Blog wadul, blog rasan-rasan & blog umuk.

Crita Babagan SMS

Share

Ana SMS ngethithir tumuju nomerku. HP-ku kedher ping pindho. Sengaja dakgawe silent soale bendaraku wedok ana ngomah, dina iki ora mangkat kerja, nunggoni anake kang lagi prei sekolah. Nek dakuripake isa-isa gawe geger sakomah.

Bendaraku mana paling gething yen keprungu swara HP-ku muni nalika dheweke ana ngomah. Biyen, dhek jaman sepisanan aku lagi teken kontrak, ana perjanjian tertulis antarane aku lan bendaraku, ing kono katulis menawa ta aku ora entuk nganggo HP nalika bos ana ngomah.

Nganti seprene, nem tahun lawase, yen bendaraku ana ngomah HP-ku mesthi njur ora ana unine, silent mode.

Wektu iku tanganku isih gupak unthuk sabun. Ing wayah isuk ing dina Sabtu ngono kuwi biasane aku ngumbahi gombalane khususe bosku, dakkumbah nganggo tangan amarga kalebu gombal alus kang larang regane, bayaran rong mingguku wae durung cukup nek digawe tuku gombal siji.

Sabanjure...sreett..seerrr.. tanganku daklapke kaos kotange bendaraku sing arepe dakkumbah. Eh jebul Mbak Tarti. Wadon sepantaran umurku sing pitung taun kepungkur ninggal Purwadadi tumuju Hong Kong saperlu luru gawean dadi babu kuwi sing ngirim SMS mau.

Weh lha, njanur gunung tenan, batinku. Biasane Mbak Tarti kuwi yen SMS-an ing wayah bengi thok. Bendarane ora ngijinake babune dolanan HP. Malah kepara luwih serius, yen aku isih isa silent HP tapi Mbak Tarti kudu dipateni thes HP-ne. Bendarane ning omah terus alias ibu rumah tangga tulen sing ora nyambut gawe ngana kae. Jan persis kaya satpam nunggu gawe lan ngawasi saparipolahe Mbak Tarti.

Mbak Tarti siji-sijine kancaku sing ngaji-aji SMS gratis ing jaman internet ngene iki. Ora kaya babu-babu liyane sing saben dina sregep wiridan fesbukan, slinthutan karo bendarane, Mbak Tarti mung ngerti SMS lan telpun thok-thok. Yen babu liyane akeh sing cinta mati karo toilet, ndhekem jam-jaman ngguya-ngguyu karo nguthek-uthek HP, Mbak Tarti pilih ndhoprok ing pojok pawon nunggu dhawuh bendarane.

Mbak Tarti uga ora kaya babu-babu liyane sing seneng nulis-nulis lan kalebu penulis/sastrawan (babu) kae. Uga ora melu organisasi seni utawa tari apa maneh organisasi vocal/advokasi ngana kae, lha wong nek ngerti ana babu-babu arep dhemo wae Mbak Tarti mesthi ndhelik keweden kok.

Mbak Tarti mono mung babu biasa sing utun nyambut gawe lan sendika dhawuh marang bendarane. Sanajan ta kala mangsa bendarane kerep memba dadi Mak Lampir utawa Nyi Calon Arang, Mbak Tarti pilih meneng lan pasrah wae.

Ing sakjroning nem taun, wanita ireng manis sing dhuwur lan kurune ngluwihi aku kuwi mung ngerti Victoria Park thok. Mula kanggoku rada angel anggonku ngemban atine wong siji kuwi.

Kanca tunggal sak-PT-ku kuwi sajak ngusung kabar penting nganti ora sabar nunggu wengi kanggo SMS-an. Mbuh ana ngendi anggoneSMS kuwi. Menawa wae pas blanja nang pasar utawa pas nunggu simbah sing diopeni lagi priksa dhokter, mbuhlah.

Gandheng SMS sapepadha simcard kuwi gratis lan uga gandheng aku wis penasaran banget, saknalika iku uga langsung dakwaca SMS-e.

"Rie, wong lanang kuwi kucing apa ula?" mengkono isi SMS kuwi mau.

We lha dalah.... Yen ta ora ngelingi menawa sing ngirim SMS kuwi wong kang mbokmenawa wae mung ndhuweni kanca akrab siji yaiku aku, menawa wae bakal dakjarke wae nganti mengko bengi nembe dakjawab. Iki takon temenanan apa guyon, pikirku.

"Kalamangsa kucing, kalamangsa ula. Sing kaya bungklon ya akeh, sing kaya asu ya ana. Ana apa?" jawabku.

Ora let sedhela, wadon kang kepeksa gelem diwayuh sakwise ngonangi bojone ngetengi wadon liya kuwi mau banjur ngirim balesane.

"Dhuwit celengan gawe sekolahe Anti (anake wadon Mbak Tarti) dibedhol karo bapake, jare arep gawe babaran bojo nom," ujare maneh.

"Lha apa dheweke ora mergawe?" pitakonku.

"Ora nyukupi," jawabane cekak aos.

SMS mbaka SMS banyu mili. Nanging aku durung mangerteni ning ngendi bakale tuk-e. Aku duwe rasa was-was uga, merga pakulinanku sing biasa ngomong blak-blakan kuwi mesthine ora bakal gawe rena atine Mbak Tarti. Njur aku kudu mangsuli kepriye iki? Aku bingung karepku dhewe.

