Galau?

huuhuuhuuuu...

Semangaaaaatttt..!

Love your job and be proud.

Iyes!

Bekerja sambil belajar.

Masih galau lagi?

No! No! No! Be happy laahhh...!

Ayo ngeblog!

Masa kalah sama Babu Ngeblog?

Tampilkan postingan dengan label njawani. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label njawani. Tampilkan semua postingan

Punakawan Mbeling: Kabeh Metu

Republik Astina Raya kuwi yen rinasa-rasa kok njelehi. Lha gene wong kabeh pemimpine kok penyakiten. Gek penyakite ki langka tambane. Ya kuwi penyakit sakit hati lan dendam kesumat.

Kaya dene Nagagini (ratu ka-lima) sing cengkerengan karo Pandhu (raja ka-nem). Trus sapa kuwi... anu... Duryudhana sing mungsuhan karo Nagagini lan Gareng jalaran Gareng (meh) kasil disengkakake dadi gantine Pandhu Dewanata.

intermezo:


"Weh! Ya sudah sewajarnya nek aku nesu karo Nagagini. Lha wong kabeh ex raja kuwi ngganteng kathik gedhe dhuwur. Lha iki kok tangane ceko, sikile pincang, mripate kero. Ngisinga pitung cikrak! Arep dadi apa Republik Astina Raya yen dipandegani dening bekakas kaya ngono kuwi?" ujare Duryudhana karo nempelke pin manuk emprit ing sisih tengen dhadhane. 

Omongan kaya mengkono mau langsung kamot ing Astina Post, Tabloid Wayang, Pandhawa Times, njur kasebar ing jagad medsos. Njur sakabehing wayang ing jagad medsos kang kalebu ing Gareng Fans Club mangsuli: "Ceko kuwi tandhane menawa ta Gareng ora nduweni pepinginan kanggo njupuk apa sing dudu hake, pincang kuwi tegese Gareng sarwa ngati-ati ing jagad pewayangan, dene kero kuwi tegese Gareng tansah awas lan waspada."

"Weh lha mukiya gombal amoh!" panyaute Asosiasi Duryudhana Lover.

intermezo wis rampung.


Kaya dikomandho, kamangka ora, Astina Post, Tabloid Wayang, Pandhawa Times, menehi headline "All Out Tegese Kabeh Metu". Headline kuwi langsung gawe gegere Astina. Prabu Pandu sing meh luntur wibawane kang paring sabda kaya mangkono kuwi marang andhahane kang kajibah melu rembug perdhemitan ing tlatah DPR, Di bawah Pohon Ringin, wit sakral kang dadi omahe gendruwo, wewe gombel, buta Ijo, dhemit, pocong, drakula lan sapiturute supaya all out.

Prabu Pandu sing lagi plesir kuwi kelalen yen ta andhahane mono ora lulus TOEFL. Eh lulus dhing, nanging ndadak nyogok karo Miss Rie Rie sing kapatah dadi dosen basa Inggris.

Lha amerga Miss Rie Rie minggat menyang Hong Kong saperlu nglanjutna kuliah S5 (Sekolah Samsaya Suwe Samsaya Susah) ing Hong Kong Institute of Perbabuan, lan wis di-ping BBM-e ning ora menehi wangsulan, mula andhahan kang mung kethok pinter mau njur mbukak saweneh website kang aran gugel translet.

 Dene piwolehe kaya gambar sisih kiwa iki. "All out" miturut gugel translet jebul tegese "semua keluar", yen ngono ing basa Jawa padha karo "kabeh metu". Oke sip! Yen ngono kabeh andhahane Prabu Pandhu kang cacahe satus kuwi metu saka DPR. Olehe metu karo melet-melet, mbuh ngece mbuh ancene lagi kena rabies.

Dene ing DPR mung kari bala-balane Duryudhana karo bala-balane Nagagini sing kabeh cacahe ora ana 400. Pungkasaning crita, Nakula, saka Koalisi Sengkuni (grupe Duryudhana) sing bakale disengkakake dadi ketua dhemit ing DPR.

"Diancuk! Kakekanipun tenan!" pisuhe Koalisi Bethari Durga (grupe Nagagini) sing njagokake Sembadra.

"Huahahaha...!" guyune Koalisi Sengkuni lan Asosiasi Duryudhana Lover.

Sakala, sakabehing gendruwo, wewe gombel, buta Ijo, dhemit, pocong, drakula lan sapiturute sing ana ing DPR terinfeksi virus sakit hati lan dendam kesumat. Rembug perdhemitan ing DPR (red: Di bawah Pohon Ringin)  bubar lan buyar kanthi ending kang ora maremake. Eh, maremake kanggone Koalisi Sengkuni dhing!

Njur wengine, jagad medsos geger. Jane mesakake Pandhu, yen ta kudu nanggung kabeh mau. Pandhu disalah-salahke, diece, lan dikuya-kuya. Ning priyayi gedhe dhuwur sing melu ISIS (Ikatan Suami takut IStri) kuwi ora kurang akal kok. Mak tuing, njur metu pamikiran kepriye amrih isa win-win solution. 

Ya ngene iki. Pungkasane, kabeh wayang ya kudu bertekuk lutut marang par-tai politik perdhemitan, amarga par-tai politik perdhemitan kuwi kang bakal nemtokake lakune Republik Astina Raya. Najan ta kabeh wayang cilik sing milih par-tai politik perdhemitan kuwi, durung karuwan yen ta dhemit sing kapilih kuwi bakal ngeboti wayang cilik kaya ta Den ayu Limbuk lan Bagong. Sarwa salah ta?

 Yen ta para dhemit mau niat ingsun ing par-tai politik perdhemitan kanggo mbangun Republik Astina Raya samesthine ora bakal ngorbanake lan memanfaatkan dunya pewayangan.

Punakawan Mbeling: Gareng Nglewang


GARENG NGLEWANG

foto dijupuk saka kene
Sakwise mertapa ana pojok kawah Candradimuka lan pinaringan sipat kandel saka eyang Pikulun Bathara Narada, Gareng dadi gedhe endhase. Gemagus lan kemlinthine saya ndadra. 

Sipat kandel tetenger "Cundhuk Gudal" kuwi arupa biting werna ijo. Dene khasiate isa ndadekake sekti, kuat lan awak ora tedas gegaman. Bebasan otot kawat-balung wesi, tandhing kalawan kasektene Raden Gathotkaca utawa Raden playboy junior, Abimanyu. 

Sepedha montor sing ntes dituku Rama Semar diprotholi nganti kaya pithik trondhol, seksi sing ora wangun, ora umum. Knalpote ditambahi lespeker nganti swarane kaya bledheg pitulikur muni bareng. Stange diganti stang sepedha onta, olehe mrothol sepedha ontane kang Petruk. Sepakbore diganti tutup pancine Syahrinthil (bojone Rama Semar sing nomer telu).

