten napa-napa Pak, kula ngertos kok.”
Lan bapa-yoga kang kagubeng rasa bungah kuwi, yaiku aku lan anak wadonku, kapeksa medhot suara. Nanging ati isih raket ngandum rasa bungah ora karuan. Ah, pungkasane anak wadonku ning kene sanadyanna mung suarane, pambengoking atiku.
Tembang mbaka tembang mbayu mili saka suara edi penine Nyi Suparti. Isih ana ing alam pikirku, tak sengguh kaya dene suara edipeni kuwi mau duweke anak wadonku. Gendhuk, anak wadonku, ya pinter nembang, gegadanganing atiku mbesuk mbene bakala dhek e dadi waranggana kang wasis sawerna-wernaning tembang.
Dhek jaman berjuang
Jur kelingan anak wadon
Biyen tak openi ning saiki ana ngendi?
Jarene wis menang
Keturutan sing di gadang
Biyen nate janji ning saiki apa lali….
Ah pungkasane wis ganti…
…………
Jam 9 tet nalikane aku kroncalan mbuang sarungku, ana lampu kelip-kelip ing ndase Handphone-ku, uga keder ping pindo. Tibak e ana sms saka anak wadonku.
Pak kl tilem angler sngt
Kados pun keloni klh
bpk smbk.Dene kl ngimpi
dados waranggana nembang
Uyon2caping gunung.Pak,
Benjang desmbr kl wangsul
kangge selamine. Kl pengin
sesarengan klh bpk smbk
nguri-uri kabudayan jawi.
Pulsa telas,sanes wekdal
kl tlp.Gendhuk.
“Suu….Suu….!” pambengokku seru.
“Anak wadon arepe bali Su, ora sida nambah kontrak. Suu…Suu…anak wadon arep bali Suu……..!!”
----------------------
(Akhirnya........
versi Jawanya ......)