"Nek ngono dheweke kalebu kewan kapapat Mbak, asu," wangsulanku maneh, isih padha, uga lewat SMS.

Suwe anggonku ngenteni wangsulan SMS saka Mbak Tarti, nanging nganti pirang-pirang jam ora ana wangsulan. Dakkirim SMS kang isine aku njaluk sepura menawa ana lupute anggonku njawab SMS sakdurunge, nanging ya ora diwangsuli. Aku samsaya bingung.

Aku isa nylamur gorehing atiku nalika aku ngayahi kewajibanku ngopeni momonganku nganti tumekaning masak kanggo makan malam. Nanging rikala kabeh pagawean rampung lan aku wis mapan ing sakdhuwure kasurku sing temumpang ing sakdhuwure kulkas (waca ing kene: http://babungeblog.blogspot.com/2010/03/tragedi-munyuk-kesasar-di-hong-kong.html) , aku nyawang HP-ku kanthi ati kroncalan.

Dakpikir aku ora ngomong akeh-akeh utawa aneh-aneh ing SMS kapungkur awan mau. Apa ya amarga SMS kuwi sing gawe ora seneng tumekaning lara atine Mbak Tarti nganti ora gelem mbalesi maneh? Oh Gusti! Geneya aku dhek mau ora mikir jero sakdurunge ngirim SMS pungkasan? Getunku kepati-pati.

"Dreeetttt...dreeettt...!" HP-ku kedher pindho. Saknalika aku jumbul kaget, meh wae HP-ku mencelat saka tanganku.

Dakbukak SMS sing dakgadhang-gadhang saka Mbak Tarti. Lan tenan, SMS kuwi pancen saka Mbak Tarti.

Age-age anggonku maca ukara mbaka ukara ing SMS kuwi mau. Atiku dheg-dhegan.

"Aku ora nesu. Asu iki bapake anakku. Aku sejatine ora ikhlas menawa anak sing dakrewangi toh nyawa, toh pati, uga toh nasib iki bakal diwaleni dening wong lanang sing mung udu kenthongan," tulise ing SMS.

"Dreeett... dreettt...," HP-ku kedher maneh.

"Ning aku ora ngerti njur kudu kepriye maneh. Wong tuwaku wis ora ana kabeh, aku ya ora duwe sedulur cedhak sing isa dakpercaya ngrumat anak wedokku. Nek bali desa, aku ora ngerti kudu nyambut gawe apa, nek ning kene aku isa ngirimi dhuwit ajeg. Ning ya kuwi aku makani maruku barang," SMS kapindhone.

Maneh, aku dheleg-dheleg. Aku njajali mapakke awakku ing kahanane Mbak Tarti, lan aku yakin aku ora bakal kuwawa nandhang lara lan laraaa banget kang kaya mengkono iku mau.

Bola-bali aku matur pamujiku marang Gusti, yen ta sasuwene iki aku isih isa milih dalan uripku dhewe, alhamdulillah. Ewadene Mbak Tarti, kawit cilik ora duwe pilihan babar pisan. Dipeksa kawin mudha, dikon dadi TKW, diwayuh nganti tumekaning ngopeni marune. O Gusti...aku ora isa mbayangke kaya ngapa perihe.

Aku ora ngerti kepriye anggonku bisa nulungi Mbak Tarti, menawa wae ya mung perkara siji iki sing ora bisa dakwedhar, kaya-kaya dalan uripe Mbak Tarti wis nali mati. Aku mung isa njaluk sepura, ora ngerti kudu SMS kepriye kanggo isa nglonggarake sumpek atining Mbak Tarti. O donya... mbok tulungana wadon siji kuwi...


Aku Dudu Klapa

Dakwolak-walik jeroning lara
jebul ora mung kebacut
ning nganggo banget

Lan
amarga bibitmu kang awujud lemah urip
aku tumali ing siksa tanpa cecek

Kangmas,
apa aku iki klapa
sing dibeset sepete,
diperes santene,
dideres gulane,
dipangan pondhohe,
dirah glugu, sada sakblukange?

apa lumrah?
lanang polah, wadon kepradhah?

KTKLN, Apa dan Bagaimana

Share

Tulisan tentang KTKLN ini sempat saya posting di FB saya, namun karena FB saya ada gangguan (kena Hack) menjadikan tampilannya semrawut dan hampir tak terbaca. Sekian dari teman saya yang masih bingung tentang KTKLN menghubungi saya lewat inbox dan meminta saya untuk mempostingnya di blog. Berikut adalah tulisan tersebut:


BENARKAH KTKLN BENAR-BENAR GRATIS? DAN BENARKAH KARTU INI DAPAT MELINDUNGI TKI YANG BEKERJA KE LUAR NEGERI? BAGAIMANA CARA PEMBUATANNYA? SIMAK TULISAN INI!

KTKLN adalah kartu identitas bagi TKI yang memenuhi persyaratan dan prosedur untuk bekerja di luar negri,dibuat dalam bentuk smarcard contactless yang dapat melacak keberadaan TKI secara Online. Kartu ini memuat data identitas TKI,foto,sidik jari (dua jari, kiri-kanan),PPTKIS,mitra kerja,pengguna TKI,paspor,asuransi,uji kesehatan,sertifikat pelatihan,sertifikat uji kompetisi,perjanjian kerja,jenis pekerjaan,negara penempatan,masa berlaku,tempat penerbitan,tanggal berangkat dan embarkasi/debarkasi.