Wis ngono kathik ajak-ajak pemudha-pemudha mbambung barang, ada-ada gawe geng. Kepara ngglembuk Jeng Ayu Limbuk dikon dadi pentholane geng cewek. Oalah Reng, Reng!

Ora kurang-kurang anggone Rama Semar menehi pangerten marang Gareng. Ning Gareng saya ugal-ugalan. Malah tawuran barang karo geng montor seka negara Ngamarta. 

Rama Semar ora rena ing penggalih, panjenengane galau saknalika. Ning najan ta dikaya ngapa, Gareng mono putra kinasihe Rama Semar.  Mula ta Rama Semar enggal-enggal matur marang Raden Abimanyu, kepala polisi negara Ngastina.

"Mbok anu, Den, mang cekel si Gareng. Ning ampun digebuki nggih. Niku mesakake Gareng, lha ditilar Rie Rie nekawe teng Hong Kong ngoten," pangglembuke Rama Semar marang Abimanyu.

"Ngono ya kena ning sepedha montore kudu disita," kandhane Raden Abimanyu sing nduweni kareman ngoleksi barang sitan.

"Nggih pun manut, Den," Rama Semar ngiyani.

Makaping-kaping Raden Abimanyu lan adhahane nggrebeg Gareng, makaping-kaping uga Gareng kasil oncat. Dijemparing polisi sakpleton, Gareng mung salto karo melet, ngendhani. Raden Abimanyu kemropok atine. 

Rumangsa diece lan disepelekake kaya mengkono Raden Abimanyu banjur wadul marang Prabu Kresna sing ntes wae disengkakake dadi ketua KPK.

"Kulup Abimanyu, mangertenana ya, Ngger. Cundhuk Gudhal mono isa menehi kekuwatan menawa ta digeget, dienggo cukil untu. Mangsa bodhoa kepriye iguh pertikelmu supaya Gareng lali nggeget Cundhuk Gudhal," mengkono ature Prabu Kresna tuli nglungani amerga wis dienteni dening Nakula lan Sadewa kanggo siaran pers ing Ngastina TV.

Kanthi pambiyantune Jeng Ayu Limbuk sing diojok-ojoki bakal diwenehi Rusun Marunda ing Ngastina, Raden Abimanyu kasil nyolong Cundhuk Gudhal. Biting ijo cukil untu sing ambune ngaudubillahi kuwi diuthes-uthes trus diuncalake ana pawon sing isih mawa. "Seng!" Kobong. Ndadekake Gareng dadi wong kaya saklumrahe menungsa maneh, ora nduweni kasekten maneh.

Amarga saking jengkeling ati, Raden Abimanyu nglumpukke watu banjur ngantemi Gareng sakkiyenge. Raine Gareng nganti ora rupa Gareng maneh ning kaya Klewang ngono kae. Eh, malah luwih parah. Meh ajur kaya korban gunung Merapi.

Marem anggone ngantemi, Gareng diuncalake ana sakngarepe Rama Semar.

"Kaya janjiku, Wa Semar. Gareng ora takgebuki. Wis rasah ukum-ukuman, ngebak-ebaki kunjaran wae," kandhane Raden Abimanyu.

Rama Semar  sakkal nangis ngguguk. 

"Oalah Le, Le. Kok kaningaya men olehmu dadi anak. Wis mbedugal, elek sisan," ujare Rama Semar karo ndempuli raine Gareng.


Gendruwo Jengkol

Gendruwo Jengkol

dening Rie Rie

Mripate bunder gedhe, rupane soklat. Irunge bengkong, ilate dhawa werna ijo. Nalika guneman wewujudan kuwi mau mambu jengkol. "Apa iki Gendruwo Jengkol ya," batine Sari.

Sari mundur rong jangkah. Sumadiya, masang kuda-kuda. Sari mono kerep entuk kanugrahan medhali emas ing kejuaraan taekwondo tingkat kabupaten, mula ora gumun menawa ta Sari trengginas lan waspada. Apamaneh nyawang wewujudan aneh lan nggegilani kaya ngono kuwi, Sari rumangsa perlu ngati-ati amarga dheweke ora ngerti sepira kekuwatan wewujudan mau. 

"Aku rak ora ngomong nek bakale memungsuhan karo awakmu ta Ndhuk cah manis," ujare wewujudan mau.

"Aku rak ora ngerti sapa kowe ta? Aku ya ora ngerti apa karepmu. Tur maneh wujudmu aneh, nggegilani tur mambu. Wuek!" Sari ngipatake tangan tengene. 

"Kowe ki Gendruwo Jengkol ya?" pitakone Sari sajak semu wedi nanging isih kebak kaprayitnan.

"Gendruwo Jengkol? Ha ha ha ha...," wewujudan mau ngguyu ngakak.

Ambune jengkol sumebar, ndadekake ambegan sesek. 

"Ngendi ana Gendruwo Jengkol Ndhuk! Ha ha ha ha...."

"Lha witekna ambumu kaya jengkol," ujare Sari sinambi nutupi irunge.

"Sari...Sari.... Ababmu kuwi ya meh padha karo jengkol."

"Ngawur!" pambengoke Sari.

"Ha ha ha ha...," wewujudan mau ngguyu maneh.

Sari ora kuat mambu jengkol. Dumadakan wae wetenge krasa kaya diudhak. Lan sanajan ta Sari dudu wong kang seneng tinggal glanggang colong playu, ning Sari kepeksa mlayu tumuju omah. Ngliwati ruang tamu, ngliwati ruang kaluwarga, ngliwati ruang makan, ngliwati pawon lan ngenceng tumuju pekiwan. Sakbanjure...

"Huwek...huwekkk...," Sari muntah-muntah ing toilet.

Ibu sing nembe manasi jangan ning pawon nganti kaget. 

"Ana apa Sar? Masuk angin ya?" pitakone ibu.

Sari gedheg-gedheg.

"Ndang adus gek mangan trus turu," kandhane ibu.

"Huweekk...huweekk...," Sari muntah maneh.

Sari rumangsa awake teles kebes, kringeten. Mambu wuntahan lan mambu jengkol. Mula enggal-enggal wae dheweke mlebu kamar saperlu njipuk klambi tuli adus. Sakrampunge adus, kanyata kabeh kaluwarga wis ana ing meja makan, sumadiya mangan.

"Wah telat kowe Ndhuk. Jengkole wis takentekna," aloke mbah kung.

"Peneran, lagi eneg nyawang jengkol Mbah," sumaure Sari lega.

"Lho purik ya? Guyon kok Ndhuk. Iki isih takngengehi lima," ujare mbah kung karo ngikik.

"Wegaaahh!" pambengoke sari karo kipa-kipa, sajak keweden.

"Kaya nyawang Gendruwo Jengkol wae kowe ki Sar," ujare bapak. Mbah Kung ngguyu kekel.

"Pak! Mbok aja medeni aku ta," kandhane Sari.

"Wedi apa ta? Biasane ya mangan semur jengkol ngono kok, ana-ana wae," ujare ibu.

