Galau?

huuhuuhuuuu...

Semangaaaaatttt..!

Love your job and be proud.

Iyes!

Bekerja sambil belajar.

Masih galau lagi?

No! No! No! Be happy laahhh...!

Ayo ngeblog!

Masa kalah sama Babu Ngeblog?

Tampilkan postingan dengan label crita cekak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label crita cekak. Tampilkan semua postingan

Lambe Turah Obral Gombal

Sari nyangklong tas kesusu metu seka kelase, karepe mono atene ndekem ndok kantin. Ate mulih aras-arasen. Apa maneh jam loro mengkok onok kuliah tambahan. Sari kuwi arek semester loro fakultas sastra Inggris, Universitas Ngayawara.

Mara-mara saka sisih kiwa, meh ae nabrak Anang, arek fakultas ekonomi. Arek kuwi kuru dhukur, senengane dodolan gombal ambek arek-arek wedhok neng kampus. "Dancuuk!" batine Sari.

"Eh... Hallo darling!" sapane Anang kalem, raine plek koyok baya, congore lincip ambek untune mrongos ngana kae.

Sari ngeblas mlaku, ora ngreken arek sithok elek kuwi.

"Sar, mbiyen-mbiyen aku akeh salah, akeh nebar kata-kata gombal ma sembarang orang. Sering bikin nangis cewek. Tapi setelah kenal kamu, aku saiki insaf," jarene ngethokke jurus bayane (jurus buaya).

"Baguslah," jawabe Sari enteng.

"Ora ate nebar pesona neh ambek cewek lewat cara apapun. Kasihan juga kalau akhirnya pada sakit hatinya gara-gara takgombali," ujare Anang.

"Wo wedhus!" batine Sari. Lha wong rai koyok baya ae kok atene ingah-ingih pamer mrongose. Iki uwong apa Bethara Kala, se?

"Tapi dasar aku!" ujare Anang.

Sari mara-mara mandheg. Ndelokna Anang eneg. Meh ae Sari muntah. "Cuk! Wong iki wes elek, kok doyan men nyocot, lambene turah men," batine Sari maneh.

"Tapi dasar aku, niat-niat thok, gak onok nyatane," ujare Anang ambek mesam-mesem sing malah nggawe raine tambah uelek.

"Yok apa carane katene isa mari iki?" pitakone Anang karo ngucek-ucek matane. Blobok kuning sakedele gedhene nganti metu, jan njijiki tenan!

Sari unjal ambegan.

"Wis watakmu kok Nang, ate piye maneh," jawabe Sari ambek nerusna laku.

"Eh, buruan nikah, mungkin bisa menghentikan kebiasaan jelekku," jare Anang.

"Ya rabia ambek bajul kana!" saure Sari ing jero ati.

"Wis watakmu Nang. Nek watuk isok dimareni, nek watak kuwi nganti tuwa ya pancet ae," jawabe Sari alus. Arek siji iki pancen pinter atine ya apik pisan, najan ta neng batine misuh-misuh ora karuan ning kata-katanya selalu halus dan penuh perhitungan.

"Mosok, se?" Emange wong ki njuk stagnan, ra isa brubah?" takone Anang.

"Wong Jawa biasa ngomong, ciri wanci ginawa tumekaning pati," jare Sari.

"Ah mosok, se? Bisa aja orang yang gak bener jadi baik. Iya kan?"

"Artine suatu watak dasar manusia itu sampai matipun sama. Tapi embuhlah, gak eruh aku," jare Sari.

"Lha iku nek sifat-sifat turunan, gen!" bengokke Anang.

"Lha menawa kuwi ya sifat turunanmu," ujare Sari kalem.

"Koen iku ngawur ae!" bengoke Anang tambah banter.

"Lha buktine koen mau ngomong dhewe nek "niat-niat thok, gak anok nyatane,"

"Lha wingi sasi pasa wes mari, je. Lha dina iki wis kumat maneh. Yok apa se aku iki?"

"Pasa rak ngempet kuwi."

"Apa takpasa ben dina ae ya, Sar?"

"Ra anok bedhane Nang, watakmu ancene wes ngono kuwi kok."

"Ah, kon iku malah nambah-nambahi rasa bersalahku thok ae," kandhane Anang karo ngelus-elus githoke.

"Nek kroso bersalah berarti rak bener, se? Jadi semakin kuat alibi nek koen iku ancene kelakuane ya koyok ngono kuwi,"

"Aku tulungana pa, Sar. Nglarakna atine wong kuwi dusa gedhe. Moh aku nek duwe watak elek kuwi. Gek ndang takmari mumpung iki isih sasi Syawal. Piye carane, Sar?"

Sari unjal ambegan. Nyelehna bokonge neng kursi pojok kantin sing isih sepi. Atine muntab.

"Mbak es degan satu ya!" bengokke Sari. Muga-muga ae es degan kuwi isa ngedhemna atiku, batine Sari. Sari unjal ambegan maneh.

Mbak Dewi bakul ndok kantin kuwi langsung iwut tangane nggawe es degan, sedelok ae dheke wes inthik-inthik nyedhaki mejane Sari lan Anang karo nggawa es degan. Es degan durung ae diselehna meja, wes disaut Anang. Baya sithok kuwi tanpa dusa trus nyruput es degan kuwi, mari ngono es degan kuwi trus disurung ngarepe Sari. Sari bola-bali unjal ambegan. "Dancuuk! Dasar baya rai gedhek!" bengokke Sari ing jero ati.

"Golek tampar nem meter," jare Sari karo nyawang Anang tajem, sing disawang kedhep-kedhep. Ancene nggatheli tenan arek sithok kuwi.

"Trus?"

"Talenana ning wit pelem,"

"Ate digawe apa, Sar? Ngrubuhke pelem ta?" pitakone Anang polos.

"Ya up to you, terserah. Atene digawe lompat tali ya mangga, atene digawe latihan panjat pelem ya enthuk, ate digawe kendhat ya silahkan. Sembaranglah," jare Sari rada emosi.

"Tambah ngawur ae koen iku. Tidak ada kasus lelara isa mari merga tali tampar. Ah jangan bercanda kalau dimintai saran, Sar!" gremenge Anang.

"Lho, iki model baru kok. Sapa ngerti koen sing dadi penemu pertamane,"

"Sar, anu... Mungkin lebih baik kalau koen rabi ae ambek aku, aku yakin pasti koen isa merubah sifatku. Ben mari elekku. Nek wes duwe bojo mesthi mari gombalku," jare Anang serius.

"Jabang bayiiik..! Nganti donya iki ate kukut and you are the only man alive, aku gak atene rabi ambek dhapuramu, Nang!" bengokke Sari emosi. Sari ngadheg mari ngono ninggal Anang ndok jero kantin dhewe.

"Jangan begitu, Sar. Saar..! Es degannya belum dibayar!" bengokke Anang.

"Sing ngombe rak koen ta. Bayaren dhewe! Aku atene mulih!" ujare Sari getem-getem. Sari wes gak duwe semangat maneh nggo melu kuliah tambahan jam loro mengkok. Sari nyetop microlet kuning trus sedela wae wes lungo ninggalna kampuse.




-------------------------------------------

Hehe... Logat Suroboyoan campur basa Indonesia campur basa Landa sithik-sithik. Kepingine nulis crita nganggo basa Suraboyoan, tapi akune gak reti yok apa nulise...sepurane ya!

Dancuk! Bojoku Rabi Maneh!

"Dancuk! Bojoku rabi maneh!" jerite Suwanti kanthi luh dleweran lan ulat getem-getem. Tangan kekarone nggedhor meja sakrosane. Dene HP-ne mencelat sanalika, nyampluk sikile kenya ayu kang pinuju liwat ing sacedhake.

Aku minggir, rumangsa wedi nyawang kahanan atine Suwanti kang lagi kebranang. Age-age wae aku mrangguli lan nyuwun pangapura marang kenya ayu kang meh wae nesu nyawang patrape Suwanti. "Sepurane, Jeng. Iki mbakyuku lagi susah atine merga ditinggal rabi maneh karo bojone," kandhaku alon marang kenya kuwi mau. Kenya kuwi ngadoh kanthi lambe mecucu.

Aku judeg, ora ngerti apa kang isa kaucap kanggo ngarih-arih dheweke. Apa ya ilok menawa aku menehi wejangan marang dheweke amarga aku dhewe uga nate ngalami kedadeyan kang pada plek setahun kepungkur? Kaya dene Suwanti, setahun kepungkur bojoku rabi maneh tanpa palilahku. Lelakon kaya ngene iki ora mung siji loro kedadeyan marang wanita kaya aku lan Suwanti, atusan, malah menawa uga ewon cacahe.

Ora salahku menawa dadi wong ora duwe, kere. Uga dudu salahe Suwanti utawa wanita-wanita liyane. Kuwi mana wis ginaris dening Gusti Kang Murbeng Dumadi lan kita mung saderma nglakoni, rak ya ngono tho? Dene ora sak jamake menungsa pasrah marang nasib, mesthi ana pambudidaya amrih becike urip.

