Sari nyangklong tas kesusu metu seka kelase, karepe mono atene ndekem ndok kantin. Ate mulih aras-arasen. Opo maneh jam loro mengkok onok kuliah tambahan. Sari kuwi arek semester loro fakultas sastra Inggris, Universitas Ngayaworo.
Moro-moro saka sisih kiwa, meh ae nabrak Anang, arek fakultas ekonomi. Arek kuwi kuru dhukur, senengane dodolan gombal ambek arek-arek wedhok neng kampuse. "Dancuuk!" batine Sari.
"Eh... Hallo darling!" sopone Anang kalem, raine plek koyok boyo, congore lincip ambek untune mrongos ngono kae.
Sari ngeblas mlaku, ora ngreken arek sithok elek kuwi.
"Sar, mbiyen-mbiyen aku akeh salah, akeh nebar kata-kata gombal ma sembarang orang. Sering bikin nangis cewek. Tapi setelah kenal kamu, aku saiki insaf," jarene ngethokke jurus boyone.
"Baguslah," jawabe Sari enteng wae.
"Ora ate nebar pesona neh ambek cewek lewat cara apapun. Kasihan juga kalau akhirnya pada sakit hatinya gara-gara tak gombali, " ujare Anang.
"Wo wedhus!" batine Sari. Lha wong rai koyok boyo ae kok atene ingah-ingih pamer mrongose. Iki uwong opo Bethara Kala se?
"Tapi dasar aku!" ujare Anang.
Sari moro-moro mandheg. Ndelokno Anang, eneg. Meh ae Sari muntah. "Cuk! Wong iki wes elek, kok doyan men nyocot, lambene turah men," batine Sari maneh.
"Tapi dasar aku, niat-niat thok, gak onok nyatane," ujare Anang ambek mesam-mesem sing malah nggawe raine tambah uelek.
"Yok opo carane katene isa mari iki?" pitakone Anang karo ngucek-ucek matane. Blobok kuning sak kedele gedhene nganti metu, jan njijiki tenan!
Sari unjal ambegan.
"Wis watakmu kok Nang, ate piye maneh," jawabe Sari ambek nerusno laku.
"Eh, buruan nikah, mungkin bisa hentikan kebiasaan jelekku," jare Anang.
"Ya rabia ambek bajul kono!" saure Sari ing jeron ati.
"Wis watakmu Nang. Nek watuk isok dimareni, nek watak kuwi nganti tuwo yo pancet ae," jawabe Sari alus. Arek siji iki pancen pinter atine yo apik pisan, najan neng batine misuh-misuh ora karuan ning kata-katanya selalu halus dan penuh perhitungan.
"Mosok se?" Emange wong ki njuk stagnan, ra iso brubah?" takone Anang.
"Wong Jawa biasa ngomong, ciri wanci ginawa tumekaning pati," jare Sari.
"Ah mosok se? Bisa aja orang yang gak bener jadi baik. Iya kan?"
"Artine suatu watak dasar manusia itu sampai matipun sama. Tapi embuhlah, gak eruh aku," jare Sari.
"Lha iku nek sifat-sifat turunan, gen!" bengokke Anang.
"Lha menawa kuwi yo sifat turunanmu," ujare Sari kalem.
"Koen iku ngawur ae!" bengoke Anang tambah banter.
"Lha buktine koen mau ngomong dhewe nek "niat-niat thok, gak onok nyatane,"
"Lha wingi sasi poso wes mari je, lha dino iki wes kumat neh,"
"Poso rak ngempet kuwi,"
"Apa tak poso ben dina ae yo Sar?"
"Ra onok bedhane Nang, watakmu wes ngono kuwi kok,"
"Ah, kon iku malah nambah-nambahi rasa bersalahku thok ae," kandhane Anang karo ngelus-elus githoke.
"Nek kroso bersalah berarti rak bener se? Jadi semakin kuat alibi nek koen iku cen kelakuane yo koyok ngono kuwi,"
"Mbok aku ditulungi Sar. Nglarakno atine wong kuwi duso gedhe. Moh aku nek duwe watak elek kuwi. Gek ndang tak mari mumpung iki isih sasi Syawal. Piye carane Sar?"
Sari unjal ambegan. Nyelehno bokonge neng kursi pojok kantin sing isih sepi. Atine muntab.
"Mbak es degan satu ya!" bengokke Sari. Mugo-mugo ae es degan kuwi isa ngedhemno atiku, batine Sari. Sari unjal ambegan maneh.
