
"Kowe ki mangan apa?" pitakone Nyonyah karo nuding-nuding layah.
Nyonyah bos ujug-ujug wae ana mburiku, blas aku ora krungu suara sandhal nyedhak saking khusukku anggone mangan muluk. Batinku mana ya kaget campur gregeten, kok ora pangerten blas, nganggu gawe wong mangan.
"Genah nek sambel ngene kok Nyah. Kaya ra tau weruh aku mangan sambel wae," sumaurku enteng.
Lambeku isih panggah takjejeli sega sambel terong, ora mraelu nyonyah...