"Lha wong dhek mau aku ketemu Gendruwo Jengkol tenan kok Buk," kandhane Sari gregeten merga rumangsa digeguyu.

"Ha ha ha...," kabeh ngguyu kekel.

Sari jengkel. 

"Iki tenan! Mau sore aku ketemu ndek mburi omah. Jian nggilani lan mambu banget,"  Sari mbesengut.

"Lagi ketemu sepisan ta Sar?" pitakone ibu.

Sari manthuk.

"Awake dhewe weruh saben dina. Iya ta Pak?" ujare ibu marang bapak.

"Iya. Saben dina," wangsulane bapak karo mesem.

"Ah tenane? Mripate bunder coklat, irunge bengkong, ilate ijo?" pitakone Sari.

"Dudu," wangsulane bapak, ibu lan mbah kung bebarengan.

"Wee...," ujare  Sari karo melet.

"Mripate mbawang sebungkul, irunge mancung, ilate biasa wae, mung ambune wae sing padha, padha badhege," kandhane ibu.

"Lha kuwi wonge neng ngarepe kaca," ujare mbah kung karo ngempet guyu.

Sari age-age tumuju ing kaca pangilon gedhe kang ana ing ruang kaluwarga.

"Endi ta mbah?"pitakone Sari. 

Mbah Kung ora wangsulan malah kepara ngguyu kekel.

"Sapa sing mbok sawang Sar?" bapake sing takon.

"Sari," jawab Sari.

"Ya kowe kuwi Gendruwo Jengkole," ujare bapake karo ngguyu.

"Ora!" pambengoke Sari. Dheweke mlaku ing kursine karo mbesengut.

"Sing ngambu ababmu rak wong liya ta Sar, kowe dhewe ya ora nyadhari," ujare bapak. 

"Ya jelas mambu, wong olehe sikatan nek kelingan thok kok. Lha kelingane ki mung seminggu pisan. Kuwi wae ndadak ibuk kudu bengok-bengok neng ngarep kamar mandi," ujare ibu.

Sari jengkel njur mak nyat nglungani. Mlebu kamar njur mapan turu tanpa sikatan.

Sesoke Sari mangkat sekolah bareng karo Rina, kanca rakete. Rina, bocah manis sing nganggo kacamata lan nduweni untu putih miji timun kuwi tansah menehi permen menthos marang Sari saben isuk. 

"Eh Rin, kenang apa sih saben isuk kok kowe menehi aku permen menthos?" pitakone Sari marang Rina nalika Rina ngelungake permen menthos.

"Nek takwenehi ngerti sing satemene, mengko gek kowe nesu," ujare Rina sajak wedi.

"Ora. Awake dhewe rak kekancan apik ta," wangsulane Sari.

Rina meneng sedhela njur unjal ambegan tuli nyambung gunem.

"Ababmu badheg," kandhane Rina cekak aos sing jujur.

"Ha?" Sari mlongo. Rina manthuk.

Sasuwene iki tibake Rina ora wani ngandhani Sari menawa ta ababe Sari mana mambu banget, Rina wedi natoni atine Sari. Mula Rina saben isuk tansah menehi permen menthos marang Sari, pamrihe supaya Sari njur ngerti karo apa sing dikarepake dening Rina. Ning emane Sari kok ora mudheng. Sakwise ngerti sing sakbenere Sari rumangsa kisinan marang Rina lan kanca-kancane. Isiiin banget.

"Eh Sar, aku kok nduwe pamikiran kaya mangkene: mungsuh taekwondomu kuwi kalah merga ora kuat mambu ababmu. Lha wong cene mambu tenan kok," ujare Rina karo mesem.

"Ha? Apa iya ta?" Sari kaget.

"Ora Sar, guyon kok, hehehe.... Mula ta mulai saiki sing sregep sikatan ya," pituture Rina.

Sari kisinan. 

"Eh, arep ndeleng topeng karo klambi nari warok sesuk ra? Mbah Kungmu lho sing nggawe," ujare Rina

Sabanjure Sari dan Rina mbukak tas kresek ireng. Bocah sakloron njomblak.

"Wah apik tenan iki! Matoh!" aloke Rina.

Ewadene Sari kamitenggengen. 

"Lha iki rak Gendruwo Jengkol kae ta," batine Sari.


******************



**Crita bocah iki kapacak ing Jaya Baya no 27 ing Februari 2013

Sega Sambel Terong

"Kowe ki mangan apa?" pitakone Nyonyah karo nuding-nuding layah.











Nyonyah bos ujug-ujug wae ana mburiku, blas aku ora krungu suara sandhal nyedhak saking khusukku anggone mangan muluk. Batinku mana ya kaget campur gregeten, kok ora pangerten blas, nganggu gawe wong mangan.

"Genah nek sambel ngene kok Nyah. Kaya ra tau weruh aku mangan sambel wae," sumaurku enteng.

Lambeku isih panggah takjejeli sega sambel terong, ora mraelu nyonyah sing pasuryane katon seje kathik nganggo mengkirik pisan. "Ya benne, wong aku luwe," pikirku.

Wis jam 10 bengi, gaweyan durung rampung. Panci, piring, wajan, isih jejer-jejer antri, durung takkorahi. Wetengku jan luwe tenan, kawit esuk mung klebon gorengan thok. Iku wae olehku mangan karo kesusu, selak momonganku mulih seka sekolah. Nek konangan sida cilaka tenan, rebutan gorengan. Najan anak Cina ning momonganku kuwi kalebu dremban, panganan apa wae, apa maneh gorengan, ya doyan wae.

"Lha steak wedhus mau rak ya isih ta? Wong kok olehe ora nrimakna bendara. Aku iki kurang apik piye he? Rumangsaku nek karo panganan aku ki ra tau nglarang kowe mangan," kandhane Nyonyah karo mecucu.

"Wegah marai penyakit Nyah. Mengko gek sesuk mbok titik, rak tiwas ra dadi daging," sumaurku.

"Gundhulmu kuwi!" sumaure Nyonyah karo lunga.

Blaka Suta

Jam 7 isuk HP-ku muni. Tuttt, alarm. Mataku isih kriyip-kriyip. Iler nglumpuk dadi siji nandingi bengawan Solo sing badhege kaya kali Ciliwung.

Jan-jane mana aku wegah tangi, lha wong isih kepenak-kepenake ngimpi. Jan-jane mana kepingin ngrampungke ngimpi sing ketugel. Apa maneh adheme kaya bar diinggati kucing, 12 drajat. Ning kepeksa mak jranthal mbuwang slimut tuli mudhun petaranganku merga kelingan yen entuk dhawuh seka kanjeng bendara nyonyah bos, dikon masak bubur karo tim babi, karo sop buntut kanggo sarapan lan mangan awan mengko.

