Bos, Mbok Rika Aja Kaya Kuwe!

Kepriben kiye? Deneng malah dadi kaya kiye? Enggane urip koh tek rasakna rekasa temen yak. Kiye inyong lagi ngalami nasib kaya Srinthil. Wis petang dina sekang tanggal 17 tapi bose inyong koh meneng baen. Deneng apa ora krasa nek babune kiye dhuwite wis entong brontong? Sedolar be langka. Padahal kiye wis metu kukule, mertandhakna nek wis perek karo masa menstruasi. Kiye kepriben arepe tuku soptek? Ora lucu inyong nek trus nganggo anduk sing desewek-sewek kaya kiye kae gawe sumpel. Isin mbok, inyong kiye babu sing paling ayu bin ndableg wal ngeyelan seHong Kong.

Inyong ngalamun baen sedina kiye, eh malah sekang wingi wes ngelamun baen. Ora teyeng kerja, rasane bebeh temen. Mikirna gajih, kukul, menstruasi karo anu, soptek. Biyunge inyong ya wis nagih jatah wulanane, ujare arepe gawe mendak pisan simbah suwargi. Sirahku rasane senut-senut. Nganti kerja sedina kiye ora nana sing nggenah, kelalen baen. Klambi meng pemean kudanen kelalen tek entasi, sop kaki ayam ya kasinen kelalen tek wenehi uyah maning. Lha momongane inyong ya meh bae telat metu sekang ngomah, padahal ana acara poto-poto nang mall, ngesuk mau inyong wis janjian karo bose.

Kepeksa inyong trus nyegat teksi ngeblas nyang panggonan janjian karo bose. Tekan nggone wes kliwat 11 menit tapi slamet dening bos ya urung teka, mandhan ayem najan mung sepethil.

Let sedela, sekang kadohan katon ayang-ayange bos. Nganggo jaket ireng gedhe sing pating klewer ngana kae, wajahe keton nek ora seneng. Mendelik nyawang inyong.

"Geneya nganggo klambi kiye?" pitakone nalika isih 5 meteran adohe sekang inyong. Momongane inyong tuli mlayu mapak mamae, mamae ya bose inyong kuwe, ora merduliaken tapi mung mendeliki inyong.

"Deg!" cilaka pitulikur!" bathine inyong kaget. Inyong kelalen nganggona klambi sing wes dipesen karo bos mau esuk.

"Anu, inyonge kelalen. Sorry," jawabe inyong ora wani nyawang raine bose.

"Rika kuwe, mergawe kabeh serba kelalen. Klambi dijarna kudanen ujare kelalen ngentasi, masak ya kasinen kelalen menehi uyah maning. Kiye klambi wis tek tukokna khusus nggo poto-poto ya lali ora mbok enggokna, kepriben rikane kiye? Ngapa-apa kelalen baen!" si Bos ngomaih inyong.

Walah-walah suarane ngluwihi bledek bantere, karo mendelik-mendelik karo nuding-nuding kaya kae. Kiye inyong kaya pesakitan anu kae kaya wong ukuman sing akeh ndean salahe. Wong sak mall nyawang inyong, mbuh mesakna mbuh nyukurna, inyong kisinan temen. Ning ya kepriben maning, iyonge ya salah. Ya mung ndingkluk baen, ora mangsuli. Jan persis kaya babu Endonesiyah ngana kae (lha inyone iki ya babu mbok? wkwkwkk...).

"Em keitak lei keh dau keh!" (Koh ora kelalen ndasmu kuwe!)" Waduh mbok...basa Cinane wes metu kiye.

"Kabeh kelalen ngana kuwe, kerja wes 6 tahun kaya lagi wingi sore! Kepriwe nek inyong kelalen gajiane rika, he!" bentakke bose.

"Bos, mbok rika aja kaya kuwe, bos," jawabe inyong alon.

"Enak mbok kelalen gajiane rika!" kandhane bos maneh.

"Rikane ya urung mbayar gajine inyong bulan iki koh," jawabe inyong antarane wedi karo ngempet guyu.

"Me wa? (ngomong apa?)"

"Rikane ya kelalen gajiane inyong koh," kandhane inyong mbaleni ukara rada banter, mbokan bose ra krungu.

Raine bose inyong saknalika abang. Kisinan dewe mbok, embuhlah. Bose ngeblas karo nyendal tangane anake.

"Rika balia!" ujare sekang kadohan.

Oalah bos...mbok rika aja kaya kuwe!" ujarku dhewe.

.........



Wakakakakk...Karepe arep melu lomba nulis basa ngapak tapi koh ora teyeng nganggo basa ngapak sing asli. Kiye wes nyampur karo basa Endonesiyah, logat Blora dan sebagainya. Ora gayeng temenan... (angel temen mikir basa asline sing ngapak-ngapak)

19 komentar :

  1. bumen ki jian... pelit
    klik kanan we gaiso, lha aku kudu ngetik manual iki..?????

    BalasHapus
  2. Woalahhh, ga menyangka mbak yu, sampean kreatif banget, sampai menang di detik lagi... ckckckck ... salut aku mba, tenan ... 20 jari buat anda. Maju terus, buat bangga bangsa kita dengan karya anda... sukses...

    BalasHapus
  3. Hahaha, critane nggerus ati tapi dicritakno santai lan opo anane. apik. terus nulis mbak. Sukses ya...

    BalasHapus
  4. Keren banget Mba rie rie..... Aku jd ketagihan nih bacanya hehehehe.... Aku bukan orang Jawa jelas ga bisa bahasa jawa. Butuh bantuan temen translate.. hihiihihihi....
    Keep writing ya... :)

    BalasHapus
  5. mbaaa, iki aku, cumilaut, aku enek kerjaan kon wawancara je mbak, tenaga kerja indonesia sing ning hong kong, nekok nekokke nek kirim duit keluarga indonesia nggo opo, ngko tak kirimi pertanyaane balesen yoo mbaak, tak tunggu yoooo...

    BalasHapus
  6. gak nyangka, kosakata banyumasan-nya boleh juga...

    BalasHapus
  7. Selamat, sudah memenangkan ISBA award utk minggu ke-2 oktober 2010 http://m.detik.com/read/2010/10/18/165314/1468037/404/pemenang-blog-award-minggu-kedua-oktober sukses terus ya... Keep writing!

    BalasHapus
  8. @@untuk semuanya, maasih banget sudah singgah dan makasih atas infonya. Dah lama ga ngenet karena kesibukan kerja, kabar ini menyemangatiku tuk ngeblog lagi...makasih...

    BalasHapus
  9. Assalamu'alaikum mbokayu...
    Nuwun sewu, kiye inyong wong Cilacap arep melu umuk....wah..jaan, semangate njenengan marakna inyong isin. Nduwe blog tapi suwe ora diurusi...dadi kaya di tampong ben nulis maning...hahaha. Sumpah, tulisan2e njenengan unik dan menarik.
    Salam kenal ya...sukses selalu tugas2e nang kono..jaga kesehatan.

    BalasHapus
  10. Lha bosé apiké ditantang gelutan baé la, Mbak :D

    BalasHapus
  11. emang logat blora ki piye to??
    wkwkw
    rie?? ixixiii

    BalasHapus
  12. lah.. anu apik pisan ko tulisane marekna gemuzu baen... sing sabar baen Yu... manggah!

    BalasHapus

Matur suwun wis gelem melu umuk...