Golek Kiblat Ing Negara Cina


Isih ana suara adzan kang keprungu senajan tho lamat-lamat. Ora nganggo loudspeaker utawa pengeras suara kang di pasang ana cagak-cagak dhuwur kaya dene kang ana ing Indonesia. Ewadene suara adzan kang mung lamat-lamat kuwi wes kasil gawe greget kang padha. Kanggo nyatuhu ati lan jiwa sowan marang Gusti Kang Akarya Jagad, Allah SWT.
Hongkong papane, negara Cina kang wes kaya dene omah nomer loro dening saperanganing warga Indonesia kang golek rejeki ing kana kuwi ora luput saka suara adzan.
Apamaneh ing sasi iki, sasi ramadhan. Kaya-kaya kangen marang Gusti makaping-kaping tikele.

Ikhlas, Tatag, Teteg, Sabar

Akeh cerita kang bisa gawe tuladha kepriye carane para Tenaga Kerja Wanita-Hong Kong(TKW-HK) mangayubagya tekane sasi pasa.

Tiwi, TKW-HK asal Malang kang wes 14 tahun lawase ning Hongkong iki salah sijine. Suwene 14 tahun kerja ning Hong Kong, mung sepisan wae Tiwi(48 th) bali Indonesia saperlu ngrayakke pasa lan lebaran 6 tahun kepungkur. Kerja karo majikan loro sing duweni hubungan keluarga besar(sak marga) ning Peak-Central, Tiwi rumangsa beja. Beja dene majikane menehi ijin kanggo sholat uga pasa. Luwih bejane yen wayah buka biasane kabeh pembantu sak keluarga besare majikane nglumpuk.

“Sak dunge yo kangen karo anak, apa maneh nek pas wayah sahur ngana kae. Biasane nek ning omah aku masak kanggo anak lan bojoku. Biasane isa krungu swarane wong padha kothekan, kliling desa kanggo nangekake wong sing arep sahur. Nanging piye maneh, abot-abote aku pengin nyekolahke anakku, ya dilakoni wae kanthi ikhlas,” jare Tiwi.

Duweni gegadangan supaya bisa nyekolahke anak lanang siji-sijine nganti tekan universitas kuwi pancen abot. Abot ing ragat uga abot ing rasa. Miturut Tiwi, mokal yen tho mung kerja ning Indonesia wae nganti bisa nyekolahke anak, amarga Tiwi lan bojone kuwi mung tani utun. Niate Tiwi nguliahke anakke kaya-kaya wes bakal antuk asil, dene anake sedela maneh bakal di wisuda saka Universitas Muhammadiyah Malang.

Seje maneh karo Chamidah(24 th), asal Kaliwungu-Semarang kang wes kerja ning Hongkong 4 tahun suwene iki. Majikane kang meneng pitik angkrem kuwi ora ngijini dheweke sholat apadene pasa. Jarene wedi nek ngganggu kerjane.
“Halah, ora entuk terang-terangan ya nglimpe, singidan, asal aja konangan wae. Nek konangan isa di gebyah wejangan 3 dina ra rampung-rampung. Kudu sabar nduweni majikan kaya ngono kuwi,” ujare Chamidah.

“Ya abot-abote duwe adhi akeh gek lanang-lanang pisan. Aku khan ya pengin adhi-adhiku isa sekolah. Kamangka bapak ibuku wes sepuh, dadi aku kerja ben isa ngrewangi bebanne wong tuwa ngono lho. Nek pasa ning negarane uwong kuwi aku wes biasa, ya anggere tatag, teteg lan sabar wae,” ujare Chamidah kang duwe adhi 4 lanang kabeh kuwi.

Kekarone, Tiwi apadene Chamidah kang rumangsa duweni tanggung jawab kang gedhe marang anak, adhi lan wong tuwane, kapeksa mendem jero rasa kangenne marang keluarga. Lan nglakoni sakabehing coban urip ing Hong Kong kanthi ikhlas, tatag, teteg lan sabar.