Cekak aose aku lan Suwanti mana mbabu ning Hong Kong, ninggalake bojo lan nyengkut makarya. Nyikut sekabehing rasa sedih uga sepi, pamrihe muga-muga bisa dadia dalan tumuju becike dina ngarep lan bebrayan. Kabeh mau wes ana palilah lan niat bismillah.

Tak kandhani ya, aku lan Suwanti ora nate milih dadi babu, ora! Iki mana kebutuhan. Dudu pilihan. Diarani pilihan mana menawa ana pilihan apik lan elek, dadi isa di gawe bahan pertimbangan ngana kae. Tuladhane milih mangan karo sambel trasi apa opor. Karuan nek opor luwih enak tinimbang sambel trasi, amarga sambel trasi kuwi rak gawe sereden tho? Beda karo opor, opor isa gawe kewaregen, ngentek-entekke sega sewakul!

Lha iki apa tumon ana pilihan kang kaya mengkene, milih dadi forever kere apa babu? Rak ya kojur tho? Ora adil, wong menehi pilihan kok padha-padha rekasane! Mangkane dadi babu kuwi dudu pilihan nanging kebutuhan.

Ndilalah sing jenenge pacoban urip kuwi maneka warna. Owah-owahan kuwi gawa bubrahing suasana. Sapa sing salah? Apa aku utawa Suwanti lan wanita-wanita sing oncat ninggalake negara lan bojo? Geneya akeh uwong kang alok menawa bubrahing keluarga merga wanitane lunga yen menawa lungane mau wes entuk palilah lan dadi niate wong loro? Geneya kita wanita sing wes rekasa keraya-raya kerja ninggal keluarga sing dituding dadi punjering masalah? Kuwi ora adil! Geneya ora nyalahke negara wae sing ora kasil gawe makmure rakyate?

Ora krasa luhku dleweran rerasan lara lapa sing di alami dening wanita-wanita kaya aku. O ndonya...

"Brakkkk!!" suara meja di gedhor maneh. Sedela wae akeh mata kang nyawang Suwanti. aku rumangsa sumpek ing tengahing taman kang padatan di enggo ngaso para babu ing Hong Kong nalika wayah libur kerja kuwi.

"Wes tho Wan, sabar...sabar," kandhaku marang Suwanti padha plek karo apa kang kinucap dening Suwanti marang aku setahun kepungkur. Nyoba ngarih-arih lan ngelus-elus pundake nanging tanganku dikibatake kanthi kasar. Ah, biyen aku uga kaya mengkono, pikirku.

"Aku salah apa Sar? Aku kurang apik piye? Huu...uuu..," pitakone Suwanti marang aku karo mingseg-mingseg, pitakon kang padha kaya sing nate dak takonake marang dheweke.

"Kowe ora salah Wan," jawabku.

"Aku kurang apa Sar? Aku kudune kepriye? Huu..uuu..," pitakone maneh.

Meh wae dak wangsuli, "Kurang cedhak Wan" nanging dak wurungake. Ndah ne laraning atine Suwanti yen aku nyalahke dheweke wektu kuwi. Apa ya kudu nyalahke kahanan? Ah embuh...

Yen amarga kurang komunikasi lha wong Suwanti ya kerep caturan karo bojone lewat telpon. Kebutuhan ben dina sasat dicukupi karo Suwanti, malah kala-kala Suwanti ngemenke ngirim klambi utawa panganan karemaning bojone saka Hong Kong. Malah uga saking gemine Suwanti kanyata wes kasil gawe omah kramikan barang.

"Aku kudu priye iki Sar? Rong minggu engkas aku bali kok malah ana kabar kaya mengkene, huuu...uu...,"

"Sabar Wan, dileremake atine. Yen bali aja nganti kowe katon kalah ning ngarepe bojomu, aja kaya aku. Tatagna atimu, aja pamer luh, Wan," kandhaku, nanging luhku dhewe dleweran nalika aku ngrangkul raket Suwanti.

Ah rasa iki, rasa kang padha karo sing nate dakrasa, ya rasa iki uga kang gawe raketing kekancan kaya paseduluran.

Aku ndhangak, apa alam iki ora krasa menawa ana ati kang lagi kelara-lara? Geneya abang kuning, ijo, biru, ungu kluwung gumantung ing angkasa mbarengi gonjang-ganjinging ati kang diblenjani tresna?


ANA CANDHAKE...

Calon Wurung

Arep nyang ndi?" pitakone kanthi ulat sujana.
"Yogja mbok," sumaure Sarwoto blaka.
"Ketemu sapa? Nek arep ketemu calon mantuku ya kana, ning nek mung arep kiya-kiya aja!" kandhane maneh. Tangane malang kerik, sikile mbegagah ngebaki lawang ngarep, ngadang kanthi polat ngancam marang Sarwoto.

Sarwoto unjal ambegan, meh dawa kaya sepur Argo Dwipangga jurusan Solo Balapan-Yogjakarta sing pangancange bakal ngebatke lakune tumuju kutho kang durung nate di weruhi kuwi.

Lanang dhuwur pideksa kanthi rikma sapundhak kang di jarke nyamun gulune kang dawa ngula-ula kuwi ndingkluk. Pikirane ambyur ing segara bingung lan wedi kang ora duweni pesisir.

"Nyuwun palilah lan pangestune, aku arep ketemu calon mantumu mbok," sumaure alon, meh wae ora keprungu amarga keslamur suara pitik blorok sing pating petok.

Oh ora! Kanggone nyi Sarwi suara kuwi mau bantere kaya mercon clorot dor sing kerep disumet ing prapatan ngarep omahe.

"Tenan? Ora goroh tho?"
"Tenan mbok, nek menawa cocok mengko..,"
"Rene le rene! ngganggoa klambine kangmasmu sing nembe tuku wingi kae, aja nganggo kaos oblong ngono kuwi. Mbok nek arep ketemu calon ki macak sing ngganteng sithik tho le..le.... Aja ngono kuwi, ora ilok. Kuwi rambute sing gondrong di potong dhisik kana. Oalah le...mbok ngomong kit wingi rak simbok isa mrenahke awakmu tho" pituture simbok, ulatane wes malih 180 drajat. Saka netrane ana rasa bungah kang audubillah gedhene.
Mantu! Calon mantu! Mengkono wola-wali kang ana ing pikire nyi Sarwi.

"Wes tho mbok, bocahe seneng aku apa anane kok. Ora usah ndadak macak barang, kaya wong wedhok wae," kandhane Sarwoto karo jumrantal nyaut jaket ireng kang cumenthel ing paku ing sak cedhake lawang. Rumangsa wes enthuk palilah dening simboke, Sarwoto ngeblas tanpa pamit maneh.

"Di tuturi wong tuwa kok suwala terus! Sida wurung tenan mengko sing dadi calonmu kuwi!" pambengoke nyi Sarwi karo getem-getem, gregeten nyawang anak ragile kang wes ngancik umur patang dasawarsa kuwi.

Degg!! Embuh sing kaping pirane omongan sing kaya mengkono kuwi keprungu dening Sarwoto. Biyen nalikane sepisanan ketemu Endah, kenya brang wetan omahe kang di sir udakara 2 tahun suwene lan nalikane dheweke wes yakin lan ngajak Endah bebrayan, tanpa dinuga sak durunge yen Endah nampik karep becike. Uga biyen kae nalika dheweke pacaran karo Lusi, kenya manis putrine pak Sukur, tembung penambik uga sing di trima. Banjur maneh sapa kae...ah embuh pirang kenyo sing nampik di jak bebrayan karo Sarwoto.

Kroncalan dening rasa kang ngebaki atine, wola-wali Sarwoto unjal ambegan. Ngliwati dalan tumuju stasiun Solo BAlapan netrane nyawang cah cilik gegojegan karo ibune. Uga nyawang cah cilik sing lagi nangis njaluk es krim marang bapake, lan uga nyawang wanodya ayu meh memper karo Fitri, kenya sing bakal di temoni, lagi mlaku reruntungan karo sisihane, kekarone lumaku alon, kala-kala sing lanang ngaras wetenge sing wadon kanthi kebak tresna. Sarwoto mesem kecut.

Sauntara kuwi uga keprungu suarane tukang ngamen kang ngobral lagu kang nemani atine Sarwoto, Cari Jodoh duweke Wali Band.
"Dancuk!" pisuhe Sarwoto karo ngebatke lakune.

Tanpa mangerteni kang ana ing omahe Fitri kang ana ing sacedhake stasiun Tugu, papan dununge Fitri, Sarwoto ngandelke tekad lan mupuk lemu rasa tresnane, ngronce tetembungan kepriye carane dheweke ngajak bebrayan karo Fitri lan kepriye mengko ngomong karo wong tuwane Fitri.

....

"Mas Totok!" panyeluke Fitri.

"Dhik Fitri!" sumaure Sarwoto.

Atine Sarwoto playon lan lunjak-lunjak, bungah. Oh..Pungkasane dheweke ketemu maneh karo wanodya ayu sing tansah ndekem ing pangimpene kuwi.

"Dhewe mas? Piye kabare?" pitakone Fitri.

"Dhewe," sumaure Sarwoto. Lambene dumadakan mendeg anggone mesem nalikane nyumurupi ana lanang gagah pideksa lan sarwa necis penganggone ngawasi kekarone saka udakara 5 meteran sakmburine Fitri. Mripate Sarwoto nyawang Fitri kanthi kebak pitakonan lan antuk wangsulan kang di rasa mecahke sakabehaning pangimpene.