Kamangka tgl 25 Desember kuwi rak tanggal abang ta? Sing tegese babu Hong Kong kaya aku ngene iki wayahe prei, kiya-kiya, seneng-seneng dhewe, ngenggar-enggar salira. Ning ndelalah wong kuwi nek dapuk dadi babu, ya kepeksa ngempet misuh ning njero dadha. "Dancuk tenan!"
Jatukna aku turu kepenak, ngimpi kelon karo simbok.

Tanpa raup aku mususi beras trus takwenehi kulit jeruk sing garing karo uyah sithik karo minyak sithik, trus takjarke. Mbukak kulkas trus ngethokke daging babi sing ana lemake sithik-sithik karo buntut babi.

Njogan takslemeki koran, telenan takselehke, buntut babi taktumpangke, peso bedok takungkal.

"Allahu Akbar," dongaku ing njero dadha. Biasane nek wis ngono aku karo umik-umik ngrapal Al Fatekah, Al Ikhlas, Al Falaq, apalan-apalan cekak sing isih nyanthol ning utekku, ning karan dina iki aku lagi M ya kepeksa meneng.

Mari ngono....

 "Cleng! Cleng! Cleng! Dhog! Dhog! Dhog!" Aku dadi tukang jagal.

Seprapat jam rampung olehku ngethoki buntut karo nyacah daging babi. Njur ngurupke kompor, mak clethek! Nggodhog bubur, mbumboni daging cacah trus tak tim.

Let pitung menit tim babine wis mateng njur takganti masak sup buntut babi. Gandeng masak bubur lan sup babi kuwi butuh wektu udakara sakjam, ya njur taktinggal adus wae.

Water heater takuripke pol panase. Let sedhela, mak byur, aku wis teles kebes seka sirah teka sikilku. Banyu panas iki isa ngresiki iler lan rereged saka masak mau. Metu seka kiwan aku kebul-kebul, kaya pithik ntes diwedhangi.

Pas jam 9.45, nalika aku metu seka kiwan, HP ku muni. Tuuuutttt, sms mlebu.

"mbk sri pye kbre?" unine sms mau marang aku.

Merga sms seka nomer Indonesia sing durung takngerteni, aku penasaran. Njur takbales.

"Apik. Iki sapa?" smsku.

Let sedetik ana jawaban.

"aku atik mbah parmin lebak.kirim ono plsa po o mbk dwetmu akeh," ujare sms kuwi.

Wo.... Cene wong kok lek seneng njaluk-njaluk. Lha aku tepung karo simbahe ning ra ngerti putune. Mbah Parmin sing takkenal kuwi wonge temen, sregep. Ora tau nglerenke pacul apa dene jalane. Nek isuk tumekane sore macul, nek bengi njala iwak ing bengawan Solo. Lha kok putune kaya ngene iki ta.

Atiku serik banget. Mbah Parmin kuwi wong tuwa sing takkurmati, simbokku nate menehi dhuwit wae ditampik, milih ngakon simbok nggolekke gaweyan. Lhah nyapo bocah sing praupane wae aku durung nate weruh kok ngrepik-ngrepik karo aku. Lha rumangsane apa aku kaya bank ngono apa piye? Ora kere!

Isuk iki aku wis serik pindho, jan anyel tenan. Sms ora takwangsuli, mung takdelete njur takblokir nomer kuwi. Nesu aku. Sontoloyo, kakekane tenan!

Punakawan Mbeling

"RengTrukGongmBuk...!" pambengoke Rama Semar.

Olehe mbengok seru banget nganti otot-otot gulune pating jlantir metu. Sing dikarepake mono ya putra-putrane ya kuwi Gareng, Petruk, Bagong lan uga Jeng Ayu Limbuk sing katepakan ana kono.

Ewadene sing dibengoki padha iwut karepe dhewe. Gareng lagi nyekeli blekberi anyar karo iwut pesbukan, Petruk lagi mangan sega sambel terong kiriman seka Hong Kong lan Bagong lagi menthelengi Play Station main game nganti matane mecicil. Dene Jeng Ayu Limbuk kupinge kesumpelan headset, ngrungokake lagune Lady Gaga sing lagi duet karo Justin Beiber nembang "Jangkrik Genggong".

"Yongalah yaaa... yaaa.... Duwe anak wae kok ngakukna usus ta yaaa...yaaa...!" ujare Rama Semar karo ngelus-elus dhadhane. Rama Semar mlebu kamar, let sedhela metu maneh.

"RengTrukGongmBuuuk...!" pambengoke Rama Semar saiki kanthi piranti lespeker.

Sing diceluk tuli jranthal mlayu nemoni ramane amarga swarane bantere ngungkuli swarane bledheg sayuta nggegeteri.

"Neng apa ta Ma?" pitakone Gareng karo nyedhak, blekberine disingidake ana sak clana sisih mburi.

"Rama kuwi lho, senengane nek celuk-celuk gawe kaget wong sak Astina," kandhane Bagong.

"Mbok nek nyeluk ki sing mesrah kaya aku Ma," ujare Limbuk karo kethip-kethip.

"Mula ta, nek diceluk pisan ki gek gage ndang mangkat. Kuwalat tenan mengko karo Rama. Ngene lho, iki mau rak Rama mung arepe menehi ngerti, mbiyawarakake kabar sing "sesuatu banget" marang sira kabeh."

"Apa Rama?" pitakone Petruk sajak ra sranta.

"Kawit Syahrinthil dadi gendhakane Rama, Rama ki dadi terkontaminasi saiki," ujare Gareng karo ngikik, sedulure melu-melu ngikik.

"Hus! Ora ngomongna obat awet mudhaku!" pambetake Rama Semar alus.

"Ngene lho. Iki mau rak Rama seka kraton, diutus marak sowan ing ngarsane Kanjeng Sinuwun Raja Astina Pura. Wingi kae rak awake dhewe demo ngenani bayaran supaya diundhaki ta, lha iki pikolehane. Panjenengane Kanjeng Sinuwun wis kersa ngundhakake bayarane awake dhewe," ujare Rama Semar.

"Ah tenane...," Bagong sajak ora precaya.

"Aku ngerti kok, wong aku maca statuse Sinuwun neng pesbuk," ujare Gareng.

"Lho langsung diunggah ta Reng?" pitakone Petruk.

"Iya," sumaure Gareng.

"Lha rugi no Rama sowan Kanjenge," kandhane Limbuk.

"Sik takwacakake," kandhane Petruk karo ngrogoh blekberi.

"Yongalah..., koneksine ngadat. Kakekane tenan!" pisuhe Petruk.

"Sakdawa-dawane pesbuk rak isih dawa lambeku ta," ujare Rama Semar.

"Wo salah kuwi Ma. Isih dawa lambene Rie Rie," ujare Petruk sing ntes wae antuk kiriman sega sambel terong seka Hong Kong.

"Pokoke ngene, Sinuwun ki sanggup ngundhakake bayaran, ning ana sarate," ujare Rama Semar.

"Sarate apa Ma?" pitakone Limbuk.

"Bayarane awake dhewe kuwi bakal diundhaki sarate bakal dibayar nganggo "Yen"," ujare Rama Semar.

