Gendruwo Jengkol
dening Rie Rie
Mripate bunder gedhe, rupane soklat. Irunge bengkong, ilate dhawa werna ijo. Nalika guneman wewujudan kuwi mau mambu jengkol. "Apa iki Gendruwo Jengkol ya," batine Sari.
Sari mundur rong jangkah. Sumadiya, masang kuda-kuda. Sari mono kerep entuk kanugrahan medhali emas ing kejuaraan taekwondo tingkat kabupaten, mula ora gumun menawa ta Sari trengginas lan waspada. Apamaneh nyawang wewujudan aneh lan nggegilani kaya ngono kuwi, Sari rumangsa perlu ngati-ati amarga dheweke ora ngerti sepira kekuwatan wewujudan mau.
"Aku rak ora ngomong nek bakale memungsuhan karo awakmu ta Ndhuk cah manis," ujare wewujudan mau.
"Aku rak ora ngerti sapa kowe ta? Aku ya ora ngerti apa karepmu. Tur maneh wujudmu aneh, nggegilani tur mambu. Wuek!" Sari ngipatake tangan tengene.
"Kowe ki Gendruwo Jengkol ya?" pitakone Sari sajak semu wedi nanging isih kebak kaprayitnan.
"Gendruwo Jengkol? Ha ha ha ha...," wewujudan mau ngguyu ngakak.
Ambune jengkol sumebar, ndadekake ambegan sesek.
"Ngendi ana Gendruwo Jengkol Ndhuk! Ha ha ha ha...."
"Lha witekna ambumu kaya jengkol," ujare Sari sinambi nutupi irunge.
"Sari...Sari.... Ababmu kuwi ya meh padha karo jengkol."
"Ngawur!" pambengoke Sari.
"Ha ha ha ha...," wewujudan mau ngguyu maneh.
Sari ora kuat mambu jengkol. Dumadakan wae wetenge krasa kaya diudhak. Lan sanajan ta Sari dudu wong kang seneng tinggal glanggang colong playu, ning Sari kepeksa mlayu tumuju omah. Ngliwati ruang tamu, ngliwati ruang kaluwarga, ngliwati ruang makan, ngliwati pawon lan ngenceng tumuju pekiwan. Sakbanjure...
"Huwek...huwekkk...," Sari muntah-muntah ing toilet.
Ibu sing nembe manasi jangan ning pawon nganti kaget.
"Ana apa Sar? Masuk angin ya?" pitakone ibu.
Sari gedheg-gedheg.
"Ndang adus gek mangan trus turu," kandhane ibu.
"Huweekk...huweekk...," Sari muntah maneh.
Sari rumangsa awake teles kebes, kringeten. Mambu wuntahan lan mambu jengkol. Mula enggal-enggal wae dheweke mlebu kamar saperlu njipuk klambi tuli adus. Sakrampunge adus, kanyata kabeh kaluwarga wis ana ing meja makan, sumadiya mangan.
"Wah telat kowe Ndhuk. Jengkole wis takentekna," aloke mbah kung.
"Peneran, lagi eneg nyawang jengkol Mbah," sumaure Sari lega.
"Lho purik ya? Guyon kok Ndhuk. Iki isih takngengehi lima," ujare mbah kung karo ngikik.
"Wegaaahh!" pambengoke sari karo kipa-kipa, sajak keweden.
"Kaya nyawang Gendruwo Jengkol wae kowe ki Sar," ujare bapak. Mbah Kung ngguyu kekel.
"Pak! Mbok aja medeni aku ta," kandhane Sari.
"Wedi apa ta? Biasane ya mangan semur jengkol ngono kok, ana-ana wae," ujare ibu.
"Lha wong dhek mau aku ketemu Gendruwo Jengkol tenan kok Buk," kandhane Sari gregeten merga rumangsa digeguyu.
"Ha ha ha...," kabeh ngguyu kekel.
Sari jengkel.
"Iki tenan! Mau sore aku ketemu ndek mburi omah. Jian nggilani lan mambu banget," Sari mbesengut.
