Kesrimpet Prahara

Ngalamun sak dawane awan nganti surup tumekane wengi, ing ngarepe kothak ajaib kang gebyar-gebyar suminar mblerengke mata. Ujug-ujug wae aku ngrasa lan rumangsa ana kang seje karo awakku dewe, luwih pas-e atiku, ya atiku iki sing seje saikine.

Ing ngarepe kothak ajaib iki aku kerep gregesen. Greges sing dudu amarga lara nanging uga kepetung lara kang edi peni, kabeh mau mbingungi. Apa ya iki sing jenenge lara branta? Apa tenan aku lagi kedanan wanita?

Yen iki lara branta, lara amerga aku nembe ngesir tumekane tresna marang sawijining wanita, sumpah aku ora ngerti sangkan paraning tresnaku! Ujug-ujug wae dheweke wes ana ing pangkon atiku. Mbuh amarga anggonku kesuwen nyawang praupane utawa amarga anggonku ngungun marang kawasisane. Kasunyatane, leloro gawe kuwi ndadekake aku kesrimpet ing kahanan sarwa liwung.

post signature


Rara celukane, Prahara Rianawati jeneng jangkepe. Ora patiya ayu, uga ora patiya ala. Rambute ora lurus kaya wanita-wanita ing iklan shampo ngana kae, nanging kriting kanthik nganggo poni uyek. Poni sing semrawut ora ditata rapi. Dhuwure ora kaya potomodel kae, nanging mung 157 cm wae. Irunge ora mblukang semendhe, nanging cilik nyupris sak benik gedhene. Lambene? Oh...lambene ndoweh nanging seksi, apa kae jenenge?? Wong alok jare lambe ngana kuwi kaya bar di cokot tawon, wong landha menehi tenger "bee stung" gedhe ning seksi. Pokok e ing antarane sewu wanita ayu, Rara ora bakal ndadekake kawigaten sak nalika. Gusti Allah seksine, amarga aku uga ing antarane wong-wong kang duweni pemikiran sing padha.

Nanging Rara kuwi elok, Rara kuwi wasis ing babagan liyane. Tulisane sumebar ing saindenging nuswantara lumantar koran-koran utawa majalah. Kapan kae koran Jawa Pos nate ngalembana marang kawasisane. Ketambahan maneh dheweke kuwi tansah sumringah, lembah manah, gampang kekancan.

Yen wes kaya ngono kuwi, njur lanang ngendi kang bisa nyelaki dheweke? Sanadyana ora menang ing rupa nanging Rara menang ing akal lan kepinteran. Lan kuwi luwih dene cukup kanggo bisa ngrontokke atiku.

Sing dadi pitakonan saiki apa ya sumbut menawa aku di jajarake karo Rara? Wanita ngedap-edapi bebasan Srikandhi kuwi? Dene aku iki mung tukang njaga warnet wae, dudu Arjuna. Senadyana warnet kuwi aku dewe sing nduweni lan uga kagolong sing paling gedhe ing kuthoku nanging pangrasaku yen tho di tandingake marang pamor lan kawasisane Rara kok bedane kaya langit lan bumi.

Maneh, lampu ing jeron kothak ajaibku murup byar pet. Lan saknalika aku kaya dene duweni kasektene Raden Gatotkaca isa mabur tanpa suwiwi tumuju ing sacedhake wanita kang kasil gawe gonjang-ganjinge atiku. Saknalika aku krasa nggreges kang ora amarga lara utawa lara kang audubillah endahe.

"Durung tutup warnete tho mas?" pitakone karo nawani webcamme.

Degg!! Tak sawang wanita sing ora patiya ayu iki, dewek e mesem sambi ngucek-ucek mripate. Pandom dawa ing jam beker cilik ing nduwur mejaku nuding angka papat, dene pandom cilik-e ing angka sewelas kliwat sethithik. Pancen wes 15 menit kepungkur aku nutup warnet, nanging aku isih ana ing sakjerone warnet, nunggu. Nunggu Rara? Mboh!

"Mas Mussssssss...,"

"Wes tutup warnete dik, ning aku isih males mulih," sumaurku.

"Lha masalahe ora ana sing diulihi kuwi!" panggodane kanti esem kang tansah ngglibet ing atiku.

"Iya...rung ketemu jodhone. Eh, ketemu siji wae kaya-e kok mokal nek dheweke seneng karo aku. Bedane adoh dik,"

"Ora ana sing mokal ing donya iki mas,"

Ora ana sing mokal ing donya iki?” pitakonku marang awakku dhewe. Apa ora mokal yen Rara seneng karo aku? Apa ora mokal menawa Rara kuwi Jodoku? Apa ora mokal yen tho ana tresna ing Yahoo Messenger? Donya maya kang kebak wewayangan semu. Malah-malah kalamangsa bala kurawa memba dadi pandhawa. Kayadene Burisrawa memba Arjuna , Duryudana memba Yudhistira utawa Sengkuni memba Sembadra?

“BUZZ!!” Rara ngagetke aku, ngocar-acir lelamunanku.