"Wah kaya Jepang ik. Isa sugih tenan awake dhewe ya kang Petruk," ujare Bagong karo lunjak-lunjak seneng.

"Wuih... Aku kelakon isa tuku lipen merk Miyabi tenan iki, uhuuii...!" ujare Limbuk.

"Halah taek kucing," aloke Gareng.

"Kowe ki mbok aja kaya ngono ta Reng, dirungokake dhisik," ujare Rama Semar.

"Lha aku wis ngerti kok. Nah iki gunane pesbuk. Mangkane pesbukan ki penting, ben ngerti sakdetik sakwise winarah," ujare Gareng.

"Halah.... Wong padune arepe golek wedokan neng pesbuk kanggo saingan karo Rama wae kok," ujare Bagong.

"Hus! Wis, wis, wis! Aja kedlarung-dlarung, uwis! Ngene lho, bayarane awake dhewe kuwi bakal diundhakake sarate nganggo "Yen". Ya kuwi:
1. Yen Kanjeng Sinuwun kelingan.
2. Yen ana turahan seka skandal Century.
3. Yen BBM lan sembako medhun.

"Ngono lho," ujare Rama Semar.

"Wo...lha kuwi bener kandhane kang Gareng. Taek tenan kuwi," ujare bagong.

"Bubar, bubar, bubar! Ngesuk demo maneh wae. Sisan karo nggawa gragalan," kandhane Petruk.


We lha dhalah! Bumi gonjang-ganjing, langit kelap-kelap katooon.... Oooooooongggg....


------------------------------------------------

gambar seka kene>> blog wayang

Crita Babagan SMS

Ana SMS ngethithir tumuju nomerku. HP-ku kedher ping pindho. Sengaja dakgawe silent soale bendaraku wedok ana ngomah, dina iki ora mangkat kerja, nunggoni anake kang lagi prei sekolah. Nek dakuripake isa-isa gawe geger sakomah.

Bendaraku mana paling gething yen keprungu swara HP-ku muni nalika dheweke ana ngomah. Biyen, dhek jaman sepisanan aku lagi teken kontrak, ana perjanjian tertulis antarane aku lan bendaraku, ing kono katulis menawa ta aku ora entuk nganggo HP nalika bos ana ngomah.

Nganti seprene, nem tahun lawase, yen bendaraku ana ngomah HP-ku mesthi njur ora ana unine, silent mode.

Wektu iku tanganku isih gupak unthuk sabun. Ing wayah isuk ing dina Sabtu ngono kuwi biasane aku ngumbahi gombalane khususe bosku, dakkumbah nganggo tangan amarga kalebu gombal alus kang larang regane, bayaran rong mingguku wae durung cukup nek digawe tuku gombal siji.

Sabanjure...sreett..seerrr.. tanganku daklapke kaos kotange bendaraku sing arepe dakkumbah. Eh jebul Mbak Tarti. Wadon sepantaran umurku sing pitung taun kepungkur ninggal Purwadadi tumuju Hong Kong saperlu luru gawean dadi babu kuwi sing ngirim SMS mau.

Weh lha, njanur gunung tenan, batinku. Biasane Mbak Tarti kuwi yen SMS-an ing wayah bengi thok. Bendarane ora ngijinake babune dolanan HP. Malah kepara luwih serius, yen aku isih isa silent HP tapi Mbak Tarti kudu dipateni thes HP-ne. Bendarane ning omah terus alias ibu rumah tangga tulen sing ora nyambut gawe ngana kae. Jan persis kaya satpam nunggu gawe lan ngawasi saparipolahe Mbak Tarti.

Mbak Tarti siji-sijine kancaku sing ngaji-aji SMS gratis ing jaman internet ngene iki. Ora kaya babu-babu liyane sing saben dina sregep wiridan fesbukan, slinthutan karo bendarane, Mbak Tarti mung ngerti SMS lan telpun thok-thok. Yen babu liyane akeh sing cinta mati karo toilet, ndhekem jam-jaman ngguya-ngguyu karo nguthek-uthek HP, Mbak Tarti pilih ndhoprok ing pojok pawon nunggu dhawuh bendarane.

Mbak Tarti uga ora kaya babu-babu liyane sing seneng nulis-nulis lan kalebu penulis/sastrawan (babu) kae. Uga ora melu organisasi seni utawa tari apa maneh organisasi vocal/advokasi ngana kae, lha wong nek ngerti ana babu-babu arep dhemo wae Mbak Tarti mesthi ndhelik keweden kok.

Mbak Tarti mono mung babu biasa sing utun nyambut gawe lan sendika dhawuh marang bendarane. Sanajan ta kala mangsa bendarane kerep memba dadi Mak Lampir utawa Nyi Calon Arang, Mbak Tarti pilih meneng lan pasrah wae.

Ing sakjroning nem taun, wanita ireng manis sing dhuwur lan kurune ngluwihi aku kuwi mung ngerti Victoria Park thok. Mula kanggoku rada angel anggonku ngemban atine wong siji kuwi.

Kanca tunggal sak-PT-ku kuwi sajak ngusung kabar penting nganti ora sabar nunggu wengi kanggo SMS-an. Mbuh ana ngendi anggoneSMS kuwi. Menawa wae pas blanja nang pasar utawa pas nunggu simbah sing diopeni lagi priksa dhokter, mbuhlah.

Gandheng SMS sapepadha simcard kuwi gratis lan uga gandheng aku wis penasaran banget, saknalika iku uga langsung dakwaca SMS-e.

"Rie, wong lanang kuwi kucing apa ula?" mengkono isi SMS kuwi mau.

We lha dalah.... Yen ta ora ngelingi menawa sing ngirim SMS kuwi wong kang mbokmenawa wae mung ndhuweni kanca akrab siji yaiku aku, menawa wae bakal dakjarke wae nganti mengko bengi nembe dakjawab. Iki takon temenanan apa guyon, pikirku.

"Kalamangsa kucing, kalamangsa ula. Sing kaya bungklon ya akeh, sing kaya asu ya ana. Ana apa?" jawabku.

Ora let sedhela, wadon kang kepeksa gelem diwayuh sakwise ngonangi bojone ngetengi wadon liya kuwi mau banjur ngirim balesane.

"Dhuwit celengan gawe sekolahe Anti (anake wadon Mbak Tarti) dibedhol karo bapake, jare arep gawe babaran bojo nom," ujare maneh.

"Lha apa dheweke ora mergawe?" pitakonku.

"Ora nyukupi," jawabane cekak aos.

SMS mbaka SMS banyu mili. Nanging aku durung mangerteni ning ngendi bakale tuk-e. Aku duwe rasa was-was uga, merga pakulinanku sing biasa ngomong blak-blakan kuwi mesthine ora bakal gawe rena atine Mbak Tarti. Njur aku kudu mangsuli kepriye iki? Aku bingung karepku dhewe.

"Nek ngono dheweke kalebu kewan kapapat Mbak, asu," wangsulanku maneh, isih padha, uga lewat SMS.