Jadwal Pasa
Yen pasa ing Hongkong kuwi dudu warta kang mokal, terus sekirane piye carane para TKW-HK kuwi bisa ngerti kapan wayah pasa, buka, sahur utawa imsak? Ing kamangka adoh saka Indonesia, adoh saka para ulama lan ustad?

Kiblat kuwi ning endi-endi ana, ora mung ing Arab lan ing Indonesia wae. Islamic Union of Hongkong minangka gabungan saka sakabehe muslim kang ana ing Hong Kong biasane kang dadi panutan TKW-HK ngerteni kapan wayah pasa, buka, sahur lan imsak. Senajan tho ora di selaki, yen tho saperangan isih manut marang panutan NU lan Muhammadiyah saka Indonesia.

Pondhok Ramadhan

Akeh cara supaya luwih kusuk anggone sholat utawa pasa. Yen tho ning omahe majikan kadang-kadang isih nganggo aji-aji nyolong wektu, supaya bisa nglakoni sholat lan pasa, ing wektu libur(biasane para TKW-HK libur saben dina sabtu utawa minggu) isa di gawe kanggo ketemu karo kabeh kancane.

Ana sing ketemu ing masjid-masjid kaya dene masjid Al-Falah ing KJRI Hong Kong, masjid Ammar ing Wanchai, Masjid Kowloon ing Kowloon, masjid Jamia ing Central, masjid Cape-Collinson ing Chai Wan, masjid Stanley Prison ing Stanley utawa ing Persatuan Dakwah Victoria(PDV) Training Center ing Causewaybay. Malah ketemu ning taman Victoria-Causewaybay, ing ngisor jembatan layang-Causewaybay utawa ing emperan toko mana wes kalebu sesawangan kang lumrah.

Nglumpuk sak kanca-kancane kang mesti wae miturut marang lembaga utawa kelompok keagamaan(islam) kang di dhegake dening para TKW-HK kuwi biasane di enggo gawe ngaji, tadarus, dzikir, sholawatan, ngrungokake ceramah utawa diskusi bareng-bareng.

PDV minangka ibu saka lembaga-lembaga islam utawa kelompok keagamaan sing di dhegake dening para TKW kuwi minangka penggerak lan pamrakarsa sekaligus pengawas meh sakabehing kegiatan keislaman TKW-HK.

Mligine ing sasi pasa tahun iki, ana tambahan kegiatan kaya dene lomba kutbah, qiro’, cerdas cermat. Sing di rangkum ing sajroning kegiatan sasi pasa kang diwenehi tenger “Pondhok Romadhan”.

Pondhok Ramadhan kuwi di anakake sakwise jam 2. Ana diskusi lan ceramah kang disusun kanthi becik lan bedha tema ne ing saben minggune. Ing sajroning 4 minggu kuwi, tema ing saben pertemuanne yakuwi; fiqh, tauhid, hadist lan akidah akhlaq.
Kala mangsa saka KJRI utawa dene saka lembaga-lembaga islam ngundang ustad saka Indonesia, saperlu aweh wejangan, ceramah, pengajian ing sasi pasa kuwi. Malah kala mangsa uga ngundang artis kondang barang.

Sesawangan para TKW-HK kang nganakake buka bareng-bareng kuwi gawe ati temresep kaya dene kesiram banyu es sak gentong akehe. Apa maneh nalikane para TKW-HK kuwi bebarengan sholat magrib, sholat isya’ lan sholat tarawih, rasane sesawangan mau ora beda adoh karo sesawangan ing Indonesia. Malah-malah isa di ujarke yen luwih gedhe maknane. Dene adoh paran, ing papan kang kebak maneka werna gebyar kang gampang wae mlesetke dalan marang kanistan lan dosa, para TKW-HK(saperangan) kuwi isih eling marang kang gawe urip.

