Mbaureksane Payaman

Naruto miyaki wengi lan rina, mecaki dalan kang ora semesthine. Dalan kang mung diambah dening titah sebangsane dheweke wae, dudu dalane menungsa. Mengiwa menengen mengkono lakune, sanajan ta mlaku sing sak benere nganggo suku kekaro, nanging mlaku kanggone Naruto seje carane. Weteng lan dadane ngambung lemah, tumempel ing kayu, nyaponi wedi, ngaras klaras uga gegodongan ijo.

Dina iki, lakune kebat kaya padatan. Sipat kaya panah kang disengkakake saka gandhewane. Nerak grumbul mbaka grumbul, nglangi ing kali cilik kang ambane ora ana telung depa, terus jablas mengalor ngetutke ganda menyan lan kembang pitung werna.

Ganda kang gawe atine ayem amerga pratandha menawa ana panganan kang cumawis kanggo dheweke.

Naruto mandheg sauntara, ngulatke papan tetenger kang nuduhake jeneng tlatah kang ana ing sangarepe, ya kuwi desa Payaman. Yen ta mengkono, ateges papan tetenger kuwi kawaca "Desa Payaman".
"Ah, menungsa," ujare Naruto. Ora ana siji-a ukara sing dingerteni dening Naruto.

Naruto neruske lakune. Tumeka ing sawijining pundhen cilik madhep mengetan ing sak cedhake lawang kidul desa Payaman. Pundhen kang sakane sak rengkuhaning pria, pyanne saka kayu jati pilihan kang dicet ijo tuwa kuwi ora nate suwung dening sesaji. Dina iki ana pitik blorok telu cacahe. Naruto bungah. Wes makaping-kaping dheweke entuk panganan tanpa kemringet setetes-a. Menungsa-menungsa ing desa Payaman nguja Naruto ngluwihi Gusti Kang Akarya Jagat.

Pitik-pitik blorok kang tanpa daya amarga sukune diuger nganggo tali rafia kuwi mbengok sakrosane, nyoba mbleber ngendhani papan kang tansah kebak wong-wong syirik saben malem jemuah kliwon kuwi nanging kabotan awak, apa ya ana jamake pitik blorok isa miber?

Naruto age-age nyedhaki bekakak kang ana ing sangarepe, mripate nyawang bekakak kuwi tanpa kedhep. Menawa wae manungsa kuwi bener nalikane ngomongake bab Naruto kang duweni kekuatan ghaib ngedap-edapi, kahanan sepi mamring saknalika. Pitik-pitik blorok banjur ndepipis pasrah. Naruto ngguyu ngakak, rumangsa bungah. Saka lambene ngetokake suara khas, "ssssesssssssssshhhsss" kanthi ilat abang kang melet sak kilan dawane.

"Dancuk ana menungsa!" pisuhe Naruto. Dheweke isa ngrasakke tekane menungsa-menungsa cilik tumuju angkup kuwi. Padatan menungsa-menungsa cilik kuwi teka sakwise Naruto nyeret pitik-pitik blorok kang cumawis mlebu ing rong papan sesingidane.

"Aku luwe banget," aloke menungsa cilik klambi abang.

"Aku ya iya. Mau mbah Surip karo mbah Parjan nggawa tumpeng rene, aku weruh mau," kandhane menungsa cilik klambi ijo.

"Mesthi ana iwak pitik-e, hehehe...," menungsa klambi abang gumuyu nganti ndlewer ilere.

"Iya, mesthi! Ingkung-e di pangan awake dhewe mengko pitik blorok-e ben di pangan karo sing mbaureksa, hehehe...," sumaure menungsa cilik klambi ijo.

Tumekaning bocah cilik kuwi ngrusak pahargyan kang lagi di wiwiti dening Naruto. Sing jenenge Naruto kuwi ora nate lan ora gelem andum berkah marang sapepadhane bangsane, apamaneh karo bangsa "menungsa".

Amarga bangsa menungsa kuwi kang misahake Naruto karo Anggini, kekasihe. Nalika semana ana ing alas Randublatung, Naruto kang lagi kasmaran marang Anggini-lelorone lagi andum asmara. Ujug-ujug wae menungsa kuwi teka. Naruto apadene Anggini kang lagi lena kalah gesit dening salah sawijining piranti kang di gawa dening menungsa-menungsa kuwi. Anggini kecekel, Naruto ngamuk. Nyaut sikile menungsa kang nganggo celana ireng komprang lan nancepake untune sak rosane, ngalirake neurotoxin kang ndadekake menungsa kuwi turu saknalika. Naruto lunga ninggal tatu ing sikile menungsa kuwi lan uga nggawa tatu ing atine amarga kelangan kekasihe, Anggini.

"Menungsa, lunga saka ngarepku!!" printahe Naruto nalika menungsa-menungsa cilik mau wes nyedhak.

Menungsa-menungsa cilik mau mandheg saknalika, ora nggrahira menawa bakal rebutan sesajen karo Naruto.

"Lunga! Aku iki mbaureksane kene!" alok e Naruto.

Dene menungsa cilik mau malah samsaya nyedhaki. Menungsa cilik kang nganggo klambi abang nyaut pitik blorok lan di uncalake marang Naruto. Naruto endha.

"Kuwi bageyanmu! Ingkung kuwi bageyanku!" kandhane mengkono marang Naruto.

"E lha dalah, kowe kok ngadang kala, aku ora arep andum berkah! Kabeh dhuwekku!" Naruto menehi pangancam.

Kobong rasa atine Naruto rumangsa ora diajeni babar pisan. Naruto nyawang matane menungsa cilik kuwi tanpa kedhep, ngethokke kadigdayane mateg aji gendam nanging ora kasil. Mbuh merga menungsa cilik kuwi nduweni tolak balak utawa pancen kadigdayane mung isa ditamakake marang sakpepadhane penguripan sato kewan sebangsane wae, Naruto ora ngerti.