Suwe anggonku ngenteni wangsulan SMS saka Mbak Tarti, nanging nganti pirang-pirang jam ora ana wangsulan. Dakkirim SMS kang isine aku njaluk sepura menawa ana lupute anggonku njawab SMS sakdurunge, nanging ya ora diwangsuli. Aku samsaya bingung.

Aku isa nylamur gorehing atiku nalika aku ngayahi kewajibanku ngopeni momonganku nganti tumekaning masak kanggo makan malam. Nanging rikala kabeh pagawean rampung lan aku wis mapan ing sakdhuwure kasurku sing temumpang ing sakdhuwure kulkas (waca ing kene: http://babungeblog.blogspot.com/2010/03/tragedi-munyuk-kesasar-di-hong-kong.html) , aku nyawang HP-ku kanthi ati kroncalan.

Dakpikir aku ora ngomong akeh-akeh utawa aneh-aneh ing SMS kapungkur awan mau. Apa ya amarga SMS kuwi sing gawe ora seneng tumekaning lara atine Mbak Tarti nganti ora gelem mbalesi maneh? Oh Gusti! Geneya aku dhek mau ora mikir jero sakdurunge ngirim SMS pungkasan? Getunku kepati-pati.

"Dreeetttt...dreeettt...!" HP-ku kedher pindho. Saknalika aku jumbul kaget, meh wae HP-ku mencelat saka tanganku.

Dakbukak SMS sing dakgadhang-gadhang saka Mbak Tarti. Lan tenan, SMS kuwi pancen saka Mbak Tarti.

Age-age anggonku maca ukara mbaka ukara ing SMS kuwi mau. Atiku dheg-dhegan.

"Aku ora nesu. Asu iki bapake anakku. Aku sejatine ora ikhlas menawa anak sing dakrewangi toh nyawa, toh pati, uga toh nasib iki bakal diwaleni dening wong lanang sing mung udu kenthongan," tulise ing SMS.

"Dreeett... dreettt...," HP-ku kedher maneh.

"Ning aku ora ngerti njur kudu kepriye maneh. Wong tuwaku wis ora ana kabeh, aku ya ora duwe sedulur cedhak sing isa dakpercaya ngrumat anak wedokku. Nek bali desa, aku ora ngerti kudu nyambut gawe apa, nek ning kene aku isa ngirimi dhuwit ajeg. Ning ya kuwi aku makani maruku barang," SMS kapindhone.

Maneh, aku dheleg-dheleg. Aku njajali mapakke awakku ing kahanane Mbak Tarti, lan aku yakin aku ora bakal kuwawa nandhang lara lan laraaa banget kang kaya mengkono iku mau.

Bola-bali aku matur pamujiku marang Gusti, yen ta sasuwene iki aku isih isa milih dalan uripku dhewe, alhamdulillah. Ewadene Mbak Tarti, kawit cilik ora duwe pilihan babar pisan. Dipeksa kawin mudha, dikon dadi TKW, diwayuh nganti tumekaning ngopeni marune. O Gusti...aku ora isa mbayangke kaya ngapa perihe.

Aku ora ngerti kepriye anggonku bisa nulungi Mbak Tarti, menawa wae ya mung perkara siji iki sing ora bisa dakwedhar, kaya-kaya dalan uripe Mbak Tarti wis nali mati. Aku mung isa njaluk sepura, ora ngerti kudu SMS kepriye kanggo isa nglonggarake sumpek atining Mbak Tarti. O donya... mbok tulungana wadon siji kuwi...


Aku Dudu Klapa

Dakwolak-walik jeroning lara
jebul ora mung kebacut
ning nganggo banget

Lan
amarga bibitmu kang awujud lemah urip
aku tumali ing siksa tanpa cecek

Kangmas,
apa aku iki klapa
sing dibeset sepete,
diperes santene,
dideres gulane,
dipangan pondhohe,
dirah glugu, sada sakblukange?

apa lumrah?
lanang polah, wadon kepradhah?

Gurit Kuciwa

DUDU CANDRAMAWA

Dakkira Candramawa
Jebul mung lumrahing jalma
Luput kapisan sabanjure kapindho
Nuli ndadra

Dene ana wektu mangkene
Nyebul samirana tresna
Nyuwun mitra
Malah nemu sambikala

Kucing gering kuwi
pindhane
Antuk pindhang sangaron
Lunjak-lunjak ngentekke tandhon




WUYUNG KETATON

Mrangguli sliramu ing pucuking ratri
Gawe isuk sing meh kawitan teka gasik
Aku kobong dening tekane

O Bethara...
Muspra aku tapa brata
Nyelaki wuyung kang ketaton

Kanyata
tekamu gawe wurung
anggonku nyulaki ati
sing nyikal gething kepati-pati



BUBAR


Nalika geseh panemu wurung akur
mung siji kahanan kang bisa kaanggit
bubar

Lan nalika bubaran kuwi mau nggembol lara langka tamba
sejatine sing dilali-lali kuwi mau tansah kelingan

Lara kuwi mau,
ya kapang kang ketaton, ya wuyung kang ketaton
lamun wektu kang bisa nyampurnakake tatune

Riyayan Kepungkur


“Gak metu mbak?” pitakone kanca sak flatku saka balkon apartemen sebelah. Wadon asal Malang iku wis dandan ayu lan nganggo mukena putih.

“Ora. Bosku kerja, anake sing momong sapa nek aku metu?” sumaurku.

“Digawa lo, dijak melu sholat Ied,” kandhane maneh sajak enteng wae .
Aku mung unjal ambegan, ora semaur.


Aku saiki ana ing papan kang adoh saka Blora, tanah klairanku. Adoh uga saka Indonesia, negaraku. Hongkong saiki dadi papan sawateraku. Ing kene aku nyambut gawe dadi babu, rewange Cina. Ing omahe bendhara kang lanang wadone lunga mergawe seka jam wolu isuk nganti jam pitu wengi kuwi aku kajibah ngrumat bocah cilik, masak, reresik omah uga blanja.

Nalika semana lungaku mrana ora amerga nglungani tanggung jawab marang wong tua nanging suwalike. Daya-daya kepingine ati supaya ora nambah bebane wong tua, kepingine ati gawe omah supaya simbok ora bingung golek ember lan plastik kanggo tadhah udan amarga trocoh ing sajeroning omah meh rata. Yen udan, teles ning sajabane omah meh padha karo teles ing sajroning omah, ngedab-edabi.

Udan kuwi gawe mirising atiku lan simbok. Omah sing wis miring mengulon lan nganti dicagaki supaya ora rubuh kuwi kaya-kaya bakal kalah tanding karo udan, mbuh saiki mbuh sesuk, mengkono pamikirku nalika semono.

Mangsa rendeng kang jare wayah paling trep kanggo turu kuwi malah dadi mangsa paling medeni kanggo aku lan simbok uga simbahku. Kita angel turu merga wedi marang wewayangan saka, panuwun, reng, usuk kang bakal kumleyang ngebruki kita.