ZIS(Zakat, Infaq, Sodaqah)

Minangka jangkeping kewajiban ing sasi pasa iki, mesti wae ora kelalen karo sing jenenge zakat. Zakat dening para TKW-HK biasane dikumpulke dadi siji. Trus dikirimke ning amil Indonesia. Lan minangka bukti yen tho zakat utawa infaq lan sodaqoh kang wes di klumpukke mau tiba ing tanganing wong kang samestine, amil zakat, infaq lan sodaqoh kuwi menehi datane. Kang nuduhake marang sapa wae zakat kuwi mau disalurke.

Tutug

Tutuge Ramadhan ya kuwi ing dina kemenangan, Idhul Fitri. Yen tho pasa di kawiti tanggal 1 September berarti suk tanggal 1 Oktober bakal dadi badhane/lebaranne. Lan ndelalah tanggal 1 Oktober kuwi kalebu tanggal abang kanggo para TKW-HK.
Kaya dene 4 tahun kepungkur, sholat idhul fitri kang tumiba ing dina libure para TKW kuwi mestine bakal kebanjiran menungsa. Dene sing dadi pranatacara sholat Idhul Fitri ya kuwi KJRI.

Werna-wernaning para TKW-HK ora bisa diselaki, isih akeh kang ngumbar nafsu marang sapepadane wanita utawa kang junjung dhuwur pergaulan bebas, ewadene ora setithik kirane sing isih eling, sing isih ikhlas, tatag, teteg, lan sabar marang sakabehing coban urip Lan mestine, becik setitik waton apik mesti ora di tampik, utamane karo Gusti Kang Maha Ngerti.
------------------------------------

Foto dijupuk saka tahun 2007 sasi kang padha
foto1: Hadad Alwi menehi ceramah
foto2: PDV lagi rembug bareng(24/8/'08)
Foto3: Sholat Id tahun 2007

mung kepingin andum warta, muga2 bisa gawe tetimbangan.
amarga wes kadung ala kuwi tumempel kaya dene cap ing bathuke para TKW-HK.
di gebyah uyah lan di padha-padhakke sakkabehane, mung amarga ana sing lali marang Gustine, astagfirullah...


6 komentar :

  1. mugo-mugo anggonmu ngrayakake riyaya taun iki iso maringi rasa kamenangan mungguhing awakmu rie, taun ngarep lan sateruse tak dongakake anggonmu ngayahi jejibahan ngibadah dadi lan khusuke. amiin. semono ugo kaslametan lan karaharjan tak dongakake supoyo iso ngancani rino lan wengimu....

    ojo lali zakat fitrah, nelpon bapak karo simbok...

    salamku kanggo kanca-kancamu ing hongkong...

    BalasHapus
  2. wah...jadi terharu Mbak...
    ngmg2..besok mo shalat Idul Adlha dimana nih???

    BalasHapus
  3. yu, muga2 dulur2 ing hongkong tansah pinayungan dumateng ngarsanipun gusti kang murbeng dumadi.....
    minal aidin yu....

    ***salaman****

    BalasHapus
  4. islam akan tampak regenge ing sasi poso lan idul fitri....itulah nikmat yg pantas utk kita syukuri. bukankah tidak ada dari agama manapun yg bisa menyamai rayanya, ramainya, indahnya hari keagamaan selain islam.
    smoga...suasana religius di HK-bisa menarik orang2 pribumi utk mengenal islam.

    BalasHapus
  5. >>omtri, amiinnn...matur sewu gunging panuwun kangmas...

    >>Jovie, lhah? kok idul adha??

    >>slamet widodo, amiinnn..maturnuwun kang. Minal aidin uga ya, ya, ya...

    >>nirmana, alhamdulillah...semuga saja begitu.

    BalasHapus
  6. yombak aku kepingin lewat iki perantara,mugo2 biso ketemu sedulorku wadon sing lagi dadi tkw tapi raweruh imel kode kontake,tulong sapek no karo konco2 peanyo!/dely

    BalasHapus

Matur suwun wis gelem melu umuk...