Sega Sambel Terong

"Kowe ki mangan apa?" pitakone Nyonyah karo nuding-nuding layah.











Nyonyah bos ujug-ujug wae ana mburiku, blas aku ora krungu suara sandhal nyedhak saking khusukku anggone mangan muluk. Batinku mana ya kaget campur gregeten, kok ora pangerten blas, nganggu gawe wong mangan.

"Genah nek sambel ngene kok Nyah. Kaya ra tau weruh aku mangan sambel wae," sumaurku enteng.

Lambeku isih panggah takjejeli sega sambel terong, ora mraelu nyonyah sing pasuryane katon seje kathik nganggo mengkirik pisan. "Ya benne, wong aku luwe," pikirku.

Wis jam 10 bengi, gaweyan durung rampung. Panci, piring, wajan, isih jejer-jejer antri, durung takkorahi. Wetengku jan luwe tenan, kawit esuk mung klebon gorengan thok. Iku wae olehku mangan karo kesusu, selak momonganku mulih seka sekolah. Nek konangan sida cilaka tenan, rebutan gorengan. Najan anak Cina ning momonganku kuwi kalebu dremban, panganan apa wae, apa maneh gorengan, ya doyan wae.

"Lha steak wedhus mau rak ya isih ta? Wong kok olehe ora nrimakna bendara. Aku iki kurang apik piye he? Rumangsaku nek karo panganan aku ki ra tau nglarang kowe mangan," kandhane Nyonyah karo mecucu.

"Wegah marai penyakit Nyah. Mengko gek sesuk mbok titik, rak tiwas ra dadi daging," sumaurku.

"Gundhulmu kuwi!" sumaure Nyonyah karo lunga.

20 komentar :

  1. whuiihh.. penampakan itu sambel sudah pasti enak, Rie.. tapi bundo belum pernah makan pake lalap terong ungu mentah.. biasanya terong digoreng.

    BalasHapus
  2. huehehe terong emang enak :)
    eh, tapi aku ga ngerti artinya mbak, bahasa daerah.. ehehe

    BalasHapus
  3. Makanan favoritku nduk.
    Sego anget, sambel terong, ikan peda plus ayam goreng dah cukup

    Salam hanagat dari Surabaya

    BalasHapus
  4. Hieiiee andai saya bisa sedikit mengerti Bahasa Jawa tentu saya tidak mengalami kesulitan untuk mengerti postingan mba tentang Sego Sambel Terong hihiihihiihihihi.

    Saya taunya cuma Terong aja. Namun itu juga tidak banyak karena masih belum keterima sama perut hiheiheie. Kalau sayur Oyong saya suka sekali hiehiheiheiheie

    BalasHapus
  5. **buat semua...makasih dah mampir dan meninggalkan jejaknya. Waduh maaf kalau pada roaming, lhah ini mah blog gado-gado gitu...

    BalasHapus
  6. nek Bahasa Honkong e Gundul mu kuwi apa mbak? :D

    BalasHapus
  7. ono terasi barang to nang kono?? opo nyangu tekan Indonesia??

    BalasHapus
  8. Aku ta seneng terong. Tapi, nek sambel terasi nggo lalapan aku seneng. Sedep!

    BalasHapus
  9. mbok yo nyonyahe dijak makan sambel terong pisan... ben seneng lan bahagia, gak mecucu maneh.. :)

    BalasHapus
  10. Paling2 Nyonyahe ra niteni Mbak...
    Tapi embuh ding.

    BalasHapus
  11. sego sambel, kirimin mbak kerumah. hehehe, mantap tenan mangan sego sambel terong, pokoke nek wes madep sego sambel wes gak gelem diganggu gugat opomaneh mangane karo lesehan terus muluk pisan. hmmm.....

    BalasHapus
  12. nganggo boso jowo ben ora konangan Nyonyah? gkgkgkgk
    kangen aku mbak karo tulisanmu, makanya tak mampir :)

    BalasHapus
  13. salam kenal adja buat mbak rie-rie d hk,.jo pedes2 mb nek gawe sambel bkin pingin yg lain

    BalasHapus
  14. kalau terong mentah yg bulet itu aq doyan mba rie, tp yg ungu ini enaknya digoreng balado

    BalasHapus
  15. Jangan terong pancen uenak dipecel, digawe lalapan campur sambel. makcus uenake mbak brow.
    www.binauralbeats.co.id

    BalasHapus
  16. hahahaha... disauri to mbak.
    nyonyah : gundulmu
    sauri wae : gundulmu dewe :p

    BalasHapus

Matur suwun wis gelem melu umuk...