Mbak Dewi bakul ndok kantin kuwi langsung iwut tangane nggawe es degan, sedelok ae dhek-e wes inthik-inthik nyedhaki mejane Sari lan Anang karo nggawa es degan. Es degan durung ae diselehno meja, wes disaut Anang. Boyo sithok kuwi tanpa duso trus nyruput es degan kuwi, mari ngono es degan kuwi trus disurung ngarepe Sari. Sari bola-bali unjal ambegan. "Dancuuk! Dasar boyo rai gedhek!" bengokke Sari ing jero ati.
"Golek tampar nem meter," jare Sari karo nyawang Anang tajem, sing disawang kedhep-kedhep. Ancene nggatheli tenan arek sithok kuwi.
"Trus?"
"Talenono ngisore wit pelem,"
"Ate digawe opo Sar? Ngrubuhke pelem ta?" pitakone Anang polos.
"Ya up to you, terserah. Ate digawe lompat tali ya mangga, ate digawe latihan panjat pelem ya enthuk, ate digawe kendhat ya silahkan. Sembaranglah," jare Sari rada emosi.
"Tambah ngawur ae kon iku. Tidak ada kasus lelara isa mari merga tali tampar. Ah jangan bercanda kalau dimintai saran Sar!" gremenge Anang.
"Lho, iki model baru kok. Sapa ngerti koen sing dadi penemu pertamane,"
"Sar, anu... Mungkin lebih baik kalau koen rabi wae ambek aku, aku yakin pasti koen iso merubah sifatku. Ben mari elekku. Nek wes duwe bojo mesthi mari gombalku," jare Anang serius.
"Jabang bayiiik..! Nganti donya iki ate kukut and you are the only one man, aku gak ate rabi ambek koen Nang!" bengokke Sari emosi. Sari ngadheg mari ngono ninggal Anang ndok jero kantin dhewe.
"Jangan begitu Sar. Saar..! Es degannya belum dibayar!" bengokke Anang.
"Sing ngombe rak koen ta, bayaren dhewe! Aku atene mulih!" ujare Sari getem-getem. Sari wes gak duwe semangat maneh melu kuliah tambahan jam loro mengkok. Nyetop microlet kuning trus sedela ae wes lungo ninggalno kampuse.
-------------------------------------------
Hehe... Logat Suroboyoan campur basa Indonesia campur basa Landa sithik-sithik. Kepingine nulis crita nganggo basa Suraboyoan, tapi akune gak reti yok opo nulise...sepurane yo!


14 comments :
Mbak, nyilih kamuse :((
Mak bedunduk... koyok srimulat wae mbak ....
,najan ing batine misuh - misuh ora karuan ning kata - katanya selalu halus dan penuh perhitungan
eladalah, kok dadi boso negara sebelah? opo disengojo?
@anazkia, wkwkwkk...aq gak duwe kamus basa Suroboyoan, iki asal nulis wae, hehehe...
@joe, eh...campur aduk dadine mas, hehehe...pengine nulis gawe basa Suroboyoan tapi kok angele rek...
@Eko W, emang sengaja kok pak, hehehe...
@all, matursuwun komennya...
wakakakak.....
mbok embannnn... eh salah, mBok babuuuuuuu....
kok nganggo jenenge babeh BaturMalang ta iki lakone ki...???
wadul babeh ahhh.... simbok babu nggatheli.... :)) LoL...
wuah, basane kok roaming ngepoll yah, bu..? kalo pake ggogle transilit, kira-kira pilih basa apa..?
nganggo tamat.. padahal tak enteni trilogine...
yang tersinggung Nih..
@maztrie, sesuk gawe nama maztrie ah...wkwkwkk...
@rawins, bahasa lambe kang, wakakaakkk...
@ndeos, aq keweden ora kewaca gung. Ternyata aq masih terlalu halus untuk nulis basa suroboyoan, xixixii...
@omtri, sampeyan tukang dodol gombal barang ta mas? waduh
Waduh, Anang jeneng dosen idolaku je... Kok dibawa-bawa...
bwakakak...lucu tenan mbok. cocot'e pancen lamis si anang iku mau.
asline ki dancuuukkk opo jiancuuuukkk to sing bener...?
Sing bener ya diamput; iki sing palingbueeeeenerrrrr
wah..si anang ancen gombali og
Poskan Komentar
Matur suwun wis gelem melu umuk...