PLAK!! Kaya ana sandal di uncalke pipiku. Saknalika aku jumbul, kaget, jenggirat 7 senti dhuwure.

“Kok meneng wae, nyawang apa mas?” pitakone Rara.

“Deleg-deleg nyawang lambemu,” sumaurku sembrana.

“Lha wong lambe ndoweh wae kok di sawang. Aku off sik ya mas, wes ngantuk. Iki mau mung saperlu niliki sampeyan thok. Mbok menawa wae durung bali," kandhane karo mesem sajak isin uga mangu-mangu.

Atiku surak-surak bungah. Sanadyana omonge dheweke kuwi mau mung goroh paribasane, nanging wes kasil gawe bungahing atiku. Meh wae aku nulis kaya mengkene: "Aku ya mung nunggu sliramu kok dik," nanging drijiku abot banget arep nutul keyboard saperlu nulisake ukara-ukara mau. Pungkasane mung tulisan: OK sing kawetu. Semprul tenan aku iki! Lanang apa aku iki?!!

“Mas…”

“Lho jare arep off?” pitakonku gumun.

“2 minggu iki aku ora Online ya. Aja di goleki,”

“Lha arep menyang ngendi?”

“Arep sowan simbah, ning Malang,”

“Lha wong mung ning Malang wae kok pamite kaya arep mangkat kaji,” godaku.

“Mengko gek di goleki? Lha aku iki khan ngangeni tho mas, hehehe…”

Pancen bener. Ora salah babar pisan. Sedina ora ketemu wae rasane ora karuan, apa maneh 2 minggu. Mesthi wae kangenne tikel 14!!

“Mampir Semarang ya?” pitakonku maneh.

“Lha mbok sampeyan kuwi dolan Yogja kene,” sumaure semengit.

“Ya mengko nek kangen tak tilpun dirimu,” kandhaku tak wanek-wanekke.

“Tenan yo mas. Aku off dhisik iki, suwun ya!”

Waduh biyuuuuuuuuungg!! Rong minggu!! Pat belas dina!! Pat likur jam ping pat belas!! Suwe temennn!! Ngitung dina rasane kaya ngitung wedi sak gegem akehe, suwe tur njlingut. Sanajana warnet tansah kebak uwang nanging atiku kok ora sreg banget. Ewadene siji sms wae aku ora wani ngirim marang Rara, apamaneh tilpun.

'''''''''''

Pungkasane, dina iki Rara bali saka Malang, berarti sesuk wes isa ketemu maneh karo dheweke ing donya maya. Meh wae aku ngirim sms kanggo Rara saperlu nakonake pawartane nanging ujug-ujug wae HP ku muni lan byar pet lampune pratanda ana uwong kang nilpun aku. Ana jeneng kang tak apal ing alam sadar lan impenku. Rara! Rara nilpun aku? Lha kok njanur gunung kadingaren banget.

“Mas Mus,” suara serak-e wong wadon saka jeron HP ku sak nalika sak durunge aku menehi salam. Apa iki suarane Rara?

“Dik Rara piye khabare?” pitakonku karo ati trataban lan tangan ogel.

“Kula sanes Rara, kula mbak yune,” sumaure wong wadon kuwi sing sabanjure sesenggukan.

Ana suara lanang kang sabanjure ngganteni suarane wong wadon mau. “Kene Sul, aku wae sing ngomong,” kandhane suara lanang kuwi. Ana apa iki? Apa kang kedadeyan? Ngendi Rara?

“Mas Mus, kula Anang kangmase Rara. Sing estri wau Suli adhik kula, nggih mabkyune Rara,” kandhane. Lamat-lamat keprungu suara wong tetangisan. Aku samsaya bingung. Ana apa iki?

“Kula Mustamir rencange Rara. Wonten kawigatosan menama mas? Lha Rara wonten pundi? Sampun wangsul Yogja tho?” pitakonku.

“Anu mas, sepuntene. Wonten kabar mboten sae. Rara kacilakan,. Sak lampahipun dumateng griya sakit piyambakipun tansah nyebut asmanipun mas Mus.

Kaya-kaya bledeg makantar-kantar bola-bali jumeder pas ing sak nduwure sirahku. Kaya-kaya udan deres saknalika ing jeron dadaku. Aku ora kuwawa, ora kuwawa wangsulan utawa mikir maneh.

“Sanjange Rara kepingin kepanggih kalian Mas Mus. Nanging…

“Sakniki Rara..?” pitakonku medhot tembunge mas Anang.

“Badhe pun sareaken mbenjang sonten mas, mboten ketulungan. Kula suwun menawi mas Mus gadhah wekdal sapurih ngrawuhi. Utawi saget ugi ing sanes wekdal.”

"Innalillahi... Rara? Sampun? Mas, saestu menika? Menika kabar leres?

"Inggih mas. Sepuntene, mas Mus saged rawuh?"

"Saged mas, kula saged dugi,”

“Matursuwun mas, sepuntene sing kathah sampun ngrepoti,” pamite mas Anang.