"Aku di pacangake karo wong tuwaku mas," kandhane Fitri.

"oohh...," sumaure Sarwoto gumantung.

Lagi wae jam 3 sore, mung sepuluh menit anggone nemoni geganthilaning atine, Sarwoto nggegeri wanodya ayu kuwi tanpa pamit. Fitri ora nggondheli lakune lan Sarwoto ora mlengak memburi maneh.

Sarwoto sompok. Dheweke rumangsa salah sawijining lakon uripe wis paripurna. Panggung wis di padhangi dening cahya lampu, para pamirsa wis keplok-keplok, para pemain wis ganti sandangan lan bali nyang omahe dhewe-dhewe.

"Simbok, aku wes ketemu calon mantumu, calon wurung, wurung dadi mantumu," guneme alon kanthi netra krethil-krethil, ngguguk, kerem ing samudraning sedih sing embuh kapan tinemu watese.


@@kanggo mitraku ing Kuningan-Jakarta. "Dia bukan satu-satunya kawan, lihatlah dunia dari mata burung bukan dari dalam tempurung."

Mbaureksane Payaman

Naruto miyaki wengi lan rina, mecaki dalan kang ora semesthine. Dalan kang mung diambah dening titah sebangsane dheweke wae, dudu dalane menungsa. Mengiwa menengen mengkono lakune, sanajan ta mlaku sing sak benere nganggo suku kekaro, nanging mlaku kanggone Naruto seje carane. Weteng lan dadane ngambung lemah, tumempel ing kayu, nyaponi wedi, ngaras klaras uga gegodongan ijo.

Dina iki, lakune kebat kaya padatan. Sipat kaya panah kang disengkakake saka gandhewane. Nerak grumbul mbaka grumbul, nglangi ing kali cilik kang ambane ora ana telung depa, terus jablas mengalor ngetutke ganda menyan lan kembang pitung werna.

Ganda kang gawe atine ayem amerga pratandha menawa ana panganan kang cumawis kanggo dheweke.

Naruto mandheg sauntara, ngulatke papan tetenger kang nuduhake jeneng tlatah kang ana ing sangarepe, ya kuwi desa Payaman. Yen ta mengkono, ateges papan tetenger kuwi kawaca "Desa Payaman".
"Ah, menungsa," ujare Naruto. Ora ana siji-a ukara sing dingerteni dening Naruto.

Naruto neruske lakune. Tumeka ing sawijining pundhen cilik madhep mengetan ing sak cedhake lawang kidul desa Payaman. Pundhen kang sakane sak rengkuhaning pria, pyanne saka kayu jati pilihan kang dicet ijo tuwa kuwi ora nate suwung dening sesaji. Dina iki ana pitik blorok telu cacahe. Naruto bungah. Wes makaping-kaping dheweke entuk panganan tanpa kemringet setetes-a. Menungsa-menungsa ing desa Payaman nguja Naruto ngluwihi Gusti Kang Akarya Jagat.

Pitik-pitik blorok kang tanpa daya amarga sukune diuger nganggo tali rafia kuwi mbengok sakrosane, nyoba mbleber ngendhani papan kang tansah kebak wong-wong syirik saben malem jemuah kliwon kuwi nanging kabotan awak, apa ya ana jamake pitik blorok isa miber?

Naruto age-age nyedhaki bekakak kang ana ing sangarepe, mripate nyawang bekakak kuwi tanpa kedhep. Menawa wae manungsa kuwi bener nalikane ngomongake bab Naruto kang duweni kekuatan ghaib ngedap-edapi, kahanan sepi mamring saknalika. Pitik-pitik blorok banjur ndepipis pasrah. Naruto ngguyu ngakak, rumangsa bungah. Saka lambene ngetokake suara khas, "ssssesssssssssshhhsss" kanthi ilat abang kang melet sak kilan dawane.

"Dancuk ana menungsa!" pisuhe Naruto. Dheweke isa ngrasakke tekane menungsa-menungsa cilik tumuju angkup kuwi. Padatan menungsa-menungsa cilik kuwi teka sakwise Naruto nyeret pitik-pitik blorok kang cumawis mlebu ing rong papan sesingidane.

"Aku luwe banget," aloke menungsa cilik klambi abang.

"Aku ya iya. Mau mbah Surip karo mbah Parjan nggawa tumpeng rene, aku weruh mau," kandhane menungsa cilik klambi ijo.

"Mesthi ana iwak pitik-e, hehehe...," menungsa klambi abang gumuyu nganti ndlewer ilere.

"Iya, mesthi! Ingkung-e di pangan awake dhewe mengko pitik blorok-e ben di pangan karo sing mbaureksa, hehehe...," sumaure menungsa cilik klambi ijo.

Tumekaning bocah cilik kuwi ngrusak pahargyan kang lagi di wiwiti dening Naruto. Sing jenenge Naruto kuwi ora nate lan ora gelem andum berkah marang sapepadhane bangsane, apamaneh karo bangsa "menungsa".

Amarga bangsa menungsa kuwi kang misahake Naruto karo Anggini, kekasihe. Nalika semana ana ing alas Randublatung, Naruto kang lagi kasmaran marang Anggini-lelorone lagi andum asmara. Ujug-ujug wae menungsa kuwi teka. Naruto apadene Anggini kang lagi lena kalah gesit dening salah sawijining piranti kang di gawa dening menungsa-menungsa kuwi. Anggini kecekel, Naruto ngamuk. Nyaut sikile menungsa kang nganggo celana ireng komprang lan nancepake untune sak rosane, ngalirake neurotoxin kang ndadekake menungsa kuwi turu saknalika. Naruto lunga ninggal tatu ing sikile menungsa kuwi lan uga nggawa tatu ing atine amarga kelangan kekasihe, Anggini.

"Menungsa, lunga saka ngarepku!!" printahe Naruto nalika menungsa-menungsa cilik mau wes nyedhak.

Menungsa-menungsa cilik mau mandheg saknalika, ora nggrahira menawa bakal rebutan sesajen karo Naruto.

"Lunga! Aku iki mbaureksane kene!" alok e Naruto.

Dene menungsa cilik mau malah samsaya nyedhaki. Menungsa cilik kang nganggo klambi abang nyaut pitik blorok lan di uncalake marang Naruto. Naruto endha.

"Kuwi bageyanmu! Ingkung kuwi bageyanku!" kandhane mengkono marang Naruto.

"E lha dalah, kowe kok ngadang kala, aku ora arep andum berkah! Kabeh dhuwekku!" Naruto menehi pangancam.

Kobong rasa atine Naruto rumangsa ora diajeni babar pisan. Naruto nyawang matane menungsa cilik kuwi tanpa kedhep, ngethokke kadigdayane mateg aji gendam nanging ora kasil. Mbuh merga menungsa cilik kuwi nduweni tolak balak utawa pancen kadigdayane mung isa ditamakake marang sakpepadhane penguripan sato kewan sebangsane wae, Naruto ora ngerti.

Saya suwe perang kang ora lumrah antarane menungsa cilik karo Naruto saya panas. Naruto melekke mripate waspada, ngetokake siyunge kang kebak upas kang nate gawe turu saklawase menungsa gedhe ing alas Randublatung nalika semana. Ewadene menungsa cilik mau ora nduweni rasa wedi barang sethitik-a. Saya nyedhak sinambi ngranggeh watu kang tumumpuk ing sak cedhake pitik blorok.

"Aja ngganggu mbah Reca!" pambengoke menungsa cilik klambi abang marang menungsa cilik klambi ijo.

Wektu iku uga Naruto kanthi sigap nyedaki menungsa cilik nganggo klambi ijo lan nancepake siunge ana tangane menungsa cilik klambi ijo kuwi. Lan maneh, neurotoxin sing nggegilani kadigdayane minangka aji-aji pungkasaning Naruto metu saka siyunge lan ngalir sakedepan netra tumuju jantung. Ora let sedhela manungsa cilik nganggo klambi ijo kuwi tumungkul ing lemah. mripate merem dapet, turu.

Nyawang kahanan mengkono mau menungsa cilik klambi abang mlayu saknalika. Sakdalan-dalan dhewek e bengok-bengok, ing antarane keweden lan keweden banget.

Naruto enggal nyaut pitik-pitik blorok lan sesingidan ing rong padatane. Dheweke wes ora mraelu maneh marang menungsa cilik klambi abang kang mlayu tumuju desa Payaman apadene menungsa cilik klambi ijo kang turu ora obah babar pisan ing sak cedhake.

"Sarmin di cokot ulaaa!! Sarmin di cokot ulaaa!!" pambengoke menungsa cilik klambi abang.

Geger sak nalika desa Payaman krungu pambengoke menungsa cilik klambi abang kuwi. Menungsa cilik klambi abang saknalika dadi puncere warta, di gruduk pitakonan kang garing segara kidul.

"Ning endi? Kok isa dicokot? Larah-larahe piye?" pitakone menungsa gedhe klambi ireng.

"Ning ngarepe mbah Reca," suamure menungsa cilik klambi abang.