Aku wis ana ing pucuking kaprihatinan kang naudzubillahi nalika mutuske oncat saka negaraku tumuju Hong Kong, tanpa palilah saka bapak, simbok apadene simbah. Amarga wes mesthi kekarone ora bakal menehi palilah. Simbah nate ngendikan mengkene, “Mergawea sak paran-paran angger kowe ora dadi buruh, babu. Buruh mana dilebur ora weruh. Lara saklara-larane gawe lan asor sak asor-asore gawe.”

Pancen bener ngendikane simbah. Kerja prasasat ora ana lerene, titahing bendara prasasat ora tau asat, ngimplah-implah kaya dene banyu segara. Yen ora kuwawa nyangga bisa gawe awak kuru lan ati nggrantes.

...

Bosku kekarone wes metu saka kamar nganggo klambi kantor jangkep sak jase. Kekarone banjur nyaut tas isi bontot mangan awan kang wis dak cawisake ing sandhuwure meja makan. Tuli nggeblas tanpa pamit. Aku unjal ambegan maneh, lega.

Aku mlebu pawon, nyawang lapangan Victoria kang wes kebak menungsa nganggo sandhangan sarwa putih sumadya sholat Ied. Sholat Ied berjamaah sing dianakake dening KJRI Hong Kong daksawang katon rame, udakara nem ewu menungsa tumplek blek ngebaki lapangan sing ambane kira-kira sapadha lapangan sepakbola jejer sanga. Nanging ramene isih ora madahani ramene sholat Ied tahun 2009 kae, amarga tahun 2010 riyaya tumiba ing dina Jumat. Para bendara mesthine padha makarya lan njalari akeh sing ora bisa melu sholat Ied, kaya dene aku. Dhek tahun 2009 riyaya tumiba ing dina Minggu, wayah para TKW padha prei mergawe, saengga padha bisa sholat Ied ing lapangan Victoria.

Iki pancen dudu riyaya kapisan sing daklakoni ing paran. Rolas riyaya aku ora bali sungkem wong tua. Kawitan nalika aku entuk gaweyan ana Semarang rolas tahun kepungkur nganti oncatku saka tanah kelahiran saperlu golek dhuwit. Ewadene rasa keranta-ranta kuwi tibake uga bisa dirasakake bola-bali, makaping-kaping.

Dak njipuk HP-ku, let sedhela tanganku gregelan nelpun simbok. Ing papan liya, ing Blora kana, simbok nampa telpunku lan nangis samangsa krungu suaraku lagi uluk salam.

Simbok nangis ing sangarepe panci blirik isi opor ayam nalika aku nelpun panjenengane. Astane sing mati separo dumadakan krasa abot banget diobahake. HP sing ana ing astane mrucut makaping-kaping mbarengi mrucute luh saka netrane kang mbanyu mili. Mbakyuku kepeksa mbiyantu nyekeli HP supaya simbok bisa nerusake anggone rerembugan karo aku.

“Sugeng Riyadin mak, sakkathah-kathahing lepat kula, kula nyuwun sepuntene nggih. Sepuntene dereng saged sungkem, sepuntene…,” kandhaku.

Aku dhewe kaya ora kuwawa nerusake tetembungan kang wengi sakdurunge wes dak cathet tharik-tharik ing sakmburine buku cathetan blanja. Abot banget kanggoku ngobahake lambe ngeja siji-mbaka siji ukara. Mripatku kembeng-kembeng kebak luh ora bisa nyawang cathetan sing sejatine wes dakapal ing sakjroning atiku. Pungkasane aku mung nangis ngguguk, ndheprok ing sakngarepe lambe pawon, wurung gawe sarapan kanggo momonganku. Dene kaya ngene rasane riyayan ing paran? Atiku keranta-ranta.

Nggrantesing ati luwih dene laraning lara dakrasakna ing dina riyaya. Aku kelingan opor ayam masakane simbok, utawa asem-asem daging sing seger kae. Aku kelingan gawe lungsung kupat sinambi gegojegan karo simbok, aku kelingan nalikane sesingidan nyumet mercon ing mburi omahe pak RT. Apamaneh kelingan takbiran bareng lan sholad Ied bareng kanca-kancaku wiwit cilik.

Ah, aja maneh sholad Ied bareng, swara takbiran wae ora keprungu ing Hong Kong. Sing ana mung swara-swara wong iwut nyambut gawe. Dina riyaya ing Hong Kong kanggone aku kaya dene dina liyane, kawajibanku kudu dakrampungake.

Kanggo sulihe riyaya, aku sakanca kang libur pendhak dina Minggu gawe acara dhewe. Ing lapangan Victoria kang kasebut uga “Kampung Jawa” kebak dening menungsa kaya dene aku saperlu mahargya riyaya sing ora bisa dirasakake pas ing dina riyaya.

Ing kene iki aku sakanca ngumandhangake takbir kanthi lamat-lamat amarga yen keseron isa diusir dening satpam lapangan. Ora krasa luh sing wes asat bali dleweran ing pipi. Salam-salaman lan rerangkulan karo kanca-kanca sanasib rasane kaya dene lungguh jejer karo sedulur dhewe.

Aku sakanca geguyonan sinambi mangan panganan Indonesia kang digawe kanthi sesidheman ing omahe bendarane dhewe-dhewe.

Kuwi crita riyayan ing Hong Kong sing dakrasakake tahun kepungkur. Rekasaning ati pengin nggayuh pepinginan kudu ditebus nganggo kangen lan sedih lan rasa-rasa liyane. Rasa-rasa kang ora bisa diwedharake nganggo tetembungan utawa tulisan apadene gambar. Rasa-rasa sing mung wong-wong kang mergawe ing negarane wong wae sing bisa mangerteni.

Tahun iki, aku bakal bali lan mahargya rawuhing riyaya bareng sakluargaku. Atiku bungah uga sedhih amarga tahun iki bapak ora bakal ana ing saktengahing kaluarga. Aku ora bakal bisa nemoni panjenengane kanggo njaluk sepura. Panjenengane wes ditimbali dening Gusti sewulan sepungkur. Sepuluh jam sakdurunge seda, ing telpun aku ditangisi dikon bali, nanging mokal kanggoku bali dadakan ngono kuwi.

Kodrating Gusti, aku mung nglakoni. Muga-muga panjenengane ditampa lan disepura dosane, aamiin.


Kaya kapacak ing majalah Jaya Baya edisi lebaran (September).

Ketaton

Obat merah, pinicilin tanpa guna
Tatu iki wes kena infeksi
Mrambah ngebaki manah
Tumuju jantung tumekaning ati

Nanah-nanah dleweran
Mbayu mili nelesi pipi
Nanging gawe garing sukma

Sakdunge,
Yen ta patemonan kae sinukuri
Semono uga pepisahan iki

Lambe Turah Obral Gombal

Sari nyangklong tas kesusu metu seka kelase, karepe mono atene ndekem ndok kantin. Ate mulih aras-arasen. Apa maneh jam loro mengkok onok kuliah tambahan. Sari kuwi arek semester loro fakultas sastra Inggris, Universitas Ngayawara.