Menurut pemerintah, KTKLN adalah sebagai satu tanda tenaga kerja bahwa mereka adalah legal, dan pemerintah tidak akan lagi mengijinkan TKI berangkat ke luar negeri tanpa KTKLN. Kartu ini diberikan secara gratis (katanya) kepada TKI dan calon TKI dengan masa berlaku 3 tahun dan dapat diperpanjang sesuai dengan kontrak kerja baru.

Dasar Hukum Pemberlakuan KTKLN:

1) UUPPTKILN No. 39/2004 (UU tentang Penempatan dan Perlindungan TKI di Luar Negeri)
2) Instruksi Presiden RI Nomor 6/2006 tentang Kebijakan Reformasi Sistem Penempatan dan Perlindungan TKI di Luar Negeri.
3)Kepmenakertrans No.14/2010,Bab 18 Pasal 64,Ayat(2)/Peraturan Menteri Tenaga Kerja Dan Transmigrasi No 14/2010 tentang Pelaksanaan Penempatan Dan Perlindungan Tenaga Kerja Luar Negeri.


Siapa yang wajib memiliki KTKLN?

1) TKI untuk pengguna perseorangan (PRT, dsb)
2) TKI yg berangkat lewat PPTKIS/PJTKI
3) TKI yang ditempatkan dengan sistem G to G (Korea dan Jepang) / G to G=Pemerintah ke Pemerintah)
4) Penugasan perusahaan yang sama ( perusahaan yang punya cabang di luar negeri ( PJTKI/PPTKIS yang memiliki cabang di Luar negeri / Agen)


Syarat mendapatkan KTKLN


Bagi calon TKI:

* Memiliki surat perjanjian kontrak kerja di luar negeri
* Memiliki Paspor dan Visa kerja
* Sertifikat Uji kompetensi
* Sertifikat uji kesehatan
* Bukti pembayaran asuransi
* Bukti pembayaran DP3TKI sesuai PP 92 tahun 2000
* Bukti pembayaran pembinaan sebesar USD 15



BAGI TKI YANG BERADA DI LUAR NEGERI/YANG SEDANG CUTI:

* Pembayaran ke asuransi Indonesia 1 tahun Rp. 190.000, dua tahun Rp.290.000 dilakukan di tempat yang sama di BNP3TKI atau DP3TKI (ALAMAT LIHAT BAWAH).
* Memiliki Bukti calling Visa
* Memiliki Bukti perjanjian Kerja Yang Sudah di Tanda Tangani Pengguna dan TKI (Surat kontrak kerja)
* Copy tiket pesawat pulang pergi atau surat pernyataan dari majikan bahwa yang bersangkutan sedang cuti.
* Bawa serta KTP Indonesia, HK dan paspor asli untuk verifikasi.
* Materai Rp. 6000

Di sini syarat-syarat untuk membuat KTKLN sudah banyak diperbarui. Tidak diperlukan lagi surat uji kompetensi dan uji kesehatan bagi TKI yang berada di luar negeri yang mau cuti. Uang pembinaan sebesar US$ 15 juga sudah ditiadakan, Biaya asuransi juga sudah diturunkan.

Demo itu ada baiknya juga agar pesan dan uneg-uneg kita tersampaikan, kalaupun tidak bisa dipenuhi toh paling tidak bisa membuat pemerintah sedikit malu dan bisa observ.

BAGAIMANA CARA MENGURUS KTKLN?



1) SIAPKAN SEMUA PERSYARATAN DI ATAS

2) DATANGI KANTOR BP3TKI ATAU P4TKI TERDEKAT (ALAMAT DI BAWAH), LEBIH BAIK UNTUK DATANG PAGI2 KARENA YANG ANTRI BUANYAAAKKK

3) ISI SURAT PERNYATAAN BAHWA KAMU MEMBUAT KTKLN SENDIRI

4) BAYAR ASURANSI

5) SERAHKAN SEMUA SYARAT DAN TUNJUKKAN KTP, PASSPOR DAN KONTRAK KERJA ASLI SEBAGAI VERIFIKASI. TUNGGU UNTUK POTO.


Jadi kawan seperti itulah caranya,lakukanlah sendiri agar teman2 tahu dan mengerti dan tidak dibohongi pihak ketiga. Jangan gugup, kita sudah sering dapat gemblengan keras dari majikan kita mosok menghadapi petugas2 di Indonesia saja tak bernyali??!!



Namun saran saya harap menelpun BP3TKI yang akan kamu datangi terlebih dulu untuk memastikan kelengkapan syarat-syaratmu. Soalnya kemarin aku sempat menelpon ke BP3TKI (semarang, jogja, jakarta) mereka menjelaskan syarat yang sedikit berbeda. Tapi pada dasarnya syarat baku diatas dan prosedur pembuatannya seperti yang saya tuliskan di atas.



Benarkah KTKLN bisa melindungi TKI/BMI??

Katanya (kata pemerintah lho ya) KTKLN itu:

1) Mudah menelusuri ketika TKI mengalami masalah diluar negeri sebab KBRI/KJRI bisa langsung berhubungan dengan Dinas Tenaga Kerja Daerah dan BNP2TKI melalui sistem pelayanan online (Padahal berdasarkan UU No.39/2004: PJTKI yang memberangkatkan adalah pihak yang harus bertanggung jawab terhadap TKI diluar negeri.KTKLN menegaskan bahwa negara tidak berkewajiban melindungi TKI NAh lho?? iki piye??).