"Sarmin nyekel mbah reca....ana ula...ula nyokot...Sarmin ning kana....ning pundhen...ning ngarepe mbah Reca," sumaure menungsa cilik klambi abang mau karo krenggosan. Mbuh amerga kesusu anggone arep mangsuli pitakonan kuwi utawa amerga wes meh kentekan ambegan amerga mlayu lan bengok-bengok, menungsa cilik klambi abang mau lali nyritakake kedadeyan sing sak benere. Lali nyritakake menawa menungsa cilik klambi ijo lan dheweke tumuju ning pundhen saperlu mangan sesajen ing kana, lali nyritake menawa antarane menungsa cilik klambi ijo lan dheweke perang lawan Naruto saperlu rebutan berkah, rebutan sesajen.

"Kuwi jelmane mbah Reca, sing mbaureksa!" kandane menungsa gedhe klambi ireng.

"sapa? apa?" pitakone menungsa liyane.

"Sing mbaureksa nesu. Mula tho aja ngganggu gawe sing mbaureksa,"

Gremremeng kaya tawon menungsa-menungsa desa Payaman. Sakkabehing menungsa tumuju pundhen cilik ing sakkidule desa. Menungsa gede klambi ireng banjur menehi aba-aba supaya menungsa-menungsa liyane sungkem ing sakngarepe pundhen kuwi. Njaluk pangapura marang kesalahane menungsa cilik klambi ijo kang wes lancang njamah mbah Reca, sakbanjure njikuk menungsa cilik klambi ijo saka jero pundhen.

Awake menungsa cilik klambi ijo kaku ngececeng lan anyep kaya gedebog. Cahyane wis pucet, putih tanpa getih. Menawa wae olehe turu wes kebablasen.

Naruto nyawang gegere menungsa-menungsa mau saka jeron rong-e. Ora mraelu maneh merga lambene wes kesumpelan pitik blorok.

"Oh menungsa...," batine Naruto.

.....................

Katrangan:

Neurotoxin: wisa/upas ula sing ampuh banget
mbah Reca : watu kang di percaya duweni kasekten yang di puja-puja dening warga desa minangka sing mbaureksane


post signature

Kesrimpet Prahara

Ngalamun sak dawane awan nganti surup tumekane wengi, ing ngarepe kothak ajaib kang gebyar-gebyar suminar mblerengke mata. Ujug-ujug wae aku ngrasa lan rumangsa ana kang seje karo awakku dewe, luwih pas-e atiku, ya atiku iki sing seje saikine.

Ing ngarepe kothak ajaib iki aku kerep gregesen. Greges sing dudu amarga lara nanging uga kepetung lara kang edi peni, kabeh mau mbingungi. Apa ya iki sing jenenge lara branta? Apa tenan aku lagi kedanan wanita?

Yen iki lara branta, lara amerga aku nembe ngesir tumekane tresna marang sawijining wanita, sumpah aku ora ngerti sangkan paraning tresnaku! Ujug-ujug wae dheweke wes ana ing pangkon atiku. Mbuh amarga anggonku kesuwen nyawang praupane utawa amarga anggonku ngungun marang kawasisane. Kasunyatane, leloro gawe kuwi ndadekake aku kesrimpet ing kahanan sarwa liwung.

post signature


Rara celukane, Prahara Rianawati jeneng jangkepe. Ora patiya ayu, uga ora patiya ala. Rambute ora lurus kaya wanita-wanita ing iklan shampo ngana kae, nanging kriting kanthik nganggo poni uyek. Poni sing semrawut ora ditata rapi. Dhuwure ora kaya potomodel kae, nanging mung 157 cm wae. Irunge ora mblukang semendhe, nanging cilik nyupris sak benik gedhene. Lambene? Oh...lambene ndoweh nanging seksi, apa kae jenenge?? Wong alok jare lambe ngana kuwi kaya bar di cokot tawon, wong landha menehi tenger "bee stung" gedhe ning seksi. Pokok e ing antarane sewu wanita ayu, Rara ora bakal ndadekake kawigaten sak nalika. Gusti Allah seksine, amarga aku uga ing antarane wong-wong kang duweni pemikiran sing padha.

Nanging Rara kuwi elok, Rara kuwi wasis ing babagan liyane. Tulisane sumebar ing saindenging nuswantara lumantar koran-koran utawa majalah. Kapan kae koran Jawa Pos nate ngalembana marang kawasisane. Ketambahan maneh dheweke kuwi tansah sumringah, lembah manah, gampang kekancan.

Yen wes kaya ngono kuwi, njur lanang ngendi kang bisa nyelaki dheweke? Sanadyana ora menang ing rupa nanging Rara menang ing akal lan kepinteran. Lan kuwi luwih dene cukup kanggo bisa ngrontokke atiku.

Sing dadi pitakonan saiki apa ya sumbut menawa aku di jajarake karo Rara? Wanita ngedap-edapi bebasan Srikandhi kuwi? Dene aku iki mung tukang njaga warnet wae, dudu Arjuna. Senadyana warnet kuwi aku dewe sing nduweni lan uga kagolong sing paling gedhe ing kuthoku nanging pangrasaku yen tho di tandingake marang pamor lan kawasisane Rara kok bedane kaya langit lan bumi.

Maneh, lampu ing jeron kothak ajaibku murup byar pet. Lan saknalika aku kaya dene duweni kasektene Raden Gatotkaca isa mabur tanpa suwiwi tumuju ing sacedhake wanita kang kasil gawe gonjang-ganjinge atiku. Saknalika aku krasa nggreges kang ora amarga lara utawa lara kang audubillah endahe.

"Durung tutup warnete tho mas?" pitakone karo nawani webcamme.

Degg!! Tak sawang wanita sing ora patiya ayu iki, dewek e mesem sambi ngucek-ucek mripate. Pandom dawa ing jam beker cilik ing nduwur mejaku nuding angka papat, dene pandom cilik-e ing angka sewelas kliwat sethithik. Pancen wes 15 menit kepungkur aku nutup warnet, nanging aku isih ana ing sakjerone warnet, nunggu. Nunggu Rara? Mboh!

"Mas Mussssssss...,"

"Wes tutup warnete dik, ning aku isih males mulih," sumaurku.

"Lha masalahe ora ana sing diulihi kuwi!" panggodane kanti esem kang tansah ngglibet ing atiku.

"Iya...rung ketemu jodhone. Eh, ketemu siji wae kaya-e kok mokal nek dheweke seneng karo aku. Bedane adoh dik,"

"Ora ana sing mokal ing donya iki mas,"

Ora ana sing mokal ing donya iki?” pitakonku marang awakku dhewe. Apa ora mokal yen Rara seneng karo aku? Apa ora mokal menawa Rara kuwi Jodoku? Apa ora mokal yen tho ana tresna ing Yahoo Messenger? Donya maya kang kebak wewayangan semu. Malah-malah kalamangsa bala kurawa memba dadi pandhawa. Kayadene Burisrawa memba Arjuna , Duryudana memba Yudhistira utawa Sengkuni memba Sembadra?

“BUZZ!!” Rara ngagetke aku, ngocar-acir lelamunanku.

PLAK!! Kaya ana sandal di uncalke pipiku. Saknalika aku jumbul, kaget, jenggirat 7 senti dhuwure.

“Kok meneng wae, nyawang apa mas?” pitakone Rara.

“Deleg-deleg nyawang lambemu,” sumaurku sembrana.

“Lha wong lambe ndoweh wae kok di sawang. Aku off sik ya mas, wes ngantuk. Iki mau mung saperlu niliki sampeyan thok. Mbok menawa wae durung bali," kandhane karo mesem sajak isin uga mangu-mangu.

Atiku surak-surak bungah. Sanadyana omonge dheweke kuwi mau mung goroh paribasane, nanging wes kasil gawe bungahing atiku. Meh wae aku nulis kaya mengkene: "Aku ya mung nunggu sliramu kok dik," nanging drijiku abot banget arep nutul keyboard saperlu nulisake ukara-ukara mau. Pungkasane mung tulisan: OK sing kawetu. Semprul tenan aku iki! Lanang apa aku iki?!!

“Mas…”

“Lho jare arep off?” pitakonku gumun.

“2 minggu iki aku ora Online ya. Aja di goleki,”

“Lha arep menyang ngendi?”

“Arep sowan simbah, ning Malang,”

“Lha wong mung ning Malang wae kok pamite kaya arep mangkat kaji,” godaku.

“Mengko gek di goleki? Lha aku iki khan ngangeni tho mas, hehehe…”

Pancen bener. Ora salah babar pisan. Sedina ora ketemu wae rasane ora karuan, apa maneh 2 minggu. Mesthi wae kangenne tikel 14!!

“Mampir Semarang ya?” pitakonku maneh.

“Lha mbok sampeyan kuwi dolan Yogja kene,” sumaure semengit.

“Ya mengko nek kangen tak tilpun dirimu,” kandhaku tak wanek-wanekke.

“Tenan yo mas. Aku off dhisik iki, suwun ya!”