"Lagi ketemu sepisan ta Sar?" pitakone ibu.
Sari manthuk.
"Awake dhewe weruh saben dina. Iya ta Pak?" ujare ibu marang bapak.
"Iya. Saben dina," wangsulane bapak karo mesem.
"Ah tenane? Mripate bunder coklat, irunge bengkong, ilate ijo?" pitakone Sari.
"Dudu," wangsulane bapak, ibu lan mbah kung bebarengan.
"Wee...," ujare Sari karo melet.
"Mripate mbawang sebungkul, irunge mancung, ilate biasa wae, mung ambune wae sing padha, padha badhege," kandhane ibu.
"Lha kuwi wonge neng ngarepe kaca," ujare mbah kung karo ngempet guyu.
Sari age-age tumuju ing kaca pangilon gedhe kang ana ing ruang kaluwarga.
"Endi ta mbah?"pitakone Sari.
Mbah Kung ora wangsulan malah kepara ngguyu kekel.
"Sapa sing mbok sawang Sar?" bapake sing takon.
"Sari," jawab Sari.
"Ya kowe kuwi Gendruwo Jengkole," ujare bapake karo ngguyu.
"Ora!" pambengoke Sari. Dheweke mlaku ing kursine karo mbesengut.
"Sing ngambu ababmu rak wong liya ta Sar, kowe dhewe ya ora nyadhari," ujare bapak.
"Ya jelas mambu, wong olehe sikatan nek kelingan thok kok. Lha kelingane ki mung seminggu pisan. Kuwi wae ndadak ibuk kudu bengok-bengok neng ngarep kamar mandi," ujare ibu.
Sari jengkel njur mak nyat nglungani. Mlebu kamar njur mapan turu tanpa sikatan.
Sesoke Sari mangkat sekolah bareng karo Rina, kanca rakete. Rina, bocah manis sing nganggo kacamata lan nduweni untu putih miji timun kuwi tansah menehi permen menthos marang Sari saben isuk.
"Eh Rin, kenang apa sih saben isuk kok kowe menehi aku permen menthos?" pitakone Sari marang Rina nalika Rina ngelungake permen menthos.
"Nek takwenehi ngerti sing satemene, mengko gek kowe nesu," ujare Rina sajak wedi.
"Ora. Awake dhewe rak kekancan apik ta," wangsulane Sari.
Rina meneng sedhela njur unjal ambegan tuli nyambung gunem.
"Ababmu badheg," kandhane Rina cekak aos sing jujur.
"Ha?" Sari mlongo. Rina manthuk.
Sasuwene iki tibake Rina ora wani ngandhani Sari menawa ta ababe Sari mana mambu banget, Rina wedi natoni atine Sari. Mula Rina saben isuk tansah menehi permen menthos marang Sari, pamrihe supaya Sari njur ngerti karo apa sing dikarepake dening Rina. Ning emane Sari kok ora mudheng. Sakwise ngerti sing sakbenere Sari rumangsa kisinan marang Rina lan kanca-kancane. Isiiin banget.
"Eh Sar, aku kok nduwe pamikiran kaya mangkene: mungsuh taekwondomu kuwi kalah merga ora kuat mambu ababmu. Lha wong cene mambu tenan kok," ujare Rina karo mesem.
"Ha? Apa iya ta?" Sari kaget.
"Ora Sar, guyon kok, hehehe.... Mula ta mulai saiki sing sregep sikatan ya," pituture Rina.
Sari kisinan.
"Eh, arep ndeleng topeng karo klambi nari warok sesuk ra? Mbah Kungmu lho sing nggawe," ujare Rina
Sabanjure Sari dan Rina mbukak tas kresek ireng. Bocah sakloron njomblak.
"Wah apik tenan iki! Matoh!" aloke Rina.
Ewadene Sari kamitenggengen.
"Lha iki rak Gendruwo Jengkol kae ta," batine Sari.
******************
**Crita bocah iki kapacak ing Jaya Baya no 27 ing Februari 2013