Aku nutul gambar gagang telpun werna abang saperlu medhot omongan. Sumpah, Aku ora kuwawa. Lan tak jarke HPku ucul saka tanganku tumiba ing jogan. Ndingkluk, ndeprok, tak selehke sirahku ing tanganku kang tumempel ing dengul kekarone.

Apa ya kudu kelangan disik kanggo isa ngerteni gedhene tresnaku? Uga kanggo bisa nglunturke gedhene wediku marang wewayangan lan pemikiran ala-ku? Aku lagi ngerti yen tho getun kuwi mesti tibane ana mburi.

Yen tho wong lanang di wenehi siji wektu kanggo ngumbar luh, ya iki wektune, pikirku. Tak jarke luh tumetes, deres kaya udan ing sasi rolas. Ben-na wong alok yen tho lanang kuwi ora ilok menawa neteske luh, ya ben! Sedihku ora karuan.

Kacilakan…!! Prahara Rianawati utawa Rara ora ketulungan!! Sesuk di sarekake…!! Kabeh mau kaya ngimpi. Apa ya mung iki kang kasil ngundang aku supaya teka ing Yogja nemoni dheweke? Geneya ora amarga aku kepingin mratelakake tresnaku? Geneya aku kudu teka saperlu udan tangis? Sambatku marang awakku dhewe. Geneya sing teka dudu khabar utawa layang werna jambon kanthi tenger huruf R lan…mbuh sapa? Geneya aku mung nekani Rara mung saperlu pamer luh?.

Pitakonanku, ora ana kang mangsuli. Mung sepi.

Sepi...
Rara-ku wes ndisiki
Prahara sing wingi gawe esemku saiki wes ditimbali
ngendi tresna sing wingi?
ilang di gawa dedhemit ratri

16 komentar :

  1. ijinkan aku mengenal Prahara Rianawati.....

    BalasHapus
  2. Innalillahi.....
    Selamat jalan Rara... Namamu benar-benar menjadi prahara bagi Mustamir. Ya, prahara adalah bahasa jawa yang artinya hujan badai mendung kelabu.

    ".....Yen tho wong lanang di wenehi siji wektu kanggo ngumbar luh, ya iki wektune, pikirku." Semono ugo aku Mus, luhku tumetes banjur mbrebes mili koyodene opo kang ko rasaake. Opo dadine yen kahanan kaya mengkono mau dadi aku kang nandang? Ora bakal kuwawa aku...

    ___________________________________
    Buat Penulisnya, saya kasih nilai 100+PPn 10% Ruarr Biasaa...

    Tapi ada yang perlu diralat kayake...

    "....Rara! Rara nilpun aku? Lha kok mbalung janur kadingaren banget...."
    Yang benar Njanur Gunung. Kalau Mbalung Janur itu artinya "ngusadani" atau mengobati. kalu Njanur Gunung artinya Kadingaren atau Tumben. Trims. Keep Posting. Keep Njawani

    BalasHapus
  3. agak bingung bacanya mbak..ada yang gk nerti bahasanya,,,hheeee
    NICE POST..

    BalasHapus
  4. Hello there my friend! I found your blog very interesting so I have added your link in my Blogroll. I hope you'll link me back. Have a nice day! http://hapiblogging.blogspot.com/

    BalasHapus
  5. >> Nirmana, sudah kenal lewat tulisan Rie khan? hehehe...
    >>Omtri, thanks ya, suwun banget.
    >>Ikhsan, dudu aku lho...kuwi khan crikak/crita cekak wae.
    >>Ki Ageng Pamanjaran, nyuwan wulang wurukipun pak Kyai...
    >>Anita Mui, wong medan ya?wkwkwk..gak njawani tenan dirimu kih, hehhe...
    >>Hapi...O...O...

    BalasHapus
  6. Hi! Care to x-link? I have added you already in my list. Have a nice day! http://carlos-ideas.blogspot.com

    BalasHapus
  7. wow...kula angkat jempol sekwanipun kagem mbak Riri , kados maos cerpen saking jayabaya .TOP Bgt .Terasaken nggih mbak .matursuwun .

    BalasHapus
  8. Submit your Blog to our Newest PR 3 Web Directory for Bloggers. Visit KeywordDir.info

    BalasHapus
  9. Submit your Blog to our Newest PR 3 Web Directory for Bloggers. Visit KeywordDir.info

    BalasHapus
  10. pengen koment nggak fasih basa jawa,..maaf ya...!!

    BalasHapus
  11. Mantap bahasanya.. ooh prahara semoga jauh dariku

    BalasHapus
  12. wah... mantab, aku wong jowo tp nek boso jowo tingkat advance koyok ngene yo teuteub roaming jg :)

    salam dr Padang

    BalasHapus
  13. >>mas pram, mas...mosok jempol sikil barang? mambu nuh...

    >>brigaspad, gpp makasih juga

    >>baka kelana, makasih

    >>titored, happy roaming, hehehe...

    BalasHapus

Matur suwun wis gelem melu umuk...