Waduh biyuuuuuuuuungg!! Rong minggu!! Pat belas dina!! Pat likur jam ping pat belas!! Suwe temennn!! Ngitung dina rasane kaya ngitung wedi sak gegem akehe, suwe tur njlingut. Sanajana warnet tansah kebak uwang nanging atiku kok ora sreg banget. Ewadene siji sms wae aku ora wani ngirim marang Rara, apamaneh tilpun.

'''''''''''

Pungkasane, dina iki Rara bali saka Malang, berarti sesuk wes isa ketemu maneh karo dheweke ing donya maya. Meh wae aku ngirim sms kanggo Rara saperlu nakonake pawartane nanging ujug-ujug wae HP ku muni lan byar pet lampune pratanda ana uwong kang nilpun aku. Ana jeneng kang tak apal ing alam sadar lan impenku. Rara! Rara nilpun aku? Lha kok njanur gunung kadingaren banget.

“Mas Mus,” suara serak-e wong wadon saka jeron HP ku sak nalika sak durunge aku menehi salam. Apa iki suarane Rara?

“Dik Rara piye khabare?” pitakonku karo ati trataban lan tangan ogel.

“Kula sanes Rara, kula mbak yune,” sumaure wong wadon kuwi sing sabanjure sesenggukan.

Ana suara lanang kang sabanjure ngganteni suarane wong wadon mau. “Kene Sul, aku wae sing ngomong,” kandhane suara lanang kuwi. Ana apa iki? Apa kang kedadeyan? Ngendi Rara?

“Mas Mus, kula Anang kangmase Rara. Sing estri wau Suli adhik kula, nggih mabkyune Rara,” kandhane. Lamat-lamat keprungu suara wong tetangisan. Aku samsaya bingung. Ana apa iki?

“Kula Mustamir rencange Rara. Wonten kawigatosan menama mas? Lha Rara wonten pundi? Sampun wangsul Yogja tho?” pitakonku.

“Anu mas, sepuntene. Wonten kabar mboten sae. Rara kacilakan,. Sak lampahipun dumateng griya sakit piyambakipun tansah nyebut asmanipun mas Mus.

Kaya-kaya bledeg makantar-kantar bola-bali jumeder pas ing sak nduwure sirahku. Kaya-kaya udan deres saknalika ing jeron dadaku. Aku ora kuwawa, ora kuwawa wangsulan utawa mikir maneh.

“Sanjange Rara kepingin kepanggih kalian Mas Mus. Nanging…

“Sakniki Rara..?” pitakonku medhot tembunge mas Anang.

“Badhe pun sareaken mbenjang sonten mas, mboten ketulungan. Kula suwun menawi mas Mus gadhah wekdal sapurih ngrawuhi. Utawi saget ugi ing sanes wekdal.”

"Innalillahi... Rara? Sampun? Mas, saestu menika? Menika kabar leres?

"Inggih mas. Sepuntene, mas Mus saged rawuh?"

"Saged mas, kula saged dugi,”

“Matursuwun mas, sepuntene sing kathah sampun ngrepoti,” pamite mas Anang.

Aku nutul gambar gagang telpun werna abang saperlu medhot omongan. Sumpah, Aku ora kuwawa. Lan tak jarke HPku ucul saka tanganku tumiba ing jogan. Ndingkluk, ndeprok, tak selehke sirahku ing tanganku kang tumempel ing dengul kekarone.

Apa ya kudu kelangan disik kanggo isa ngerteni gedhene tresnaku? Uga kanggo bisa nglunturke gedhene wediku marang wewayangan lan pemikiran ala-ku? Aku lagi ngerti yen tho getun kuwi mesti tibane ana mburi.

Yen tho wong lanang di wenehi siji wektu kanggo ngumbar luh, ya iki wektune, pikirku. Tak jarke luh tumetes, deres kaya udan ing sasi rolas. Ben-na wong alok yen tho lanang kuwi ora ilok menawa neteske luh, ya ben! Sedihku ora karuan.

Kacilakan…!! Prahara Rianawati utawa Rara ora ketulungan!! Sesuk di sarekake…!! Kabeh mau kaya ngimpi. Apa ya mung iki kang kasil ngundang aku supaya teka ing Yogja nemoni dheweke? Geneya ora amarga aku kepingin mratelakake tresnaku? Geneya aku kudu teka saperlu udan tangis? Sambatku marang awakku dhewe. Geneya sing teka dudu khabar utawa layang werna jambon kanthi tenger huruf R lan…mbuh sapa? Geneya aku mung nekani Rara mung saperlu pamer luh?.

Pitakonanku, ora ana kang mangsuli. Mung sepi.

Sepi...
Rara-ku wes ndisiki
Prahara sing wingi gawe esemku saiki wes ditimbali
ngendi tresna sing wingi?
ilang di gawa dedhemit ratri

Anak Wadon


Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang
Keturutan sing di gadang
Biyen nate janji
Ning saiki apa lali…


Ah, tembang kuwi salah, sing bener mana “njur kelingan anak wadon”, kaya dene aku saiki, bantahku ing njero ati. Ewadene uyon-uyon Caping Gunung kuwi mlaku sakdawane tembang, ora mikir atiku kang kroncalan nyoba malik tetembang kuwi.

“Pak, dahar disik tho!” pambengokke bojoku saka pawon.

Kisruhing atiku sanalika mandeg, kelingan yen menawa wektu wis mbrangkang tumuju ing ratri. Ratri kang sejatine dadi tenger tekaning mangsa kabagyan kang wus cumawis, mung gari ngedepi wae. Ratri kang sejatine dadi pratandha tumanceping paku kabudayan luwih jero maneh ing telenging atiku…

Ewadene aku, atiku, ora bisa nyelaki. Kisruh luwih kisruh maneh tinimbang perang kondang kang sesuluk Bharatayudha.

“Paaak…dhahar disik tho!” pambengoke bojoku kaping pindone.

Dosa bakale aku yen tho ora nekani, pikirku. Kanthi ulat sulak peteng aku tumuju pawon. Narik kursi sebanjure mapakke bokong lan nata atiku. Tak coba nguncalke kabeh wewayangan lan pengangen kang kasil ngontran-ontran atiku, nanging wewayangan lan pengangen kuwi mau malah tiba njleber ana ngarep netraku. Saya cetha, ora kasil tak selaki.

“Pak, ana apa tho? Kaya lagi sepisan manggung wae tho pak, kok bingung banget sajakke,” pitakone Sumiati, bojoku, alus.

Iya pancen iki dudu kaping pisane aku manggung karo sewelas yoga liyane, ewadene nembe pisan iki aku ngrasakna ana greget sing seje.

Sabanjure manganku kuwi mung dadi sarana kanggo ngurmati bojoku wae. Ora amerga ora ana rasa, nanging amerga ora isa ngrasakna. Dadi mung saderma mindahke panganan saka piring tumuju ing padaran. Lan Sum sajak ora rena.

“Nek wis rampung dhahare gek ndang ganti klambi Pak, wis jam 7 iki,” kandhane bojoku.

“He eh. Lha jarik e apa wis rampung tho,” pitakonku ganti.

“Lho piye tho? Lha genah wis cumawis ning dhuwur amben kit mau awan ngono kok. Lha pas mlebu kamar mau apa ora priksa tho Pak? Biyuh biyuhh,”

Wanita kang wasis ing sasmita, ya kuwi bojoku, tak sawang kembenan kuciwa. Kawit isuk tumeka ing ratri iki ora ana sawijining tindak-tandukku kang bisa nyranani atine.

"Pak..., aku semono uga. Aku ya kapang karo gendhuk," kandhane karo ndingkluk.

Sajak ora kuwowo, trus dewek e ngedepke gegere marang aku lan mlaku ngadoh. Aku ngerti ana banyu kang tumetes saka netrane. Ah, bejane wong wadon duweni luh, luh kang tumetes isa gawe ati rada lega. Dene wong lanang mung bisa ngendhem ning ati, ewadene yen ora wasis anggone mrenahake isa-isa malah gawe udun semat ing jero dada. Rasane nyogrok senut-senut. Luwih lara maneh ketimbang lara waja.

........

Candrawa sak tampah gedhene cumlorot nyoba madangi wengi. Cahyane ora kasil nandingi srengenge. Nanging cukup kanggo bisa ndeleng semut-semut ireng kang sesingidan ing sela selaning kulit kayu.

Lan uga madangi sak dalan-dalan kang tumuju daleme pak Sukro. Pak Sukro kuwi kalebu punggawa desa, uga sesepuhing desa. Dina iki duwe gawe mantu. Omahe pak Sukro kang biasane rame kuwi saiki samsaya rame. Omah joglo kuwi ora nyukupi nampung mbludake para tamu kang melu mangayubagya. Ana tenda putih loro cacahe kang ngadheg ing ngarep omah, uga janur-janur kuning kang mlengkung njangkepi swasana.

Ewadene ing sisih kiwane omah, ana tenda werna biru kang ngayomi panggung lan gamelan. Netraku nyawang gamelan kuwi tanpa kedhep. Kabeh katon cumlorot amarga anyar. "Kuwi kringete anakmu, tresnane anakmu" kandhaku marang awakku dhewe.