2) Untuk menghindari TKI ilegal dan perdagangan manusia dengan memperketat kelengkapan dokumen (Padahal banyak TKI menjadi ilegal karena proses yang sulit,tidak jelas dan mahal serta tingginya biaya penempatan/sistem potongan gaji yang tidak pernah habis, lagipula legal atau illegal TKI adalah warga negara yang wajib dilindungi oleh negara. Negara mempunyai kewajiban untuk melindungi segenap bangsanya)

3) Mencegah pemalsuan identitas (faktanya pemalsuan identitas dilakukan PJTKI dan pasti data palsu pula yang dicantumkan ketika mendaftar KTKLN.Jika ingin mencegah pemalsuan identitas maka pemerintah harus memfasilitasi calon TKI membuat paspor sendiri dan permudah biro aksinya)

4) Memperbaiki sistem perlindungan seiring dengan perkembangan tehnologi demi penerbitan,monitoring dan perlakuan baik oleh majikan (pemerintah mengembangkan tehnologi tapi ini tak urung jg membebani BMi. Biaya untuk menuju ke tempat pembuatan KTKLN, asuransi..itu butuh duit juga, belum lagi waktu kita yg terpotong..duhh:))





CONTOH SURAT PERNYATAAN CUTI YANG DITANDATANGANI MAJIKAN:



Hong Kong,….



To whom it may concern



This letter is to confirm that Tulkiyem (holder of Indonesian Passport No…) was working as a domestic helper in my house starting from… to present.



In order to extend her employment contract, I allow her to go back home to Indonesia starting from … until… She will come back to me to perform her job as she is a responsible type of person.



I am happy to provide any further information if required.





Yours faithfully,





nama bosmu dan tanda tangan di atasnya

(employer, holder of Hong Kong Identity Card/Passport No…)

Alamat bosmu









BERIKUT ADALAH DAFTAR ALAMAT DAN NO TLP BP3TKI SE-INDONESIA



NANGGROE ACEH D.S

Jl. Sukarno Hatta No.17 Ds lam Ar

Banda Aceh Raya, Banda Aceh, NAD

T. 0651- 7410355,

F. 0651- 635959



SUMATERA UTARA

Jl. Asrama No. 143 Medan -20126

T. 061- 8476657,

F. 061- 8443886



RIAU

Jl. Taman Sari Gg. Taman Sari I Kel.

Tangkerang Selatan Pekan Baru

T. 0761- 7079765



SUMATERA SELATAN

Jl. Dwikora II No. 1220

Palembang -30137

T. 0711- 312062



DKI. JAKARTA

Jl. Pengantin Ali No. 1 Jakarta

T. 021- 87781840,

F. 021- 87781841



JAWA BARAT

Jl. Sukarno-Hatta No. 301

Bandung 40232

T. 022- 5204091



JAWA TENGAH

Jl. Kalipepe III Pudak Payung, Semarang 50236

T. 024- 74763260,

F. 024-70799273


Jl. Brantas no 74 Cilacap telp 0282 533250

DI YOGYAKARTA

Jl. Lingkar Utara Maguwoharjo Depok -

Sleman Yogyakarta 55282

T. 0274-885542,

F. 0274- 885542



JAWA TIMUR

Jl. Jagir Wonokromo No. 368 Surabaya

T. 031-8415858,

F. 031-8411445



KALIMANTAN BARAT

Jl. Urai Bawadi No. 82 B Pontianak

T. 0561-735244



KALIMANTAN SELATAN

Jl. Rosela I No. 17 Sim. 4 Sei-Ulin

Banjarbaru

T. 0511-4781638,

F. 0511-4782352





KALIMANTAN TIMUR

Jl. Tien suharto No. 49 Nunukan

T. 0556-21018



NUSA TENGGARA BARAT

Jl. Adi Sucipto No. 9 Ampenan

Mataram

T. 0370- 633797





NUSA TENGGARA TIMUR

Jl. Perintis Kemerdekaan Kel. Kayu

Putih, Kupang

T. 0380- 826669



SULAWESI SELATAN

Jl. Taman Makam Pahlawan No.4

T/F. 0411-425039



SP3TKI Tanjung Pinang

Jl. DI Panjaitan Km 9 Komp Bintan

Center Blok Q No. 3 Tanjung Pinang

T/F. 0771-442295



SP3TKI JAMBI

Jl. Letkol Tugino Kuala Tungkal, Jambi



SP3TKI BALI

Jl. Moh. Yamin No. 11 Denpasar

T. 0361-235560



KANTOR PENGHUBUNG

BANTEN

Jl. Ciwaru Komplek Depag No. 2 Serang T/F. 025-4204970



referensi: www.bnp2tki.go.id

Mak, Kue Sialan itu Bernama KTKLN

Share

Kakiku berat melangkah memasuki ruang pemberangkatan di bandara Juanda pada Minggu (11 Sept'11). Bukan karena beratnya luggage bag yang teramat sangat, bukan pula karena hand carrier yang menggelembung atau backpack yang padat berisi dan menggelantung di pundakku. Namun karena hati ini tertambat pada rasa salah luar biasa kepada diri sendiri, orang tua dan teman-temanku.