Mara-mara saka sisih kiwa, meh ae nabrak Anang, arek fakultas ekonomi. Arek kuwi kuru dhukur, senengane dodolan gombal ambek arek-arek wedhok neng kampus. "Dancuuk!" batine Sari.

"Eh... Hallo darling!" sapane Anang kalem, raine plek koyok baya, congore lincip ambek untune mrongos ngana kae.

Sari ngeblas mlaku, ora ngreken arek sithok elek kuwi.

"Sar, mbiyen-mbiyen aku akeh salah, akeh nebar kata-kata gombal ma sembarang orang. Sering bikin nangis cewek. Tapi setelah kenal kamu, aku saiki insaf," jarene ngethokke jurus bayane (jurus buaya).

"Baguslah," jawabe Sari enteng.

"Ora ate nebar pesona neh ambek cewek lewat cara apapun. Kasihan juga kalau akhirnya pada sakit hatinya gara-gara takgombali," ujare Anang.

"Wo wedhus!" batine Sari. Lha wong rai koyok baya ae kok atene ingah-ingih pamer mrongose. Iki uwong apa Bethara Kala, se?

"Tapi dasar aku!" ujare Anang.

Sari mara-mara mandheg. Ndelokna Anang eneg. Meh ae Sari muntah. "Cuk! Wong iki wes elek, kok doyan men nyocot, lambene turah men," batine Sari maneh.

"Tapi dasar aku, niat-niat thok, gak onok nyatane," ujare Anang ambek mesam-mesem sing malah nggawe raine tambah uelek.

"Yok apa carane katene isa mari iki?" pitakone Anang karo ngucek-ucek matane. Blobok kuning sakedele gedhene nganti metu, jan njijiki tenan!

Sari unjal ambegan.

"Wis watakmu kok Nang, ate piye maneh," jawabe Sari ambek nerusna laku.

"Eh, buruan nikah, mungkin bisa menghentikan kebiasaan jelekku," jare Anang.

"Ya rabia ambek bajul kana!" saure Sari ing jero ati.

"Wis watakmu Nang. Nek watuk isok dimareni, nek watak kuwi nganti tuwa ya pancet ae," jawabe Sari alus. Arek siji iki pancen pinter atine ya apik pisan, najan ta neng batine misuh-misuh ora karuan ning kata-katanya selalu halus dan penuh perhitungan.

"Mosok, se?" Emange wong ki njuk stagnan, ra isa brubah?" takone Anang.

"Wong Jawa biasa ngomong, ciri wanci ginawa tumekaning pati," jare Sari.

"Ah mosok, se? Bisa aja orang yang gak bener jadi baik. Iya kan?"

"Artine suatu watak dasar manusia itu sampai matipun sama. Tapi embuhlah, gak eruh aku," jare Sari.

"Lha iku nek sifat-sifat turunan, gen!" bengokke Anang.

"Lha menawa kuwi ya sifat turunanmu," ujare Sari kalem.

"Koen iku ngawur ae!" bengoke Anang tambah banter.

"Lha buktine koen mau ngomong dhewe nek "niat-niat thok, gak anok nyatane,"

"Lha wingi sasi pasa wes mari, je. Lha dina iki wis kumat maneh. Yok apa se aku iki?"

"Pasa rak ngempet kuwi."

"Apa takpasa ben dina ae ya, Sar?"

"Ra anok bedhane Nang, watakmu ancene wes ngono kuwi kok."

"Ah, kon iku malah nambah-nambahi rasa bersalahku thok ae," kandhane Anang karo ngelus-elus githoke.

"Nek kroso bersalah berarti rak bener, se? Jadi semakin kuat alibi nek koen iku ancene kelakuane ya koyok ngono kuwi,"

"Aku tulungana pa, Sar. Nglarakna atine wong kuwi dusa gedhe. Moh aku nek duwe watak elek kuwi. Gek ndang takmari mumpung iki isih sasi Syawal. Piye carane, Sar?"

Sari unjal ambegan. Nyelehna bokonge neng kursi pojok kantin sing isih sepi. Atine muntab.

"Mbak es degan satu ya!" bengokke Sari. Muga-muga ae es degan kuwi isa ngedhemna atiku, batine Sari. Sari unjal ambegan maneh.

Mbak Dewi bakul ndok kantin kuwi langsung iwut tangane nggawe es degan, sedelok ae dheke wes inthik-inthik nyedhaki mejane Sari lan Anang karo nggawa es degan. Es degan durung ae diselehna meja, wes disaut Anang. Baya sithok kuwi tanpa dusa trus nyruput es degan kuwi, mari ngono es degan kuwi trus disurung ngarepe Sari. Sari bola-bali unjal ambegan. "Dancuuk! Dasar baya rai gedhek!" bengokke Sari ing jero ati.

"Golek tampar nem meter," jare Sari karo nyawang Anang tajem, sing disawang kedhep-kedhep. Ancene nggatheli tenan arek sithok kuwi.

"Trus?"

"Talenana ning wit pelem,"

"Ate digawe apa, Sar? Ngrubuhke pelem ta?" pitakone Anang polos.

"Ya up to you, terserah. Atene digawe lompat tali ya mangga, atene digawe latihan panjat pelem ya enthuk, ate digawe kendhat ya silahkan. Sembaranglah," jare Sari rada emosi.

"Tambah ngawur ae koen iku. Tidak ada kasus lelara isa mari merga tali tampar. Ah jangan bercanda kalau dimintai saran, Sar!" gremenge Anang.

"Lho, iki model baru kok. Sapa ngerti koen sing dadi penemu pertamane,"

"Sar, anu... Mungkin lebih baik kalau koen rabi ae ambek aku, aku yakin pasti koen isa merubah sifatku. Ben mari elekku. Nek wes duwe bojo mesthi mari gombalku," jare Anang serius.

"Jabang bayiiik..! Nganti donya iki ate kukut and you are the only man alive, aku gak atene rabi ambek dhapuramu, Nang!" bengokke Sari emosi. Sari ngadheg mari ngono ninggal Anang ndok jero kantin dhewe.

"Jangan begitu, Sar. Saar..! Es degannya belum dibayar!" bengokke Anang.

"Sing ngombe rak koen ta. Bayaren dhewe! Aku atene mulih!" ujare Sari getem-getem. Sari wes gak duwe semangat maneh nggo melu kuliah tambahan jam loro mengkok. Sari nyetop microlet kuning trus sedela wae wes lungo ninggalna kampuse.




-------------------------------------------

Hehe... Logat Suroboyoan campur basa Indonesia campur basa Landa sithik-sithik. Kepingine nulis crita nganggo basa Suraboyoan, tapi akune gak reti yok apa nulise...sepurane ya!