Donga Kanggo Teja Ing Nuswantara

Donya iki awerna teja
Uga werna liya ing antarane
Ora mung ireng lan lelimengan
Kang dadi pawitan sedih angel ketulungan

Ning teja ketlawur mendung
Kang gumujeng lan kedhep netra
memitran kalawan putra kang mbalela
memitran kalawan putra kang polah
memitran kalawan putra kang srakah

Nyebar winih-winih susah
Nuswantara kepradah

Putra kang mbalela, polah lan srakah
dadi dhemite negara
Kang wasis nylamur laku
lan angel kacekel asta
Ewadene jimat palu sekti katindhihan arta

Duh Gusti paringana aji
Kang bisa nyulaki mendung uga dhemit ing Nuswantara
sanalika
mabur tumuju panggonan kang tanpa menungsa
utawa
sirna tanpa ninggal lara

Supaya sepisan maneh
Teja dadi werna-wernaning donya
Sanadyan ora angabehi kelire


1 komentar :

  1. Gambaran situasi sosial yg saat ini sdang terjadi pada bangsa kita ini terangkai dalam sastra jawa yg sangat halus dan indah.
    Sungguh layak untuk dipuji.
    -jp-pada bangsa kita ini terangkai dalam sastra jawa yg sangat halus dan indah.
    Sungguh layak untuk dipuji.
    -jp-

    BalasHapus

Matur suwun wis gelem melu umuk...