Sehari sebelumnya emak memohon padaku, menyuruhku berjanji untuk mengakhiri kontrakku, bahwa ini adalah kontrak terakhir yang akan aku jalankan, namun aku tak bisa mengamininya. Entah kenapa. Kubiarkan airmatanya berderai-derai mengiringi serangkaian wejangan dan doa yang dipanjatkannya untukku, hanya untukku. Kubiarkan tangannya sibuk menggerayangi kepalaku dan berjinjit menciumiku, menjadikan wajah dan kepalaku basah oleh airmatanya, kubiarkan saja.

Aku merasa hampa, benar-benar tidak tahu apa yang harus aku katakan. Tak sanggup menjanjikan apapun, tak sanggup menjawab sepatah katapun bahkan tak sanggup menatap matanya sekalipun, sungguh! Aku sungguh takut beliau memblojeti pikiranku dan mengetahui apa yang sedang aku takutkan.

.....

Kembali, berkali-kali kulihat isi dompetku yang hanya sisa Rp.130.000 saja setelah sebelumnya membayar airport tax sewaktu check in sebesar Rp. 150.000.

Ada rasa was-was, kalau-kalau aku gagal keluar dari area imigrasi itu. Apalah yang tak mungkin di Indonesia?

Suasana memanas ketika aku berhadapan dengan petugas imigrasi. Kecemasan dan kegalauan hatiku serta merta terbaca oleh petugas imigrasi. Suasana itu seperti apa yang telah aku prediksikan sebelumnya.

Passpor, kontrak kerja dan kartu sialan itu sudah kupindahtangankan kepada petugas. Sedetik kemudian, kartu yang kubuat susah payah selama seharian penuh di BNP3TKI Semarang itu teracung di depanku. Sepasang mata menatapku tajam.

"Wah ini pemalsuan identitas namanya," kata petugas Imigrasi.

"Ya benar, tapi bukan saya pelakunya," jawabku.

"Lha kalau bukan kamu siapa lagi? KTKLN ini khan milikmu. Kamu yang mengajukan pembuatannya. Mana bisa nomor passpor yang di kartu KTKLN bisa beda dengan yang di passpor? Gak bisa begini," katanya lagi.

"Pak, segala data yang saya miliki sebagai syarat pembuatan KTKLN saya jadikan satu dalam stopmap warna merah yang bertuliskan nama saya, lengkap dengan nomor passpor saya," kataku. "Kalau hasilnya nomor passpor yang ada di KTKLN tidak sama dengan nomor passpor yang ada di passpor saya, itu kesalahan petugasnya dong. Lha wong mereka yang masukin data kok, bukan saya" jawabku.

"Ya mana mungkin bisa salah kalau dijadikan satu. Petugas di sana (BNP3TKI) itu profesional semua lho. Kamu pasti masukin passpor lama," bentaknya.

"Kalau passpor lama sudah expired ngapain juga saya lampirkan. Saya tidak buta huruf pak, saya bisa baca tulis," jawabku dengan suara lebih keras.

"Kalau hasilnya seperti kamu trus mau ngomong apa? Ini pendataan lho. Wajib lho. Keselamatanmu ini tergantung di sini," katanya sambil menunjuk-nunjuk kartu yang berwarna putih dengan gambar garuda di pojok kiri dan fotoku di bawahnya itu.

"Keselamatan saya selama ini saya tanggung sendiri pak. Dengan atau tanpa adanya kartu ini tidak bisa merubah kedudukan saya akan nasib saya sendiri. Saya pastikan saya akan baik-baik saja."

"Kamu jangan sok tahu ya, kalau kamu gak punya ini kamu gak bisa berangkat ke Hong Kong kerja, tau!" bentaknya.

Kepalaku seperti terbakar, asapnya aku rasakan memenuhi ruangan luas yang padat manusia yaang kebanyakan senasib denganku, hendak mengadu nasib ke negeri seberang sebagai TKW atau babu atau jongos dan sebagainya.

Dadaku sesak. Dalam pada kesempatan itu aku berteriak kepada mbak yang berada di belakangku.

"Mbak, sampeyan punya kartu KTKLN ga?" tanyaku.

"Ada," jawabnya sambil merogoh-rogoh dompetnya.

"Pasti punya, karena memang itu keharusan," kata petugas wajahnya senang seperti akan mendapat lotre dua ratus ribu. Dan memang dua ratus ribu itulah yang dinantikan dariku untuk menambal KTKLN yang bernomor passpor salah itu.

Demi emakku yang menangisiku sehari semalam, tak akan aku menyogok petugas imigrasi untuk meloloskanku ke gate 10 (gate di mana pesawat yang membawaku ke Hong Kong). Dan demi teman-temanku di Hong Kong yang berjuang menolak KTKLN, aku sudah berjanji jauh hari sebelumnya bahwa serupiah sekalipun aku tak akan melepaskannya untuk memenuhi kantong petugas tamak itu.

"Pak, saya akan menunggu di sini dan menyaksikan apakah semua orang yang akan ke luar negeri seperti saya bapak perlakukan sama. Apakah mereka juga akan bapak tanyai satu persatu tentang KTKLN," kataku.

"Kamu itu punya kartu palsu kok masih ngeyel ya. Udah pulang aja, ga usah balik ke Hong Kong," katanya.

"Palsu itu kalau saya atau orang lain yang membuatnya secara illegal. Lhah ini lho yang membuatnya petugas BNP3TKI di Semarang sana. Bapak jangan kayak gitu ya. Jangan mengintimidasi saya. Saya masih punya pulsa di HP saya yang bisa saya gunakan untuk menelpon BNP3TKI Semarang atau kepala BNP3TKI wilayah Surabaya," kataku.