Saya suwe perang kang ora lumrah antarane menungsa cilik karo Naruto saya panas. Naruto melekke mripate waspada, ngetokake siyunge kang kebak upas kang nate gawe turu saklawase menungsa gedhe ing alas Randublatung nalika semana. Ewadene menungsa cilik mau ora nduweni rasa wedi barang sethitik-a. Saya nyedhak sinambi ngranggeh watu kang tumumpuk ing sak cedhake pitik blorok.

"Aja ngganggu mbah Reca!" pambengoke menungsa cilik klambi abang marang menungsa cilik klambi ijo.

Wektu iku uga Naruto kanthi sigap nyedaki menungsa cilik nganggo klambi ijo lan nancepake siunge ana tangane menungsa cilik klambi ijo kuwi. Lan maneh, neurotoxin sing nggegilani kadigdayane minangka aji-aji pungkasaning Naruto metu saka siyunge lan ngalir sakedepan netra tumuju jantung. Ora let sedhela manungsa cilik nganggo klambi ijo kuwi tumungkul ing lemah. mripate merem dapet, turu.

Nyawang kahanan mengkono mau menungsa cilik klambi abang mlayu saknalika. Sakdalan-dalan dhewek e bengok-bengok, ing antarane keweden lan keweden banget.

Naruto enggal nyaut pitik-pitik blorok lan sesingidan ing rong padatane. Dheweke wes ora mraelu maneh marang menungsa cilik klambi abang kang mlayu tumuju desa Payaman apadene menungsa cilik klambi ijo kang turu ora obah babar pisan ing sak cedhake.

"Sarmin di cokot ulaaa!! Sarmin di cokot ulaaa!!" pambengoke menungsa cilik klambi abang.

Geger sak nalika desa Payaman krungu pambengoke menungsa cilik klambi abang kuwi. Menungsa cilik klambi abang saknalika dadi puncere warta, di gruduk pitakonan kang garing segara kidul.

"Ning endi? Kok isa dicokot? Larah-larahe piye?" pitakone menungsa gedhe klambi ireng.

"Ning ngarepe mbah Reca," suamure menungsa cilik klambi abang.

"Sarmin nyekel mbah reca....ana ula...ula nyokot...Sarmin ning kana....ning pundhen...ning ngarepe mbah Reca," sumaure menungsa cilik klambi abang mau karo krenggosan. Mbuh amerga kesusu anggone arep mangsuli pitakonan kuwi utawa amerga wes meh kentekan ambegan amerga mlayu lan bengok-bengok, menungsa cilik klambi abang mau lali nyritakake kedadeyan sing sak benere. Lali nyritakake menawa menungsa cilik klambi ijo lan dheweke tumuju ning pundhen saperlu mangan sesajen ing kana, lali nyritake menawa antarane menungsa cilik klambi ijo lan dheweke perang lawan Naruto saperlu rebutan berkah, rebutan sesajen.

"Kuwi jelmane mbah Reca, sing mbaureksa!" kandane menungsa gedhe klambi ireng.

"sapa? apa?" pitakone menungsa liyane.

"Sing mbaureksa nesu. Mula tho aja ngganggu gawe sing mbaureksa,"

Gremremeng kaya tawon menungsa-menungsa desa Payaman. Sakkabehing menungsa tumuju pundhen cilik ing sakkidule desa. Menungsa gede klambi ireng banjur menehi aba-aba supaya menungsa-menungsa liyane sungkem ing sakngarepe pundhen kuwi. Njaluk pangapura marang kesalahane menungsa cilik klambi ijo kang wes lancang njamah mbah Reca, sakbanjure njikuk menungsa cilik klambi ijo saka jero pundhen.

Awake menungsa cilik klambi ijo kaku ngececeng lan anyep kaya gedebog. Cahyane wis pucet, putih tanpa getih. Menawa wae olehe turu wes kebablasen.

Naruto nyawang gegere menungsa-menungsa mau saka jeron rong-e. Ora mraelu maneh merga lambene wes kesumpelan pitik blorok.

"Oh menungsa...," batine Naruto.

.....................

Katrangan:

Neurotoxin: wisa/upas ula sing ampuh banget
mbah Reca : watu kang di percaya duweni kasekten yang di puja-puja dening warga desa minangka sing mbaureksane


post signature

5 komentar :

  1. pertamaX
    bumi ganjang ganjing langit kelap2 katon oonnggg...!!!

    BalasHapus
  2. Keduax
    Sajak rada horor kiye.hi..hi...

    BalasHapus
  3. Gene pinter boso Prancis awakmu, Mbakyu. Elok tenan.

    BalasHapus
  4. Ruarrr Biasa!! Mantrappp!!! Ini sebuah karya sastra. It's real works. Big works. Bagus!! Jempolku limo ngacung kabeh!!!
    ___________________________________
    Ralat sitik Rie.

    Tembung "...nggrahira..." seharusnya "...nggrahita...".
    ___________________________________
    Ini karya sastra. jadi harus detail. Trims.

    Buat Mastrie, salam kenal. Inilah alamat Blog yang dulu pernah akan saya pakai, ternyata sudah terdaftar. Salam kenal Mastrie, saya Omtri.

    BalasHapus
  5. >>Mbah Koeng, huehehehe...kok malah ndalang ndek omahku tho mbah...
    >>=3=, halahh..ngunu wae kok horor ta
    >>bewe, lhah? eni ta basa prancise kuwi?? hiks...
    >>Omtri, thanks...

    BalasHapus

Matur suwun wis gelem melu umuk...