
Naruto miyaki wengi lan rina, mecaki dalan kang ora semesthine. Dalan kang mung diambah dening titah sebangsane dheweke wae, dudu dalane menungsa. Mengiwa menengen mengkono lakune, sanajan ta mlaku sing sak benere nganggo suku kekaro, nanging mlaku kanggone Naruto seje carane. Weteng lan dadane ngambung lemah, tumempel ing kayu, nyaponi wedi, ngaras klaras uga gegodongan ijo.
Dina iki, lakune kebat kaya padatan. Sipat kaya panah kang disengkakake...