"Kamu ngancam saya?"

"Mana saya berani pak. Saya hanya ingin bapak tahu penjelasan langsung mereka. Mengapa mereka bisa salah memasukkan nomer passpor saya dan sebagainya. Oh iya, selain itu saya juga pengin tahu kejelasannya, apakah kemudian KTKLN saya hanya senilai dua ratus ribu rupiah saja," gertakku.

Dan ternyata gertakan itu berhasil membuat petugas itu keder dan menyerahkan kembali passpor, kontrak kerja dan KTKLN ku, meski dengan agak kasar.

"Bapak masih beruntung saya tidak mencatat nama bapak untuk saya laporkan. Saya kasihan membayangkan anak istri bapak yang mungkin akan kelaparan saat bapak berada di tahanan," kataku lalu bergegas pergi.

Menghadapi oknum petugas imigrasi seperti menghadapi anjing-anjing kampung yang menyalak keras. Yang hanya dengan pura-pura memungut batu saja mereka sudah lari tunggang langgang.

Oalah mak, ternyata ada kue yang bernama keren KTKLN!

Gurit Kuciwa

Share

DUDU CANDRAMAWA

Dak kira Candramawa
Jebul mung lumrahing jalma
Luput kapisan sabanjure kapindho
Nuli ndadra

Dene ana wektu mangkene
Nyebul samirana tresna
Nyuwun mitra
Malah nemu sambikala

Kucing gering kui
pindhane
Antuk pindang sangaron
Lunjak-lunjak ngentekke tandhon




WUYUNG KETATON

Mrangguli sliramu ing pucuking ratri
Gawe isuk sing meh kawitan teka gasik
Meh wae aku kobong dening suryane

O bethara...
Muspra aku tapa brata
Nyelaki wuyung kang ketaton

Kanyata
tekamu gawe wurung
anggonku nyulaki ati
sing nyikal gething kepati-pati




WUYUNG KETATON




Nalika geseh panemu wurung akur
mung siji kahanan kang bisa kaanggit
bubar

Lan nalika bubaran kuwi mau nggembol lara langka tamba
sejatine sing dilali-lali kuwi mau tansah kelingan

Lara kuwi mau, ya kapang kang ketaton
ya wuyung kang ketaton
lamun wektu kang bisa nyampurnakake tatune

Riyayan Kepungkur

Share


“Gak metu mbak?” pitakone kanca sak flatku saka balkon apartemen sebelah. Wadon asal Malang iku wes dandan ayu lan nganggo mukena putih.

“Ora. Bosku kerja, anake sing momong sapa nek aku metu?” sumaurku.

“Digawa lo, dijak melu sholat Ied,” kandhane maneh sajak enteng wae .
Aku mung unjal ambegan, ora semaur.


Aku saiki ana ing papan kang adoh saka Blora, tanah klairanku. Adoh uga saka Indonesia, negaraku. Hongkong saiki dadi papan sawateraku. Ing kene aku nyambut gawe dadi babu, rewange Cina. Ing omahe bendhara kang lanang wadone lunga mergawe seka jam wolu isuk nganti jam pitu wengi kuwi aku kajibahan ngrumat bocah cilik, masak, reresik omah uga blanja.

Nalika semana lungaku mana ora amerga nglungani tanggung jawab marang wong tua nanging sawalike. Daya-daya kepingine ati supaya ora nambah bebane wong tua, kepingine ati gawe omah supaya simbok ora bingung golek ember lan plastik kanggo tadhah udan amarga trocoh ing sajeroning omah meh rata. Yen udan, teles ning sajabane omah meh padha karo teles ing sajroning omah, ngedab-edabi.

Udan kuwi gawe mirising atiku lan simbok. Omah sing wis miring mengulon lan nganti dicagaki supaya ora rubuh kuwi kaya-kaya bakal kalah tanding karo udan, mbuh saiki mbuh sesuk, mengkono pamikirku nalika semono.

Mangsa rendeng kang jare wayah paling trep kanggo turu kuwi malah dadi mangsa paling medeni kanggo aku lan simbok uga simbahku. Kita angel turu merga wedi marang wewayangan saka, panuwun, reng, usuk kang bakal kumleyang ngebruki kita.

Aku wis ana ing pucuking kaprihatinan kang naudzubillahi nalika mutuske oncat saka negaraku tumuju Hong Kong, tanpa palilah saka bapak, simbok apadene simbah. Amarga wes mesthi kekarone ora bakal menehi palilah. Simbah nate ngendikan mengkene, “Mergawea sak paran-paran angger kowe ora dadi buruh, babu. Buruh mana dilebur ora weruh. Lara saklara-larane gawe lan asor sak asor-asore gawe .”

Pancen bener ngendikane simbah. Kerja prasasat ora ana lerene, titahing bendara prasasat ora tau asat, ngimplah-implah kaya dene banyu segara. Ewadene yen ora kuwawa bisa gawe salira kuru lan ati nggrantes.

...

Bosku kekarone wes metu saka kamar nganggo klambi kantor jangkep sak jase. Kekarone banjur nyaut tas isi bontot mangan awan kang wis dak cawisake ing sandhuwure meja makan. Tuli nggeblas tanpa pamit. Aku unjal ambegan maneh, lega.