Sanalika aku kaya di uncalake ana sawijining wektu 3 tahun setengah kepungkur, nalikaning Gendhuk pamitan arep budhal menyang PJTKI, penampungan kang bisa nglantarake dheweke tumuju ing negara Cina kang sugih yaiku Hongkong. Ora ana luh kang tumetes saka netrane, uga ora katon gumantung ing pojok netrane. Bedha karo Su, simboke, kang nangis sesenggukan ora karuan suwene. Gendhuk kuwi wanita cilik kang tatag, teteg lan gedhe atine, Srikandhiku. Mangkene kandhane marang aku lan simboke nalika semana: "Pak, Mbok, Gendhuk namung kepingin pados modal, Gendhuk kepingin gesang mandiri mboten gumantung dateng bapak simbok. Menawi tho sampun cekap modal kula, kula mesti wangsul lan ngabekti dhumateng panjenengan kekalih. Lan ugi pak, kula kepingin keturutan ingkang bapak gadhang-gadhang. Mangke tumbas gamelan nggih, kersanipun bapak mboten susah-susah wonten bale dusun ngangge gamelanipun pak lurah. Mangke ngrawit sesarengan kalih kula nggih pak, nggih."

Ah, saiki pancen wes keturutan sing tak gadhang. Nanging rasane durung jangkep manawa tho anak wadon kang tak tresnani ora ana ing kene, ing sakjroning kabagyan iki.

Aku rumangsa keder kang seru, ora mung saka jero atiku nanging uga saka barang cilik ana pangkonku. Handphone kirimane anak wadonku keder makaping-kaping. Ana tulisan "nomer tidak dikenal" ing layar cilik handphone kuwi. Ah, sapa maneh yen dudu saka anak wadonku, pikirku. Tak pencet gambar gagang telpun werna ijo, minangka tandha yen aku sumadiya nrima telpun mau. Aku dadi sumringah, esemku katon, gregeting atiku makantar-kantar. "Anak wadonku telpun," suraking atiku.

“Nduk, wis wayah bengi ngene kok telpun tho, mengko nek konangan ndara-mu piye?” pitakonku rada miris. Wedhi sajroning atiku, yen tho anak wadonku ujug-ujug kepergok dening bendarane.

“Ah mboten kok pak, bos sampun sare sedaya kok.
Pripun pak? Sedaya rak nggih lancar tho?” pitakone Gendhuk sajak kesusu ing wangsulan.

“Iya nduk, alhamdulillah kabeh lancer. Iki lagi arepe di kawiti.”

“Waranggananipun sinten pak?”

“Nyi Suparti saka desa Klapa Duwur.”

“Kok tebih sanget?”

“Lha kan isih kepernah kanca akrabe bapak tho Nduk.”

“Pak…”

“Hemm…”

“Kula bingah sanget. HPnipun bapak pun unekaken ngantos kula tilem nggih pak. Kersanipun kula saget miring suwantenipun gamelan.”

“Mbok aja boros-boros tho Nduk,”

“Alah naming sepindah menika kok Pak.”

“Ya wis, sak karepmu. Lha tapi iki bapak wis arep mulai manjak lho nduk, gak isa ngobrol karo kowe maneh iki.”

“Mboten napa-napa Pak, kula ngertos kok.”

Lan bapa-yoga kang kagubeng rasa bungah kuwi, yaiku aku lan anak wadonku, kapeksa medhot suara. Nanging ati isih raket ngandum rasa bungah ora karuan. Ah, pungkasane anak wadonku ning kene sanadyanna mung suarane, pambengoking atiku.
Tembang mbaka tembang mbayu mili saka suara edi penine Nyi Suparti. Isih ana ing alam pikirku, tak sengguh kaya dene suara edipeni kuwi mau duweke anak wadonku. Gendhuk, anak wadonku, ya pinter nembang, gegadanganing atiku mbesuk mbene bakala dhek e dadi waranggana kang wasis sawerna-wernaning tembang.

Dhek jaman berjuang
Jur kelingan anak wadon
Biyen tak openi ning saiki ana ngendi?
Jarene wis menang
Keturutan sing di gadang
Biyen nate janji ning saiki apa lali….

Ah pungkasane wis ganti…

…………


Jam 9 tet nalikane aku kroncalan mbuang sarungku, ana lampu kelip-kelip ing ndase Handphone-ku, uga keder ping pindo. Tibak e ana sms saka anak wadonku.

Pak kl tilem angler sngt
Kados pun keloni klh
bpk smbk.Dene kl ngimpi
dados waranggana nembang
Uyon2caping gunung.Pak,
Benjang desmbr kl wangsul
kangge selamine. Kl pengin
sesarengan klh bpk smbk
nguri-uri kabudayan jawi.
Pulsa telas,sanes wekdal
kl tlp.Gendhuk.


“Suu….Suu….!” pambengokku seru.
“Anak wadon arepe bali Su, ora sida nambah kontrak. Suu…Suu…anak wadon arep bali Suu……..!!”

----------------------


(Akhirnya........
versi Jawanya ......)

It's not Long Bean alias Dudu Kacang Lanjaran


"Asem!" pisuhku karo mrengut. Lambeku sing maju setengah senti iki malah ketambahan maju nek aku mrengut ngene iki. Yo ben!

Tak uncalke jagung sing wis di selep ana meja cilik ing pawon. Jaman saiki arang ana wong sing nutu jagung. Paling gampang tur cepet yo kuwi di selepke. Jagung di kum banyu sewengi suwene banjur di tus sakdurunge diselepke. Sak banjure di interi, di dhewekke ampas lan jagung lembute. Sing jagung lembut dimasak dadi sega jagung dene ampas jagung kuwi biasane di gawe pakan pitik utawa menthok.

Aku lungguh dheleg-dheleg nimbang tetembungan kang keprungu setengah jam kepungkur.
"Halah wong kacang kuwi ora ninggal lanjaran!" kandhane Lik Yuti karo mendelik lan mencap-mencep nyawang aku.

Lik Yuti kuwi bojone pak Rt, sing omahe mentereng cet-cetan abang ing pinggir desa. Wonge sepantaran karo simbokku umure, duwe anak wedhok kang aran Sari, kancaku SD nalika semana. Lik Yuti kuwi raine bunder kaya semangka, bokonge semok sak tampah gedhene. Nek mlaku pangiraku kaya onde-onde raksasa lagi ngglundung. Ewasemono lambene sing nggedibel kaya kue moho kuwi kebak upas sianida. Nek omong waton omong wae ora ngomong nganggo waton.

"Asem tenan!" bacutku misuh. Jenggirat aku ngadheg, kelingan nek aku dipercaya masak sega jagung dina iki. Sega jagung iki kudu mateng ing sajroning sakjam, kandhaku marang awakku dhewe. Bapak mesti wis luwe merga isuk mau ora sarapan apa-apa. Kopi wae ya ra ngombe merga kesusu niliki sawah sing sewengi ketiban udan gedhe.

Kaya dene jagung selepan kang ana tampah kuwi utekku mubeng, muter, nyoba ngeling-eling wewayangan kang dumadi 22 tahun kepungkur nalikaning aku isih bayi, nanging ora kasil. Nyoba nggatuk-nggatukke kedadeyan kang ana hubungane karo kacang lanjaran utawa longbean kaya sing di karepake dening Lik Yuti kuwi, nanging uga ora kasil. Halah...

"Ndhuk, mengko ngurap yo! Kuwi godhong pohong, godhong luntas, godhong, kates, kacang lan cambah wis cumawis. Klapane nyenggrek o ngarep omah kuwi. Aku tak nyusul bapakmu karo nggawa kopi," welinge simbok karo upyek ngracik kopi.

Oalah dadi wedus maneh! Wingi wis mangan jangan lodeh rembayung, saiki mangan urap gek nganggo sego jagung pisan, lha apa ora sereden, pikirku. Sanajanna ngono ya jik mending, ketimbang biasane nek aku kuliah ning Semarang ki mangane mung karo sega kucing. Sing yen dipangan ki ora ana sepojok e wetengku.

Tanpa wangsulanku simbok mangkat nyusul bapak aneng sawah. Lan aku tanpa suwala masak.Sekabehane mateng jroning sejam setengah. Sega jagung, urap lan lawuhe gereh asin.

Tak tata rantang gawe ngirim bapak. Siji tak iseni sega jagung, siji tak iseni urap karo gereh asin lan sijine maneh bubur jagung sing tak sisiri gula jawa ing dhuwure.
Humm...anak wedhok tenan aku!

Mlaku tanpa sandalan amerga sadalan-dalan lendhut. Ngliwati omahe mas Mus, pacarku sing kuliah bareng aku ing Semarang. Mas Mus kuliah ning Undip ewadene aku ning Akper. Tak lirik setithik omah kuwi, atiku trataban. Gek-gek ketemu karo calon maratuwa. Ah suwung, ora ana uwong, lawang ngarep ya di tutup. Menawa wae lagi kulakan lombok merga calon maratuwaku kuwi juragan lombok.

............

"Dhahar riyin pak!" pambengokku sawise tumeka ana ing sawah.

Bapak katon gagah nganggo caping pring lan suwal komprang dene simbokku uga ora kalah nganggo klambi kebayak lawas sing ditaleni ing ngarep udele. Lelorone katon reged dening lumpur sawah. Galeng sisih kidul jebol, lan bedengan wineh pari kuwi klelepan banyu.

