Rasaku wus ngebaki wakul atiku. Dakunggahke dakdhunke, dakunggahke maneh dakdhunke maneh, waleh. Kaya-kaya wus tumeka ing sawijining tuk pepesthen.
Ya wis wong ya karo adhine dhewe, pupusku. Karo maneh Sri isih isa kasawang netra, isih uga isa saba-sinaba.
Dakculke sikile Sri, lelorone tumiba ing jogan, adhiku lan Sri. Luh kang dleweran ora kinira akehe, ngeculake Sri pada karo ngeculake separo uripku.
Aku wong tuwa kang mbalela. Biyen aku nate prasaja, samangsaning jabang bayi Sri isih ana ing sajroning gua garbaku, yen Sri lair bakal dakpasrahake marang Sum, adhiku. Ewadene Sri lair atiku ngembang tresna, munggahe ora lila yen ta bayi kang daklairake kanthi toh-tohan pati kuwi diaku dening liyan.
Iya, pancen bener aku duwe anak akeh. Amarga aku tanah kang subur, dene adhiku tanah kang nela. Tanah subur kuwi tinanemana tanduran mesthi thukule, dene tanah nela mono langka. Aku kaya dene truwelu kang manak branak, reden. Dene Sum, gabug. Prawakan lan pranakane garing sanadyana saben dinane duwe pangan luwih dening cukup.
"Openana Sri kanthi becik. Tresnanana, sekolahna. Dadekna uwong kang wicaksana. Panjalukku, aja nutupi nek aku iki wong tuwane, simboke. Sing nggembol 9 sasi suwene, sing wis nglairake dhek-e, urip pati toh-tohane," kandhaku pungkasane. Luhku isih dleweran.
Sum manthuk tandha sarujuk. Tangan kekarone nyikep Sri kaya-kaya wedhi yen bakal ucul, wedi yen ta aku bakal mbalik ilat.
Saka netrane aku isa maca yen ta dheweke matur nuwun banget sanadyanna tanpa kinucap sawijining ukara. Saka netrane uga aku isa maca menawa dheweke isa dipercaya, mikul tanggung jawab anggulawenthah Sri.
Aku rada lega nyawang netra kang isa dipercaya.
Sikilku tumapak, ninggalake Sum lan Sri . Omah joglo kang dikupeng dening sawah kiwa tengen lan burine kuwi daktinggalake. Ngliwati plataran jembar kanthi kembang werna-werni, ngliwati pager kayu kang dilabur putih gamping, ngliwati omah gedhong magrong-magrong werna biru tuwa, ngliwati bale desa kang kebak ibu-ibu PKK, ngliwati buri omahe Mbah Remik kang nganggo gedheg gelam lan payon godhong jati, isih terus maneh, ngliwati kali cilik uga benthakan ing tengah alas, ndheprok. Ing pojok benthakan kuwi aku mandheg. Luhku wis garing, tapi atiku isih mbanyu.
Uwis-uwis," kandhane swara saka buriku. Njenggirat aku ngadeg. Rasa wedi uga kaget nyawiji.
"Mbah Remik wonten ngriki?" takonku sakwise nyawang praupane uwong kang wis mbantu aku nglairake Sri sesasi kepungkur.
"Iya lagi golek cabe puyang.Uwis lah Nduk, kuwi mono kanggo amrih becike. Ora usah ditangisi, tur maneh janji kuwi padha dene utang kang wajib dibayar. Percayaa karo Sum."
"Inggih Mbah," sumaurku lamat-lamat.
"Balia, jaga sarira. Balung njeromu isih enom."
"Inggih Mbah,"sumaurku maneh.
Atiku rada entheng, ora kemrungsung kaya rong jam kepungkur. Iya, pancen bener Sum kuwi wanita kang bisa dipercaya, jujur lan welas asih. Mesthi tresnane bakal disokake marang Sri.
Bali! Aku isih duwe anak 5 kang kudu dakopeni. Aku isih duwe tanggung jawab gedhe kang kudu dakdhepi. Ben-a Sri ora isa dakkekepi, ora isa dakgulawenthah dhewe nanging saiki aku yakin, aku anteb yen menawa Sum isa ndadekake Sri wanita kang sejati.
Aku mbok ne Sri, kang uga tetenger Srikandhi iki ora gela, ora cuwa, saiki lega.
siiipp.........
BalasHapusmulih langsung dadi nopelis njawi...
:D
sip.......
BalasHapus-------------------------------------
hanya satu kata yang aku ucapkan untuk komentarku mengenai postingan ini. kalo banyak2 takut di delete...
>>slamet widodo & triyanto,
BalasHapusthanks dah nyempetin baca n ngaseh komen.
>>triyanto, Rie cuma delete komen yg menyimpang dari apa yg Rie posting. No sex komen!! karena aq ga nulis tentang sex, tapi seni menulis.
wah apik tenan
BalasHapuswah apik tenan
BalasHapus