“Gak metu mbak?” pitakone kanca sak flatku saka balkon apartemen sebelah. Wadon asal Malang iku wis dandan ayu lan nganggo mukena putih.
“Ora. Bosku kerja, anake sing momong sapa nek aku metu?” sumaurku.
“Digawa lo, dijak melu sholat Ied,” kandhane maneh sajak enteng wae .
Aku mung unjal ambegan, ora semaur.
Aku saiki ana ing papan kang adoh saka Blora, tanah klairanku. Adoh uga saka Indonesia, negaraku. Hongkong saiki dadi papan sawateraku. Ing kene aku nyambut gawe dadi babu, rewange Cina. Ing omahe bendhara kang lanang wadone lunga mergawe seka jam wolu isuk nganti jam pitu wengi kuwi aku kajibah ngrumat bocah cilik, masak, reresik omah uga blanja.
Nalika semana lungaku mrana ora amerga nglungani tanggung jawab marang wong tua nanging suwalike. Daya-daya kepingine ati supaya ora nambah bebane wong tua, kepingine ati gawe omah supaya simbok ora bingung golek ember lan plastik kanggo tadhah udan amarga trocoh ing sajeroning omah meh rata. Yen udan, teles ning sajabane omah meh padha karo teles ing sajroning omah, ngedab-edabi.
Udan kuwi gawe mirising atiku lan simbok. Omah sing wis miring mengulon lan nganti dicagaki supaya ora rubuh kuwi kaya-kaya bakal kalah tanding karo udan, mbuh saiki mbuh sesuk, mengkono pamikirku nalika semono.
Mangsa rendeng kang jare wayah paling trep kanggo turu kuwi malah dadi mangsa paling medeni kanggo aku lan simbok uga simbahku. Kita angel turu merga wedi marang wewayangan saka, panuwun, reng, usuk kang bakal kumleyang ngebruki kita.
Aku wis ana ing pucuking kaprihatinan kang naudzubillahi nalika mutuske oncat saka negaraku tumuju Hong Kong, tanpa palilah saka bapak, simbok apadene simbah. Amarga wes mesthi kekarone ora bakal menehi palilah. Simbah nate ngendikan mengkene, “Mergawea sak paran-paran angger kowe ora dadi buruh, babu. Buruh mana dilebur ora weruh. Lara saklara-larane gawe lan asor sak asor-asore gawe.”
Pancen bener ngendikane simbah. Kerja prasasat ora ana lerene, titahing bendara prasasat ora tau asat, ngimplah-implah kaya dene banyu segara. Yen ora kuwawa nyangga bisa gawe awak kuru lan ati nggrantes.
...
Bosku kekarone wes metu saka kamar nganggo klambi kantor jangkep sak jase. Kekarone banjur nyaut tas isi bontot mangan awan kang wis dak cawisake ing sandhuwure meja makan. Tuli nggeblas tanpa pamit. Aku unjal ambegan maneh, lega.

Iki pancen dudu riyaya kapisan sing daklakoni ing paran. Rolas riyaya aku ora bali sungkem wong tua. Kawitan nalika aku entuk gaweyan ana Semarang rolas tahun kepungkur nganti oncatku saka tanah kelahiran saperlu golek dhuwit. Ewadene rasa keranta-ranta kuwi tibake uga bisa dirasakake bola-bali, makaping-kaping.
Dak njipuk HP-ku, let sedhela tanganku gregelan nelpun simbok. Ing papan liya, ing Blora kana, simbok nampa telpunku lan nangis samangsa krungu suaraku lagi uluk salam.
Simbok nangis ing sangarepe panci blirik isi opor ayam nalika aku nelpun panjenengane. Astane sing mati separo dumadakan krasa abot banget diobahake. HP sing ana ing astane mrucut makaping-kaping mbarengi mrucute luh saka netrane kang mbanyu mili. Mbakyuku kepeksa mbiyantu nyekeli HP supaya simbok bisa nerusake anggone rerembugan karo aku.
“Sugeng Riyadin mak, sakkathah-kathahing lepat kula, kula nyuwun sepuntene nggih. Sepuntene dereng saged sungkem, sepuntene…,” kandhaku.
Aku dhewe kaya ora kuwawa nerusake tetembungan kang wengi sakdurunge wes dak cathet tharik-tharik ing sakmburine buku cathetan blanja. Abot banget kanggoku ngobahake lambe ngeja siji-mbaka siji ukara. Mripatku kembeng-kembeng kebak luh ora bisa nyawang cathetan sing sejatine wes dakapal ing sakjroning atiku. Pungkasane aku mung nangis ngguguk, ndheprok ing sakngarepe lambe pawon, wurung gawe sarapan kanggo momonganku. Dene kaya ngene rasane riyayan ing paran? Atiku keranta-ranta.
Nggrantesing ati luwih dene laraning lara dakrasakna ing dina riyaya. Aku kelingan opor ayam masakane simbok, utawa asem-asem daging sing seger kae. Aku kelingan gawe lungsung kupat sinambi gegojegan karo simbok, aku kelingan nalikane sesingidan nyumet mercon ing mburi omahe pak RT. Apamaneh kelingan takbiran bareng lan sholad Ied bareng kanca-kancaku wiwit cilik.
Ah, aja maneh sholad Ied bareng, swara takbiran wae ora keprungu ing Hong Kong. Sing ana mung swara-swara wong iwut nyambut gawe. Dina riyaya ing Hong Kong kanggone aku kaya dene dina liyane, kawajibanku kudu dakrampungake.

Aku sakanca geguyonan sinambi mangan panganan Indonesia kang digawe kanthi sesidheman ing omahe bendarane dhewe-dhewe.
Kuwi crita riyayan ing Hong Kong sing dakrasakake tahun kepungkur. Rekasaning ati pengin nggayuh pepinginan kudu ditebus nganggo kangen lan sedih lan rasa-rasa liyane. Rasa-rasa kang ora bisa diwedharake nganggo tetembungan utawa tulisan apadene gambar. Rasa-rasa sing mung wong-wong kang mergawe ing negarane wong wae sing bisa mangerteni.
Tahun iki, aku bakal bali lan mahargya rawuhing riyaya bareng sakluargaku. Atiku bungah uga sedhih amarga tahun iki bapak ora bakal ana ing saktengahing kaluarga. Aku ora bakal bisa nemoni panjenengane kanggo njaluk sepura. Panjenengane wes ditimbali dening Gusti sewulan sepungkur. Sepuluh jam sakdurunge seda, ing telpun aku ditangisi dikon bali, nanging mokal kanggoku bali dadakan ngono kuwi.
Kodrating Gusti, aku mung nglakoni. Muga-muga panjenengane ditampa lan disepura dosane, aamiin.
Kaya kapacak ing majalah Jaya Baya edisi lebaran (September).