Bapak mentas saka sawah, nyangga pacul aneng pundhak e,simbok tutwuri.

Nyawang kekarone sing rukun ngono kuwi aku rumangsa ayem. Opo ya sekirane mbesuk aku lan mas Mus kaya dene bapak lan simbok, pitakonku marang awakku dewe. Dumadakan tetembungan kang kinucap dening Lik Yuti njedul ing pangangenku. Ndadekake aku kemrungsung sing ora sak pantese. Dene wong loro iki nyimpen wadi, pikirku. Gek pinter men sandiwara ning ngarepku, kaya-kaya ora nate ana barang sawiji kang tau ngganjel ning ati.

Sekirane wae aku duwe aji-aji Legilimency kaya dene Harry Potter mesti wae wis tak cak ne. Ben aku isa mbukak kabeh kang wus dumadi tetahunan kepungkur, ben aku isa maca apa tho sing sakbenere ana ing pikirane wong loro kuwi.

"Legimens!" pambengokku seru tapi ning jero ati. Ora kasil.

"Nyapo tho ndhuk kok dheleg-dheleg wae ki?" pitakone bapak.

"Mboten napa-napa kok pak," sumaurku.

"Iyo kok kit mau tak sawangke sajak seje," sumaute simbok.

Aku meneng. Apa ya patut nek aku prasaja, nakonke samubarang kang wis dumadi tetahunan kepungkur? Apa yo patut nek aku ndedes bapa biyungku? Aku bingung, rasa pengin ngerti ngluwihi sak kabehane nanging rasa wedi, wedi yen tho bakal natoni atine wong tuaku uga ora kalah gedhene.

"Ndhuk, kok kacange mbok gawa rene kabeh tho? Awakmu rak ya ngerti nek bapak ki ra seneng mangan kacang. Lha kacang kuwi kan biasane karemanmu tho ndhuk?" kandhane bapak kanti ulat ora rena.

"Ora pak mangan kacang!" sumaurku sengol. Getun, ora biasane aku ngomong seru karo wong tua. Tapi wis kadung kinucap.

"Biyuh biyuh...isuk-isuk kok wis purik karo kacang tho ndhuk,"

"Pokok e ra pak mangan kacang, wegah!"

"Lho kawit kapan calon perawatku iki ra seneng mangan kacang yo? Jarene kacang kuwi kebak protein sing migunani kanggo salira?" simbokku ngomong karo mesam-mesem.

"Lha kuwi mau to mbok kawit ketemu karo Lik Yuti. Kandhane Lik Yuti ki"kacang kuwi ora ninggal lanjaran" ," sumaurku karo nerokke omongane Lik Yuti.

"Walah-walah, suk maneh ki omongono nek nandur kacang ki aja kacang lanjaran. Kon nandur kacang brol utawa kacang tunggak wae."

Wong loro ngguyu sajak ana sing lucu. Apa sing lucu, pikirku.

"Lha wong kacang sing dikarepake ki sampeyan lho mbok,"

"We lha dalah...lha aku iki kacang? Apa sing di karepake kuwi kacang..."

"Lha jarene aku ki kemayu, keminter, seneng nggodhani liyan kaya kacang ora ninggal lanjaran. Lha nek aku ayu ki yo wis kit mbiyen to mbok, lha nek aku pinter ki yo wis kit mbiyen. Tapi nek di arani kaya kacang kuwi lho aku sing ora trima, apa maneh nggodani liyan,kapan to?"

"Halah uwis sing sabar to nduk, wong kowe dewe rak wis ngerti yen watak wantune Yuti ki kaya kethek. Senengane gawe geger liyan, dhewekke ki gatel nek ora nggegerke liyan,"

"Lha kacang lanjaran?" pitakonku nylengit.

"Lha sing kacang lanjaran ki ya sapa? Aku? Simbokmu iki? Lha kana takonna karo pakmu. Nek aku iki kacang lanjaran apa ra di pegat kit biyen mula,"

"Dudu kacang lanjaran ya mbok? Dadi tenan dudu kacang lanjaran tenan? Dadi Lik Yuti ki mung gawe ontran-ontran thok wae ya mbok?"

"Takon pakmu!" sumaure simbok sajak sumengit.

"Mbokmu kuwi ya ndhuk, wanita sing utama. Paribasan Srikandhi wae isih kalah yen di tandingke karo simbokmu,"

"Halah si Yuti ki paling jik jengkel karo aku, soale den mas Arjuna, ya kuwi bapakmu dadi duwekku. Apa maneh saiki awakmu dadi pacangane Mus, sing mbiyen di gadang-gadang bisa dadi mantune dhek e."

"Dadi bener dudu kacang lanjaran tho? Dudu kacang lanjaran tenan??"

Aku mesem, rumangsa bungah lan lega ing jeroning dadaku. Pungkasane mung kethek elek sing gawe ontran-ontran wae, pungkasane dudu kacang lanjaran, It's not longbean. Hoyeeee!!



Srikandhi Ora Gela


Rasaku wus ngebaki wakul atiku. Dakunggahke dakdhunke, dakunggahke maneh dakdhunke maneh, waleh. Kaya-kaya wus tumeka ing sawijining tuk pepesthen.

Ya wis wong ya karo adhine dhewe, pupusku. Karo maneh Sri isih isa kasawang netra, isih uga isa saba-sinaba.

Dakculke sikile Sri, lelorone tumiba ing jogan, adhiku lan Sri. Luh kang dleweran ora kinira akehe, ngeculake Sri pada karo ngeculake separo uripku.

Aku wong tuwa kang mbalela. Biyen aku nate prasaja, samangsaning jabang bayi Sri isih ana ing sajroning gua garbaku, yen Sri lair bakal dakpasrahake marang Sum, adhiku. Ewadene Sri lair atiku ngembang tresna, munggahe ora lila yen ta bayi kang daklairake kanthi toh-tohan pati kuwi diaku dening liyan.

Iya, pancen bener aku duwe anak akeh. Amarga aku tanah kang subur, dene adhiku tanah kang nela. Tanah subur kuwi tinanemana tanduran mesthi thukule, dene tanah nela mono langka. Aku kaya dene truwelu kang manak branak, reden. Dene Sum, gabug. Prawakan lan pranakane garing sanadyana saben dinane duwe pangan luwih dening cukup.

"Openana Sri kanthi becik. Tresnanana, sekolahna. Dadekna uwong kang wicaksana. Panjalukku, aja nutupi nek aku iki wong tuwane, simboke. Sing nggembol 9 sasi suwene, sing wis nglairake dhek-e, urip pati toh-tohane," kandhaku pungkasane. Luhku isih dleweran.

Sum manthuk tandha sarujuk. Tangan kekarone nyikep Sri kaya-kaya wedhi yen bakal ucul, wedi yen ta aku bakal mbalik ilat.

Saka netrane aku isa maca yen ta dheweke matur nuwun banget sanadyanna tanpa kinucap sawijining ukara. Saka netrane uga aku isa maca menawa dheweke isa dipercaya, mikul tanggung jawab anggulawenthah Sri.

Aku rada lega nyawang netra kang isa dipercaya.

Sikilku tumapak, ninggalake Sum lan Sri . Omah joglo kang dikupeng dening sawah kiwa tengen lan burine kuwi daktinggalake. Ngliwati plataran jembar kanthi kembang werna-werni, ngliwati pager kayu kang dilabur putih gamping, ngliwati omah gedhong magrong-magrong werna biru tuwa, ngliwati bale desa kang kebak ibu-ibu PKK, ngliwati buri omahe Mbah Remik kang nganggo gedheg gelam lan payon godhong jati, isih terus maneh, ngliwati kali cilik uga benthakan ing tengah alas, ndheprok. Ing pojok benthakan kuwi aku mandheg. Luhku wis garing, tapi atiku isih mbanyu.

Uwis-uwis," kandhane swara saka buriku. Njenggirat aku ngadeg. Rasa wedi uga kaget nyawiji.

"Mbah Remik wonten ngriki?" takonku sakwise nyawang praupane uwong kang wis mbantu aku nglairake Sri sesasi kepungkur.

"Iya lagi golek cabe puyang.Uwis lah Nduk, kuwi mono kanggo amrih becike. Ora usah ditangisi, tur maneh janji kuwi padha dene utang kang wajib dibayar. Percayaa karo Sum."

"Inggih Mbah," sumaurku lamat-lamat.

"Balia, jaga sarira. Balung njeromu isih enom."

"Inggih Mbah,"sumaurku maneh.

Atiku rada entheng, ora kemrungsung kaya rong jam kepungkur. Iya, pancen bener Sum kuwi wanita kang bisa dipercaya, jujur lan welas asih. Mesthi tresnane bakal disokake marang Sri.

Bali! Aku isih duwe anak 5 kang kudu dakopeni. Aku isih duwe tanggung jawab gedhe kang kudu dakdhepi. Ben-a Sri ora isa dakkekepi, ora isa dakgulawenthah dhewe nanging saiki aku yakin, aku anteb yen menawa Sum isa ndadekake Sri wanita kang sejati.

Aku mbok ne Sri, kang uga tetenger Srikandhi iki ora gela, ora cuwa, saiki lega.

