
Ngalamun sak dawane awan nganti surup tumekane wengi, ing ngarepe kothak ajaib kang gebyar-gebyar suminar mblerengke mata. Ujug-ujug wae aku ngrasa lan rumangsa ana kang seje karo awakku dewe, luwih pas-e atiku, ya atiku iki sing seje saikine.
Ing ngarepe kothak ajaib iki aku kerep gregesen. Greges sing dudu amarga lara nanging uga kepetung lara kang edi peni, kabeh mau mbingungi. Apa ya iki sing jenenge lara branta? Apa tenan aku lagi kedanan...