
Arep nyang ndi?" pitakone kanthi ulat sujana.
"Yogja mbok," sumaure Sarwoto blaka.
"Ketemu sapa? Nek arep ketemu calon mantuku ya kana, ning nek mung arep kiya-kiya aja!" kandhane maneh. Tangane malang kerik, sikile mbegagah ngebaki lawang ngarep, ngadang kanthi polat ngancam marang Sarwoto.
Sarwoto unjal ambegan, meh dawa kaya sepur Argo Dwipangga jurusan Solo Balapan-Yogjakarta sing pangancange bakal ngebatke lakune tumuju kutho kang durung nate...