Anak Wadon

Dek jaman berjuang
jur kelingan anak lanang
biyen tak openi ning saiki ana ngendi
jarene wis menang
keturutan sing digadang
biyen nate janji
ning saiki opo lali....

Ah tembang itu salah, yang benar adalah "jur kelingan anak wadon", seperti halnya diriku pada saat ini, bantahku dalam hati. Namun uyon-uyon caping nggunung itu terus berlanjut, tak mempedulikan diriku yang sedangberbantah kata mengenainya.

"Pak gek mangan disik to!" teriak istriku dari dalam pawon.
Kesibukan hatiku sejenak terhenti, mengingat hari sudah beranjak malam dan sedari pagi kopiku pun kubiarkan dingin begitu saja. Gelisah hatiku tak menentu, kebahagiaan dan kesedihan bercampur seperti halnya nasi rawon yang aku aduk-aduk tanpa perasaan.
"Pak, ada apa to?" tanya istiku lembut.
"Seperti baru sekali ini manggung aja to Pak, kok gelisah banget."
Ya memang bukan kali ini aku manggung bersama sebelas yoga lainnya, tapi baru kali ini aku merasa getaran yang lain. Selanjutnya acara makan itu hanya semacam keterpaksaan saja, demi istriku yang sudah penat lelah menyajikannya untukku.

Baru saja aku selesai makan, Sarmin datang.
"Bonang barus, bonang penerus, saron, slentem, siter, titil, kendang, gambang, gender, klonang, gong, kempul,kenong, ketug,semua sudah dipindahkan ke rumah pak Haji Sukro, Ki," lapor Sarmin padaku.
"Hem, turnuwun," jawabku sambil manggut-manggut.
Sekali lagi hatiku bergetar, perasaan tak menentu kembali menguasaiku. Satu dua kali aku menarik nafas panjang-panjang sekedar untuk menguatkan hatiku sendiri.

"Paak, jarite wis rampung ki," kata istriku sambil menyodorkan jarik baru kiriman dari anak wadonku.

Hemm...anak wadonku, apakah dia merasakan gejolak yang ada di diri bapaknya ini? Apakah dia merasakan kebahagiaan dan rindu ini? Sedang apa dia disana? Sehatkah? Lagi-lagi setiap aku mengenangnya selalu meninggalkanku dengan sekian pertanyaan. Pertanyaan yang wajar dimiliki oleh seorang bapak yang kangen akan anaknya.

"Pak, mboten dangu kok, kula namung pados modal kangge pawitan gesang kula mbenjang. Kula pengin gesang mandiri, mboten tansah gumantung dumateng tiyang asepuh. Mbok bilih to sampun cekap kula badhe wangsul lan ngabekti dumateng panjengan. Pareng nggih pak?" kenangku pada setiap ucapan terakhirnya sebelum keberangkatannya ke negeri beton itu.
Aku merasakan berat di kelopak mataku. Ada yang bergelanyutan disana yang memaksaku untuk jujur kalau aku menginginkan anak wadonku untuk berada disini, setidaknya untuk malam ini,biar kita bisa berkongsi kebahagiaan.

"Pak, kok malah deleg-deleg, gek ndang jaritan to Pak,"
Lagi-lagi istriku membawaku ke alam nyata, menyadarkan aku bahwa pekerjaan menunggu di depanku. Ah sudahlah, aku yakin dia disana pun bahagia,bujukku pada diri sendiri.
Kuraih jarik dan kuterapkannya menutup kakiku. Jarik batik tulis bermotif pakem yang banyak dipengaruhi oleh seni batik kraton Kasunanan Solo itu di buat dengan menggunakan sutra tenun. Warma coklat keemasannya nampak gebyar-gebyar di sorot lampu. Jarik bermotif sama pula dipakai oleh istriku cuma bedanya adalah wiron punyaku lebih besar daripada punya dia.

"Gendhuk pancen pinter milih ya Pak," gumam istriku bangga.
"Anak e sopo?" jawabku dengan nada bangga yang sama.
"Halah wong genah anak kita berdua kok."
Itulah canda pertama dan tawa pertama ku di hari ini.

Setapak demi setapak kami serombongan "Paguyuban Karawitan Lestari Manunggal" berarak menuju Rumah pak Haji Sukro. Anak-anak kecilpun bersorak dan mengelu-elukan kami sampai akhirnya mereka bergabung di belakang rombongan kami. Duh gendhuk, yen kowe ana kene..., desahku lagi.

Pak Haji Sukro punya hajat mantenan hari ini. Rumah Pak Haji yang selalu ramai, hari ini berlipat-lipat ramainya. Rumah joglo itu terbuka lebar di bagian depannya, kursi-kursi dan meja ditata rapi, segala jajanan di gelar diatas meja itu. Ada hiasan janur kuning disana-sini, ada juga dua batang pohon pisang dengan jantungnya yang masih utuh berada di pintu masuk ke rumah itu. Sementara di dalam sana Suryatiningsih duduk berdampingan dengan suaminya yang sudah disyahkan oleh pengadilan agama sejak siang tadi.

"Sugeng rawuh, sugeng rawuh," kata Pak Haji sambil menyalamiku.
"Matursuwun, " jawabku diikuti dengan basa-basi kejawen yang biasa diucapkan untuk memberi ucapan selamat padanya atas pernikahan anaknya itu.

Mataku tertumpu pada seperangkat gamelan, kesemuanya terlihat kilap karena baru. Itulah hasil keringat anakmu, kataku pada diri sendiri. Adalah keinginannya untuk membelikanku seperangkat gamelan itu, kecintaannya pada kesenian jawa sama halnya denganku.

"Pak, kula kirim arta kajeng kula supados bapak pundhuttaken gamelan. Ingkang wonten Bojonegoro meniko lho pak. Wekdal riyin bapak nate prasaja. Kula kepingin keturutan ingkang bapak gadang. Tumbaske nggih pak nggih,"

Ah, sekarang memang keturutan sing tak gadang. Tapi rasanya belum lengkap kalu anak wadon sing tak tresnani tidak berada di sini di waktu bahagia ini.

Aku merasakan sesuatu bergetar, bukan hanya dari hatiku tapi juga dari benda kecil yang berada dipangkonku. Handphone kiriman anakku itu bergetar berkali-kali. Ada tulisan "nomer tidak dikenal" disana. Ah siapa lagi kalau bukan anak wadonku, pikirku. Dengan satu tangan kuraih HP itu, kusentuh tombol hijau tanda aku bersedia untuk menerima panggilan itu. Wajahku mendadak sumringah, senyum segera terbentuk, semangat segera meluap. Anak wadonku telpon, sorakku dalam hati.

Tapi...ha?? Ini sudah malam, sudah jam 11 lewat, yang berarti disana adalah jam 12 lewat. Karena antara Jawa dan negeri beton itu beda satu jam.
"Nduk, bengi-bengi kok telpon, nanti kalau konangan majikanmu gimana?" tanyaku rada miris. Takut kalau-kalau anak kebanggaanku mendadak kepergok oleh majikannya.
"Ah mboten kok Pak, semua sudah tidur," jawabnya.
"Pripun pak? Lancar sedaya to?"
"Iyo nduk, kabeh lancar. Ini baru mau mulai."
"Waranggana ne sinten pak?"
"Nyi Suparti, saka desa Klopo Duwur."
"Kok tebih sanget...
"Lha kan masih teman dekat te Bapak to nduk,"
"Pak...
"Hemm...
"Kula bingah sanget, HP ne saya hidupkan sampai pagi ya pak, biar saya bisa dengar suara gamelanne."
"Mbok jangan boros-boros to nduk,"
"Ah namung sepisan meniko,"
"Yo uwis sak karepmu. Bapak wis arep mulai manjak lho nduk, ga bisa ngobrol-ngobrol sama kamu."
"Mboten nopo nopo kok pak, kula ngertos."
Dan percakapan berhenti disitu. Ah akhirnya anak wadonku disini walau cuma suaranya saja. Hatiku bungah ora karuan
. Tembang demi tembang mengalir dari suara merdu Nyi Suparti. Masih dalam pikiranku membayangkan seolah suara merdu itu berasal dari anak wadonku sendiri. Gendhuk juga pinter nembang mungkin kelak dikemudian hari dia bakal menjadi pesinden yang sejati.

Dek jaman berjuang
jur kelingan anak wadon
biyen tak openi ning saiki ana ngendi
jarene wis menang
keturutan sing digadang
biyen nate janji
ning saiki opo lali....

Ah liriknya sudah ganti,...

.....00......

Jam 9 pagi saat aku terbangun dari tidurku, kulihat ada sebuah sms dari anak wadonku.

Pak, kula tilem angkler sngt
Rasane kados pun keloni klih
bpk simbok. DEne kula ngimpi
dados waranggana nembang uyon2
caping gunung. Pak, benjg
desmbr kula wangsul, kangge
selamine. Kula pengin sesarengn
kalih bapak nguri2 kabudayan
jawi.Pulsa telas sanes wekdal
kula tlp, trisno Gendhuk.


"Suu, Suu!!" teriakku pada istriku.
"Anak wadon arep bali Su, ra sida tambah kontrak. Suu, Suu....
anak wadon arep bali Suu.............