Aku mlebu pawon, nyawang lapangan Victoria kang wes kebak menungsa nganggo sandhangan sarwa putih sumadiya sholat Ied. Sholat Ied berjamaah sing dianakake dening KJRI Hong Kong daksawang katon rame, udakara nem ewu menungsa tumplek blek ngebaki lapangan sing ambane kira-kira sapadha lapangan sepakbola jejer sanga. Nanging ramene isih ora madahani ramene sholat Ied tahun 2009 kae, amarga tahun 2010 riyaya tumiba ing dina Jumat. Para bendara mesthine padha makarya lan njalari akeh sing ora bisa melu sholat Ied, kaya dene aku. Dhek tahun 2009 riyaya tumiba ing dina Minggu, wayah para TKW padha prei mergawe, saengga padha bisa shplat Ied ing lapangan Victoria.

Iki pancen dudu riyaya kapisan sing daklakoni ing paran. Rolas riyaya aku ora bali sungkem wong tua. Kawitan nalika aku entuk gaweyan ana Semarang rolas tahun kepungkur nganti oncatku saka tanah kelahiran saperlu golek dhuwit. Ewadene rasa keranta-ranta kuwi tibake uga bisa dirasakake bola-bali, makaping-kaping.

Dak njipuk HP-ku, let sedela tanganku gregelan nelpun simbok. Ing papan liya, ing Blora kana, simbok nampa telpunku lan nangis samangsa krungu suaraku lagi uluk salam.

Simbok nangis ing sangarepe panci blirik isi opor ayam nalika aku nelpun panjenengane. Astane sing mati separo dumadakan krasa abot banget diobahake. HP sing ana ing astane mrucut makaping-kaping mbarengi mrucute luh saka netrane kang mbanyu mili. Mbakyuku kepeksa mbiyantu nyekeli HP supaya simbok bisa nerusake anggone rerembugan karo aku.

“Sugeng Riyadin mak, sakkathah-kathahing lepat kula, kula nyuwun sepuntene nggih. Sepuntene dereng saged sungkem, sepuntene…,” kandhaku.

Aku dhewe kaya ora kuwawa nerusake tetembungan kang wengi sakdurunge wes dak cathet tharik-tharik ing sakmburine buku cathetan blanja. Abot banget kanggoku ngobahake lambe ngeja siji-mbaka siji ukara. Mripatku kembeng-kembeng kebak luh ora bisa nyawang cathetan sing sejatine wes dakapal ing sakjroning atiku. Pungkasane aku mung nangis ngguguk, ndeprok ing sakngarepe lambe pawon, wurung gawe sarapan kanggo momonganku. Dene kaya ngene rasane riyayan ing paran? Atiku keranta-ranta.

Nggrantesing ati luwih dene laraning lara dakrasakna ing dina riyaya. Aku kelingan opor ayam masakane simbok, utawa asem-asem daging sing seger kae. Aku kelingan gawe lungsung kupat sinambi gegojegan karo simbok, aku kelingan nalikane sesingidan nyumet mercon ing mburi omahe pak RT. Apamaneh kelingan takbiran bareng lan sholad Ied bareng kanca-kancakuwiwit cilik.

Ah, aja maneh sholad Ied bareng, swara takbiran wae ora keprungu ing Hong Kong. Sing ana mung swara-swara wong iwut nyambut gawe. Dina riyaya ing Hong Kong kanggone aku kaya dene dina liyane, kawajibanku kudu dakrampungake.

Kanggo sulihe riyaya, aku sakanca kang libur pendhak dina Minggu gawe acara dhewe. Ing lapangan Victoria kang kasebut uga “Kampung Jawa” kebak dening menungsa kaya dene aku saperlu mahargya riyaya sing ora bisa dirasakake pas ing dina riyaya.

Ing kene iki aku sakanca ngumandhangake takbir kanthi lamat-lamat amarga yen keseron isa diusir dening satpam lapangan. Ora krasa luh sing wes asat bali dleweran ing pipi. Salam-salaman lan rerangkulan karo kanca-kanca sanasib rasane kaya dene lungguh jejer karo sedulur dhewe.

Aku sakanca geguyonan sinambi mangan panganan Indonesia kang digawe kanthi sesidheman ing omahe bendarane dhewe-dhewe.

Kuwi crita riyayan ing Hong Kong sing dakrasakake tahun kepungkur. Rekasaning ati pengin nggayuh pepinginan kudu ditebus nganggo kangen lan sedih lan rasa-rasa liyane. Rasa-rasa kang ora bisa diwedharake nganggo tetembungan utawa tulisan apadene gambar. Rasa-rasa sing mung wong-wong kang mergawe ing negarane wong wae sing bisa mangerteni.

Tahun iki, aku bakal bali lan mahargya rawuhing riyaya bareng sakluargaku. Atiku bungah uga sedhih amarga tahun iki bapak ora bakal ana ing saktengahing kaluarga. Aku ora bakal bisa nemoni panjenengane kanggo njaluk sepura. Panjenengane wes ditimbali dening Gusti sewulan sepungkur. Sepuluh jam sakdurunge seda, ing telpun aku ditangisi dikon bali nanging mokal kanggoku bali dadakan ngono kuwi.

Kodrating Gusti, aku mung nglakoni. Muga-muga panjenengane ditampa lan disepura dosane, aamiin.


Kaya kapacak ing majalah Jaya Baya edisi lebaran (September).

Selamat Jalan Pak

Share

Air mata itu tak bisa dibendung, menerobos begitu saja. Kerja sama dari kelenjar lakrimal dan emosiku begitu hebat padahal hanya karena satu sms yang baru sempat kubuka. Sms yang lainnya kemudian aku ketahui sama isinya, ketiganya dari kakak-kakakku.

Satu kalimat pendek yang aku tahu akan datang padaku semasa-masa tetap saja membuat guncangan di hatiku dan menimbulkan isakan-isakan tertahan ditengah hiruk-pikuknya manusia di MTR (kereta bawah tanah) sekembalinya aku dari rumah mamah (nenek) untuk makan siang bersama. Menahannya karena tak ingin terlihat aneh di depan banyak orang utamanya di saat seorang bocah sedang bergelanyut manja di tangan kananku dan itu bukanlah hal yang mudah. Setegar apapun aku, aku hanyalah seorang anak dari seorang bapak yang terkapar tanpa nyawa ribuan mil jauhnya dari tempatku berdiri pada saat itu.

"Nduk ngebel, bapak wes meninggal," begitu bunyi sms itu Tertera 14.30 Rabu, 13 Juli 2011, mbak Tik, pada bagian kaki sms.

Innalillahi wa innalillahi rojiun. Astagfirullah... Padahal aku berbicara dengannya seminggu yang lalu ketika beliau memohon padaku untuk pulang barang dua atau tiga hari untuk menjenguknya. Dan aku tak bisa mengabulkan permintaannya karena waktu pulangku sudah ditentukan majikan dan itu hanya tinggal satu bulan saja.

Padahal aku berbicara padanya pukul 18.30-19.00 waktu Hong Kong, menjelang maghrib pada Selasa, 12 Juli 2011. Suara nafasnya yang berat dan suara batuknya terdengar keras mendengung-dengung digendang telingaku, hingga saat inipun.

"Kapan mulih nduk?" tanyanya di sela-sela nafas beratnya.

"Tinggal sebulan lagi," jawabku memberi kepastian.

"Tanggal 21 ya. Ndak nyandhak umurku nduk?" kata bapak. "Bali sik nduk," tambahnya lagi.

Dan kembali aku mengatakan tak bisa. Kembali aku harus mengatakan alasanku bahwa untuk pulang ke rumah tidak semudah itu. Hong Kong-Blora membutuhkan waktu dan uang yang tidak sedikit. Lagipula kalau aku pulang secara mendadak berarti bosku harus mengatur segalanya lagi, dan itu yang teramat menyulitkan.

Penyakit bapak sejak dua tahun yang lalu memburuk, kini semakin parah. Hatinya yang keras menolak untuk pergi ke Rumah Sakit, menjadikan semuanya makin payah. Sabtu ini, aku dan kakakku merencanakan untuk memaksa beliau untuk nginep di Rumah Sakit, namun Tuhan berencana lain. Rencana dasyat-Nya itu telah merobek-robek hatiku menjadi kepingan-kepingan yang sulit untuk ditata kembali, meskipun bukan hal yang mustahil suatu saat nanti bisa. Namun hingga saat aku menulis ini, airmata itu terus mengalir dan nafasku sesak. Inilah di saat ikhlas itu menjadi teramat sulit bagiku.

Aku marah pada kakakku dan menghujaninya dengan sms yang menyakitkan, tak tahu apa yang bisa kuperbuat di sini. Aku marah pada diriku sendiri, atas kealpaanku di saat terakhir bapak, atas kegagalanku sebagai anak. aku marah, aku sedih, aku...

Di saatku menahan pedih hati, momonganku berteriak-teriak protes karena kutinggalkan sendirian.

"Ceceee... Play with me, why you stay in the toilet so loooong?" teriaknya di depan dapur yang berujung toilet pribadiku. "Ceceeeeeeee....!" teriaknya melengking.

"Sorry, I'm so sad, gak bisa main denganmu. Nonton TV aja ya," bujukku seraya mengambil sekeping VCD Hi-5 kesukaannya.

"Kenapa sedih?" Mammi angry with you?" tanyanya lugu.

"No, my dad went to heaven, that's why I'm so sad," jawabku.

Dua buah ciuman diberikannya padaku lengkap dengan pelukan eratnya. "Don't be sad. I will draw for you. I will be good, I watch TV later," janjinya sungguh-sungguh. Dan dia melakukan apa yang telah dijanjikannya serta merta.

Waktu terasa merangkak meski aku berdoa agar cepat segera berlalu. Kucoba untuk berkonsentrasi untuk melakukan sisa tugasku hari itu, namun sepertinya tak berhasil dengan sempurna. Oseng seledri besar dengan daging sapi dan tim telur malam itu telah terkontaminasi oleh airmataku. Tak ada yang protes, meski bos lakiku yang jago masak itu. Semua diam melakukan tindakan preventif agar aku tak meledak dalam duka lagi.

Satu-persatu orang yang kucintai pergi tanpa aku bisa melihat saat terakhir mereka. Nenek, dua tahun lalu juga telah pergi dan kini bapak tutwuri. Satu-persatu kami di sini ditinggal orang yang mereka cintai. Menggonjang-ganjingkan hati, menguji ketegaran dan keikhlasan kami dan kami dilarang gagal. Kalaupun ikhlas itu membutuhkan waktu yang agak lama, tegar itu harus terbentuk seketika.


Allaahummaghfirlii wali wali dayya warhamhuma kamaa rabbayaani saghiira

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More